Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Daftar Istilah Alkitab

A B C D E F G H I J K L M N O P R S T U W Y Z

A

  • Ab.

    Jeneng sasi ke-5 ing kalènder agama Yahudi lan sasi ke-11 ing kalènder umum Yahudi. Jeneng iki digunakké sakwisé wong Yahudi dibébaské saka Babilon. Sasi iki dimulai saka pertengahan Juli nganti pertengahan Agustus. Jeneng sasi iki ora disebutké ing Alkitab, ning mung disebut ”sasi kelima”. (Wi 33:38; Ézr 7:9)—Deloken Lamp. B15.

  • Abdiné jemaat.

    Saka kata Yunani diakonos, sing kerep diterjemahké dadi ”pelayan” utawa ”abdi”. ”Abdiné jemaat” maksudé wong sing nglayani ing jemaat lan tugasé mbantu badan pinituwa. Bèn isa éntuk tugas pelayanan iki, wong lanang Kristen kudu netepi syarat-syarat sing ana ing Alkitab.​—1Tim 3:8-10, 12.

  • Abib.

    Jeneng asli kanggo sasi pertama ing kalènder agama Yahudi lan sasi ke-7 ing kalènder umum Yahudi. Jeneng iki artiné ”Biji-bijian Ijo”. Sasi iki dimulai saka pertengahan Maret nganti pertengahan April. Sakwisé wong Yahudi dibébaské saka Babilon, sasi iki disebut Nisan. (PT 16:1)—Deloken Lamp. B15.

  • Adar.

    Jeneng sasi ke-12 ing kalènder agama Yahudi lan sasi ke-6 ing kalènder umum Yahudi. Jeneng iki digunakké sakwisé wong Yahudi dibébaské saka Babilon. Sasi iki dimulai saka pertengahan Februari nganti pertengahan Maret. (Èst 3:7)—Deloken Lamp. B15.

  • Ahli ilmu bintang.

    Wong sing ngamati posisiné matahari, bulan, lan bintang kanggo ngramal masa depan.​—Dan 2:27; Mat 2:1.

  • Ahli Taurat.

    Penyalin Kitab-Kitab Ibrani. Wektu Yésus ana ing bumi, istilah kuwi maksudé wong-wong lanang sing sinau Hukum Musa. Wong-wong kuwi nglawan Yésus.—Ézr 7:6; Mrk 12:38, 39; 14:1.

  • Akhaya.

    Jenengé salah siji provinsi ing Romawi sing disebutké ing Kitab-Kitab Yunani Kristen. Akhaya kuwi ana ing sisih kidulé Yunani, lan ibu kotané yaiku Korintus. (Kis 18:12)—Deloken Lamp. B13.

  • Akhir jaman.

    Istilah iki lan istilah sing padha, misalé ”dina-dina terakhir”, digunakké ing ramalané Alkitab kanggo nduduhké wektu lan peristiwa-peristiwa sing kelakon dhisik sakdurungé Gusti Allah nindakké penghukumané. (Yèh 38:16; Dan 10:14; Kis 2:17) Bergantung karo ramalané, akhir jaman kuwi isa kelakon pirang-pirang taun utawa malah luwih. Istilah iki khususé digunakké ing Alkitab kanggo nduduhké ”akhir” saka jaman saiki, sing padha karo wektuné Yésus bali.​—2Tim 3:1; Yak 5:3; 2Ptr 3:3.

  • Akhir sistem donya.

    Iki kelakon sakdurungé jaman utawa keadaan sing dikuwasani Sétan bener-bener berakhir. Iki kelakon bareng karo baliné Yésus. Nurut arahané Yésus, para malaékat bakal ”misahké wong sing jahat saka wong sing bener”, lan wong sing jahat kuwi bakal ditumpes. (Mat 13:40-42, 49, ctn.) Murid-muridé Yésus péngin ngerti kapan ”akhir” kuwi bakal kelakon. (Mat 24:3, ctn.) Sakdurungé bali menyang swarga, Yésus janji marang murid-muridé nèk dhèwèké bakal terus ngancani murid-muridé nganti akhir sistem ndonya.​—Mat 28:20, ctn.

  • Alabaster.

    Jeneng botol cilik saka watu kanggo wadhah minyak wangi. Watu sing dienggo nggawé botol kuwi asalé saka dhaérah cedhak Alabastron, Mesir. Biasané, bagéan ndhuwuré botol kuwi luwih cilik lan isa ditutup supaya minyak wangi larang sing ana ing njeroné ora wutah. Watu sing digunakké kanggo nggawé botol kuwi ya disebut alabaster.​—Mrk 14:3, ctn.

  •  Alamot.

    Istilah musik sing artiné ”Para Prawan” utawa ”Cah-Cah Wédok”. Mungkin maksudé nada tinggi swarané cah wédok, utawa sopran. Istilah iki kétoké digunakké kanggo nduduhké nèk musik utawa iringan tertentu kudu dimainké nganggo nada tinggi.​—1Bb 15:20; Mzm 46:Sup.

  • Alat kanggo matèni geni ing sumbu.

    Alat saka emas utawa tembaga sing digunakké ing tabernakel lan bait. Bentuké mungkin kaya gunting sing isa dienggo ngethok sumbu.​—2Raj 25:14.

  • Alat kanggo njepit sumbu.

    Alat saka emas sing digunakké ing tabernakel lan bait kanggo matèni geni ing lampu.​—Pa 37:23.

  • Alfa lan Oméga.

    Jeneng huruf sing pertama lan sing terakhir ing abjad Yunani. Istilah iki digunakké ping telu ing buku Wahyu kanggo nduduhké gelaré Gusti Allah, lan artiné padha karo gelar ”sing pertama lan terakhir” lan gelar ”sing awal lan sing akhir”.​—Why 1:8; 21:6; 22:13.

  • Amin.

    Artiné ”dadia kaya ngono”, utawa ”mesthi”. Kata kuwi asalé saka kata dhasar Ibrani aman, sing artiné ”setya, isa dipercaya”. ”Amin” diucapké kanggo nduduhké nèk setuju karo sumpah, donga, utawa omongan sing diomongké. Ing buku Wahyu, kata iki digunakké kanggo nduduhké gelaré Yésus.​—PT 27:26; 1Bb 16:36; Rm 1:25; Why 3:14.

  • Anak pertama.

    Sing dimaksud kuwi biasané anak lanang pertama saka bapak, dudu saka ibu. Ing jaman Alkitab, anak lanang pertama nduwé kedudukan istiméwa ing keluarga lan bakal dadi kepala keluarga nèk bapaké mati. Istilah iki ya maksudé anak lanang sing pertama saka kéwan.​—Pa 11:5; 13:12; PD 25:33; Kol 1:15, ctn.

  • Anak-anaké lanang Harun.

    Keturunané Harun putuné Lèwi. Harun dipilih dadi imam agung pertama sesuai karo Hukum Musa. Anak-anaké lanang Harun nindakké tugas dadi imam ing tabernakel lan bait.​—1Bb 23:28.

  • Anaké Daud.

    Biasané sing dimaksud nganggo sebutan iki yaiku Yésus. Sebutan kuwi nduduhké nèk Yésus kuwi Ahli Waris saka perjanjian Kerajaané Gusti Allah, lan menurut ramalané Alkitab, ahli waris kuwi asalé saka keturunané Daud.​—Mat 12:23; 21:9.

  • Anaké manungsa.

    Istilah iki ditulis ing Injil kira-kira ping 80. Sing dimaksud nganggo sebutan iki yaiku Yésus Kristus. Sebutan iki nduduhké nèk Yésus lair dadi manungsa, dudu makhluk roh sing wujudé manungsa. Sebutan iki ya nduduhké nèk Yésus bakal nggawé ramalan sing ditulis ing Danièl 7:13, 14 kelakon. Ing Kitab-Kitab Ibrani, sing dimaksud nganggo sebutan iki yaiku Yèhèzkièl lan Danièl. Kuwi nduduhké nèk wong-wong sing ngomong dadi wakilé Gusti Allah kuwi isa mati, ora kaya Gusti Allah sing dadi Sumberé berita sing disampèkké wong-wong kuwi.​—Yèh 3:17; Dan 8:17; Mat 19:28; 20:28.

  • Antikristus.

    Istilah Yunani iki artiné ana loro. Sing pertama maksudé anti utawa nentang Kristus, lan sing keloro maksudé Kristus palsu, yaiku sing ngaku-ngaku dadi Kristus. Kabèh wong, organisasi, utawa kelompok sing nentang Kristus lan murid-muridé, utawa ngaku-ngaku dadi wakilé Kristus utawa dadi Mésias padahal dudu, kuwi disebut antikristus.​—1Yoh 2:22, ctn.

  • Apa sing bener.

    Ing Alkitab, iki artiné apa sing bener menurut pathokané Gusti Allah soal apa sing bener lan sing salah. Kadhang-kadhang, kata iki diterjemahké dadi apa sing apik utawa adil. Wong sing bener kuwi wong sing tumindaké cocog karo karepé Gusti Allah lan préntah-préntahé, dudu mung wong sing tumindaké bener menurut pandangané manungsa.​—PD 15:6; PT 6:25; WB 11:4; Zéf 2:3; Mat 6:33.

  • Apikan banget.

    Makna utama saka kata Yunani iki yaiku nyenengké utawa luar biasa. Biasané kata kuwi maksudé hadiah sing diwènèhké merga sing mènèhi kuwi apikan. Nèk sing dibahas kuwi  Gusti Allah sing apikan banget, kuwi berarti Gusti Allah wis murah hati mènèhi hadiah lan ora njaluk dibales. Kuwi sebabé, istilah kuwi nduduhké nèk Gusti Allah seneng mènèhi nganti akèh banget, lan kuwi ya nduduhké nèk Gusti Allah tresna lan apikan banget karo manungsa. Kata Yunani saka istilah kuwi ya diterjemahké dadi ’sumbangan sing réla diwènèhké’, sing nduduhké nèk hadiah utawa sumbangan kuwi diwènèhké dudu merga sing nampa pantes nampa kuwi, ning merga sing mènèhi kuwi murah hati.​—2Kor 6:1; Éf 1:7.

  • Aram; Wong Aram.

    Bangsa keturunané Aram, anaké Sèm. Wilayah panggonané wong Aram kuwi saka Pegunungan Lébanon nganti tekan Mésopotamia, lan saka Pegunungan Taurus ing sisih lor nganti tekan Damaskus ing sisih kidul. Ing Basa Ibrani, kabèh wilayah iki disebut Aram lan akhiré disebut Siria. Wong-wong sing manggon ing kono disebut wong Siria.​—PD 25:20; PT 26:5; Hos 12:12.

  • Aréopagus.

    Bukit sing dhuwur ing Athéna sing ana ing sisih barat laut Akropolis. Aréopagus kuwi ya jeneng mahkamah (pengadilan) sing ana ing kana. Paulus digawa mrana karo para pengikuté Stoa lan Èpikuros kanggo njelaské kepercayaané.​—Kis 17:19.

  • Armagédon.

    Saka kata Ibrani Har Meghiddohn, sing artiné ”Gunung Mégido”. Kata iki ana hubungané karo ”perang sing bakal kelakon ing dinané Gusti Allah sing Mahakuwasa”. Wektu kuwi, ”raja-raja ing bumi” bakal ngumpul kanggo perang nglawan Yéhuwah. (Why 16:14, 16; 19:11-21)—Deloken SENGSARA GEDHÉ.

  • Aselgeia.​

    Deloken TUMINDAK KURANG AJAR; TUMINDAK ORA NDUWÉ ISIN.

  • Asia.

    Jenengé salah siji provinsi ing Romawi sing disebutké ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, lan ibu kotané yaiku Éfésus. Sing termasuk dhaérahé yaiku bagéan kuloné negara Turki saiki lan pulau-pulau sing ana ing pinggir pantai, misalé Samos lan Patmos. (Kis 20:16; Why 1:4)—Deloken Lamp. B13.

  • Astorèt.

    Bojoné Baal. Dèwi perang lan kesuburan sing disembah wong Kanaan.​—1Sam 7:3.

  • Azazèl.

    Jeneng Ibrani sing mungkin artiné ”Kambing sing Lenyap”. Pas Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa, kambing sing kanggo Azazèl dieculké menyang padhang belantara kanggo nggambarké nèk dosané bangsa Israèl ing taun sakdurungé wis diapura.​—Km 16:8, 10.

B

  • Baal.

    Déwa sing disembah wong Kanaan lan dianggep dadi penguasané langit, sing mènèhi udan, lan déwa kesuburan. ”Baal” ya digunakké kanggo nyebut déwa-déwa liya sing kedudukané luwih rendah. Ing basa Ibrani, kata iki artiné ”Sing Nduwé; Majikan”.​—1Raj 18:21; Rm 11:4.

  • Bait.

    Bangunan permanèn ing Yérusalèm sing dadi pusat ibadahé wong Israèl. Kuwi ngganti tabernakel sing isa dipindhah-pindhah. Bait pertama dibangun karo Salomo lan dihancurké wong Babilon. Bait sing keloro dibangun karo Zérubabèl sakwisé wong Israèl bali saka Babilon, terus dibangun manèh karo Hérodès Agung. Kadhang-kadhang, bait disebut ”omahé Yéhuwah”. (Mat 21:13; 1Bb 29:1; 2Bb 2:4; Mat 24:1)—Deloken Lamp. B8 lan B11.

  • Bali.

    Ing beberapa bagéan ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, kata iki njelaské soal baliné Yésus Kristus dadi raja, sing dimulai kèt Yésus dadi raja ing Kerajaan swarga, lan isih terus kelakon ing akhir jaman iki. Kristus bali ora mung sedhéla terus lunga, ning baliné Kristus kuwi rada suwé.​—Mat 24:3.

  • Balsam.

    Minyak wangi sing dihasilké saka tanduran utawa wit tertentu. Minyak iki digunakké dadi obat lan dadi minyak wangi, mula minyak kuwi berharga banget.​—Yér 8:22.

  •  Bandhil.

    Tali saka kulit utawa saka urat kéwan, suket dhuwur, utawa wulu kéwan sing dianyam. Ing tengahé ana bagéan sing rada amba, sing dienggo ndèlèhké watu utawa benda liyané sing arep dibalangké. Salah siji ujungé tali kuwi ditalèkké ing tangan utawa pergelangan tangan, terus ujung sing liyané dicekel lan dieculké pas bandhil kuwi diayunké. Bangsa-bangsa jaman mbiyèn nduwé prajurit sing senjatané bandhil.​—PH 20:16; 1Sam 17:50.

  • Baptisan; Mbaptis.

    Mbaptis kuwi artiné ”nglelebké” utawa nyelupké ing njero banyu. Nurut Yésus, wong sing péngin dadi muridé kudu dibaptis. Alkitab ya nyebutké soal baptisan Yohanes, baptisan nganggo roh suci, baptisan nganggo geni, lan baptisan-baptisan liyané.​—Mat 3:11, 16; 28:19; Yoh 3:23; 1Ptr 3:21.

  • Basa Aram.

    Salah siji basa sing mirip karo basa Ibrani lan abjadé ya padha karo basa Ibrani. Awalé, basa iki digunakké karo wong Aram. Ning, akhiré basa kuwi dadi basa internasional sing digunakké kanggo urusan dagang lan komunikasi ing kerajaan Asiria lan Babilon. Basa iki ya dadi basa resmi ing Kerajaan Pèrsia. (Ézr 4:7) Basa Aram ya digunakké kanggo nulis sebagéan buku Ézra, Yérémia, lan Danièl.—Ézr 4:8–6:18; 7:12-26; Yér 10:11; Dan 2:4b–7:28.

  • Bat.

    Salah siji takeran cairan sing disebutké ing Alkitab. Ana pecahan wadhah sing tulisané bat sing ditemokké ahli purbakala, lan kuwi dienggo dhasar nentokké nèk 1 bat kuwi padha karo kira-kira 22 L. Takeran liyané, yaiku kanggo bahan kering lan cairan, ditentokké nganggo dhasar nèk 1 bat kuwi 22 L. (1Raj 7:38; Yèh 45:14)—Deloken Lamp. B14.

  • Béèlzébul.

    Sebutan kanggo Sétan, yaiku pemimpin utawa penguasané roh-roh jahat. Mungkin, iki asalé saka kata Baal-zébub, yaiku Baal sing disembah wong Filistin ing Ékron.​—2Raj 1:3; Mat 12:24.

  • Bintang ésuk.

    Artiné padha karo ”bintang sing terbit sakdurungé ésuk”. Iki bintang sing kèri dhéwé kétok ing sisih wétan, sakdurungé matahari terbit. Metuné bintang iki dadi tandha nèk wis ésuk.​—Why 22:16; 2Ptr 1:19.

  • Bintang sing terbit sakdurungé ésuk.​

    Deloken BINTANG ÉSUK.

  • Brahala; Penyembahan brahala.

    Brahala kuwi patung utawa lambang saka apa waé sing kétok utawa ora kétok sing digunakké kanggo ngibadah. Penyembahan brahala kuwi maksudé muja-muja, nresnani, utawa ngluhurké brahala.​—Mzm 115:4; Kis 17:16; 1Kor 10:14.

  • Bukit.

    Saka kata Ibrani ”Milo”. Kata kuwi asalé saka kata dhasar Ibrani sing artiné ”gundhukan”. Ing Septuaginta, iki diterjemahké dadi ”bèntèng”. Lokasiné bukit iki kétoké ana ing Kutha Daud, ning piyé asalé bukit kuwi ora ana sing ngerti.​—2Sam 5:9; 1Raj 11:27.

  • Bul.

    Jeneng sasi ke-8 ing kalènder agama Yahudi lan sasi ke-2 ing kalènder umum Yahudi. Jeneng iki saka kata dhasar sing artiné ”ngetokké hasil”. Sasi iki dimulai saka pertengahan Oktober nganti pertengahan November. (1Raj 6:38)—Deloken Lamp. B15.

  • Bulan anyar.

    Dina pertama saben sasi ing kalènder Yahudi. Ing dina kuwi, wong-wong ngumpul, pésta, lan mènèhi persembahan sing istiméwa. Sakwisé kuwi, dina kuwi dadi perayaan sing penting kanggo bangsa Israèl, lan wong-wong ora kerja pas dina kuwi.​—Wi 10:10; 2Bb 8:13; Kol 2:16.

C

  • Cagak.

    Ana bangsa-bangsa sing nggunakké cagak kanggo ngukum mati wong lan/utawa nggantung mayaté wong sing dihukum bèn wong-wong sing ndelok kuwi ora nindakké sing padha. Sakliyané kuwi, dihukum ing cagak ing ngarepé wong akèh kuwi ngisin-isini banget. Bangsa Asiria, sing terkenal kejem wektu perang, nggunakké cagak sing pucuké lancip kanggo nujeb wetengé wong-wong sing ditawan nganti tembus ing rongga dhadha. Terus, wong  kuwi diejarké nggantung ing cagak kuwi. Ning, ing hukum Yahudi, wong sing nindakké kejahatan sing kejem, contoné ngrèmèhké Gusti Allah utawa nyembah brahala, bakal dipatèni sik nganggo cara dibandhemi watu utawa cara liyané, terus mayaté digantung ing cagak utawa wit bèn wong-wong sing ndelok kuwi ora nindakké sing padha. (PT 21:22, 23; 2Sam 21:6, 9) Kadhang-kadhang, wong Roma mung nalèni korbané ing cagak, dadi korbané isih urip nganti pirang-pirang dina terus mati merga ngrasakké lara, ngelak, ngelih, utawa merga kena panasé matahari. Sakliyané kuwi, kaya pas Yésus dipatèni, wong-wong Roma maku tangan lan sikilé korbané ing cagak. (Luk 24:20; Yoh 19:14-16; 20:25; Kis 2:23, 36)—Deloken CAGAK HUKUMAN.

  • Cagak (Bangunan).

    Cagak sing dienggo nyangga utawa tiang. Kadhang, cagak digawé kanggo ngéling-éling tumindak utawa peristiwa sing bersejarah. Cagak-cagak ya digunakké ing bait lan komplèks istana sing dibangun Salomo. Wong-wong kafir nggawé cagak-cagak suci sing ana hubungané karo agama palsu. Wong Israèl kerep mèlu-mèlu nindakké kuwi. (PH 16:29; 1Raj 7:21; 14:23)—Deloken KEPALA CAGAK.

  • Cagak hukuman.

    Saka kata Yunani stauros sing artiné cagak lurus, kaya sing dienggo matèni Yésus. Ora ana bukti nèk kata Yunani iki artiné salib, kaya lambang agama sing dienggo wong-wong kafir atusan taun sakdurungé Masèhi. Istilah ”cagak hukuman” sesuai karo makna asliné, merga kata Yunani stauros ya digunakké kanggo njelaské soal apa sing bakal dialami murid-muridé Yésus, yaiku disiksa, dirèmèhké, lan ngalami kesusahan. (Mat 16:24; Ibr 12:2)—Deloken CAGAK.

  • Cagak suci.

    Kata Ibrani (asherah) sing maksudé (1) cagak suci sing nglambangké Asyéra, dèwi kesuburan sing disembah wong Kanaan, utawa (2) patung dèwi Asyéra. Kétoké kabèh utawa sebagéan cagak iki digawé saka kayu. Mungkin ana cagak suci sing ora diukir, utawa malah wujudé wit.​—PT 16:21; PH 6:26; 1Raj 15:13.

  • Cincin cap.

    Cincin sing ana capé sing dienggo ing driji utawa dikalungké ing gulu. Cincin kuwi nglambangké wewenangé pemimpin utawa pejabat. (PD 41:42, ctn.)—Deloken METERAI.

D

  • Dagon.

    Déwa sing disembah wong Filistin. Asal usulé kata iki ora pasti. Ning, nurut beberapa ahli, kata iki ana hubungané karo kata Ibrani dagh sing artiné iwak.​—PH 16:23; 1Sam 5:4.

  • Dalan sing Bener.

    Ing Alkitab, istilah iki maksudé tumindak sing nggawé Yéhuwah seneng. Wong-wong sing dadi muridé Yésus Kristus disebut mèlu ”Dalan sing Bener”, merga wong-wong kuwi nduwé iman marang Yésus lan niru contoné Yésus.​—Kis 19:9.

  • Danau geni.

    Panggonan sing ”murub terus merga belérang” sing nggambarké ”kematian sing keloro”. Wong dosa sing ora mertobat, Iblis, Kematian, lan Kuburan (Hadès) ya diuncalké mrana. Merga makhluk roh, kematian, lan Hadès ora isa diobong nganggo geni, iki nduduhké nèk panggonan kuwi mung lambang. Panggonan kuwi dudu panggonan kanggo nyiksa saklawasé, ning nggambarké hukuman mati tanpa ana harapan kanggo diuripké manèh.​—Why 19:20; 20:14, 15; 21:8.

  • Darik.

    Dhuwit rècèh Pèrsia saka emas sing aboté 8,4 g. (1Bb 29:7)—Deloken Lamp. B14.

  • Dékapolis.

    Kelompok kutha-kuthané wong Yunani sing awalé jumlahé ana sepuluh (saka kata Yunani deka sing artiné ”sepuluh”, lan polis sing artiné ”kutha”). Merga akèh-akèhé kutha kuwi ana ing wétané Laut Galiléa lan Kali Yordan, mula wilayah kuwi akhiré ya disebut Dékapolis. Kutha-kutha kuwi dadi pusat perdagangan lan kebudayaané wong Yunani. Yésus tau ngliwati wilayah iki, ning Alkitab  ora nyathet nèk dhèwèké tau mampir ing salah siji kutha kuwi. (Mat 4:25; Mrk 5:20)—Deloken Lamp. A7 lan B10.

  • Delima.

    Buah sing bentuké kaya apel, lan ing salah siji ujungé ana bagéan sing bentuké kaya mahkota. Ing njeroné ana akèh biji sing wernané abang lan jambon. Hiasan sing bentuké delima digunakké ing jubahé imam agung bagéan ngisor, lan ing kepala cagak Yakhin lan Boaz sing ana ing ngarep bait.​—Pa 28:34; Wi 13:23; 1Raj 7:18.

  • Depa.

    Ukuran sing dawané padha karo 1,8 m. Ukuran iki biasané dienggo ngukur jeroné banyu. (Kis 27:28, ctn.)—Deloken Lamp. B14.

  • Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa.

    Dina suci sing paling penting kanggo wong Israèl sing dirayakké pas tanggal 10 Étanim. Dina iki ya disebut Yom Kippur (saka istilah Ibrani yohm hakkippurim, ”dina penutupan”). Saben taun, ya mung ing dina kuwi imam agung bakal mlebu ing Ruang Mahasuci sing ana ing tabernakel lan bait. Ing kono, dhèwèké mènèhké getihé kéwan sing dikorbanké kanggo dosané dhéwé, dosané wong-wong Lèwi liyané, lan dosané bangsa Israèl. Ing dina kuwi, wong Israèl ngumpul kanggo ngibadah lan pasa. Dina kuwi ya dina sabat, mula bangsa Israèl ora éntuk nyambut gawé ing dina kuwi.​—Km 23:27, 28.

  • Dina Pengadilan.

    Dina utawa wektu sing wis ditentokké Gusti Allah kanggo ngadili bangsa tertentu, kelompok tertentu, utawa kabèh manungsa. Kuwi isa berarti wektu kanggo ngukum wong-wong sing wis ditentokké Gusti Allah kanggo dihukum mati. Ning, kuwi ya isa berarti dina pengadilan sing mènèhi kesempatan kanggo wong-wong bèn isa dislametké lan nampa urip saklawasé. Yésus Kristus lan para rasulé tau nyebutké soal ”Dina Pengadilan” sing bakal kelakon ing masa depan. Wektu kuwi, wong urip lan wong mati bakal diadili.​—Mat 12:36.

  • Dina Persiapan.

    Sebutan kanggo dina sakdurungé Sabat pas wong Yahudi nyiapké Sabat. Dina kuwi rampung ing dina jumat pas matahari terbenam. Sakwisé kuwi lagi dina Sabat. Kanggoné wong Yahudi, sedina dimulai saka matahari terbenam nganti matahari terbenam manèh.​—Mrk 15:42; Luk 23:54.

  • Dinar.

    Dhuwit rècèh Romawi saka pérak sing aboté kira-kira 3,85 g lan ana gambaré Kaisar ing salah siji sisihé. Sak dinar kuwi upahé wong kerja sedina. Wong Romawi ya njaluk ”pajeg” marang wong Yahudi sing jumlahé sak dinar. (Mat 22:17; Luk 20:24)—Deloken Lamp. B14.

  • Diuripké manèh.

    Wong mati diuripké manèh. Kata Yunani anastasis nèk diterjemahké kata per kata artiné ”tangi; ngadeg”. Ing Alkitab, ana sanga kisah soal wong-wong mati sing diuripké manèh, termasuk soal Yésus sing diuripké manèh karo Yéhuwah. Senajan Èlia, Èlisa, Yésus, Pétrus, lan Paulus nguripké manèh wong-wong mati, ning mukjijat-mukjijat kuwi jelas-jelas kelakon merga kuwasané Yéhuwah. ”Wong-wong sing bener lan sing ora bener” kudu diuripké manèh ing bumi bèn karepé Gusti Allah kelakon. (Kis 24:15) Alkitab ya nyebutké soal wong-wong sing diuripké manèh ing swarga. Sing diuripké manèh ing swarga kuwi murid-muridé Yésus sing dilantik roh suci. Ing Alkitab, wong-wong kuwi disebut ”diuripké luwih dhisik” utawa ”sing pertama diuripké manèh”.​—Flp 3:11; Why 20:5, 6; Yoh 5:28, 29; 11:25.

  • Drakhma.

    Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, drakhma kuwi maksudé dhuwit rècèh Yunani saka pérak sing wektu kuwi aboté 3,4 g. Ing Kitab-Kitab Ibrani, ana ayat sing nyebutké soal drakhma emas saka jaman Pèrsia sing nilainé padha karo darik. (Néh 7:70; Mat 17:24)—Deloken Lamp. B14.

  • Dupa.

    Campuran saka getah wangi lan balsam sing kobong sithik-sithik lan ngasilké mambu sing wangi. Dupa sing digunakké ing tabernakel lan bait kuwi dupa khusus sing digawé saka patang bahan lan diobong ésuk lan bengi  ing mézbah dupa sing ana ing Ruang Suci. Pas Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa, dupa diobong ing njero Ruang Mahasuci. Dupa dadi lambang donga-dongané abdiné Gusti Allah sing setya. Donga-donga kuwi nyenengké atiné Gusti Allah. Wong Kristen ora perlu nggunakké dupa wektu ngibadah.​—Pa 30:34, 35; Km 16:13; Why 5:8.

E

  • Édom.

    Jeneng liyané Ésau, anaké Ishak. Keturunané Ésau (Édom) nguwasani dhaérah Séir, yaiku dhaérah pegunungan ing antarané Laut Mati lan Teluk Aqaba. Dhaérah kuwi ya disebut Édom. (PD 25:30; 36:8)—Deloken Lamp. B3 lan B4.

  • Éfa.

    Jeneng takeran kanggo bahan kering. Istilah kuwi ya maksudé wadhah takeran sak éfa sing biasané dienggo naker biji-bijian. Éfa kuwi jumlahé padha karo takeran bat, yaiku 22 L. (Pa 16:36; Yèh 45:10)—Deloken Lamp. B14.

  • Éfod.

    Klambi mirip celemèk sing dienggo para imam. Imam agung nganggo éfod khusus sing ing ngarepé dipasangi tutup dhadha sing dihias nganggo 12 watu permata. (Pa 28:4, 6)—Deloken Lamp. B5.

  • Éfraim.

    Jeneng anaké Yusuf sing nomer loro sing akhiré dadi jenengé salah siji suku Israèl. Merga nduwé pengaruh sing kuwat, Éfraim dadi wakilé kerajaan Israèl sepuluh suku sakwisé Israèl terbagi dadi loro.​—PD 41:52; Yér 7:15.

  • Éfrat.

    Kali sing paling dawa lan paling penting ing Asia barat daya. Iki salah siji saka loro kali gedhé sing ana ing Mésopotamia. Éfrat pertama kali disebutké ing Purwaning Dumadi 2:14 lan termasuk salah siji saka kali papat sing ana ing Èden. Kali iki dadi batas sisih lor wilayah Israèl. (PD 15:18; Why 16:12)—Deloken Lamp. B2.

  • Élul.

    Jeneng sasi ke-6 ing kalènder agama Yahudi lan sasi ke-12 ing kalènder umum Yahudi. Jeneng iki digunakké sakwisé wong Yahudi dibébaské saka Babilon. Sasi iki dimulai saka pertengahan Agustus nganti pertengahan September. (Néh 6:15)—Deloken Lamp. B15.

  • Étanim.

    Jeneng sasi ke-7 ing kalènder agama Yahudi lan sasi pertama ing kalènder umum Yahudi. Sasi iki dimulai saka pertengahan September nganti pertengahan Oktober. Sakwisé wong Yahudi dibébaské saka Babilon, sasi iki disebut Tisri. (1Raj 8:2)—Deloken Lamp. B15.

  • Étiopia.

    Bangsa jaman mbiyèn sing ana ing sisih kidulé Mesir. Sing termasuk dhaérahé yaiku bagéan paling kidul negara Mesir jaman saiki lan separoné bagéan loré negara Sudan jaman saiki. Ing Kitab Ibrani, Étiopia ya disebut ”Kus”.—Èst 1:1, ctn.

F

  • Farisi.

    Kelompok agama Yahudi (Yudaisme) sing terkenal ing abad pertama M. Wong-wong kuwi dudu keturunan imam, ning tenanan nindakké Hukum Musa nganti rincian sing paling cilik. Wong-wong kuwi nganggep nèk tradhisi sing ora ditulis kuwi padha pentingé karo Hukum Musa. (Mat 23:23) Wong-wong kuwi ora gelem dipengaruhi budaya Yunani. Merga ahli soal Hukum Musa lan tradhisi, wong Farisi nduwé wewenang sing gedhé ing masyarakat. (Mat 23:2-6) Ana wong Farisi sing dadi anggota Sanhèdrin. Wong-wong kuwi kerep béda pendapat karo Yésus soal nindakké Sabat, soal tradhisi, lan soal bergaul karo wong dosa lan petugas pajeg. Ana wong Farisi sing dadi wong Kristen, termasuk Saul saka Tarsus.​—Mat 9:11; 12:14; Mrk 7:5; Luk 6:2; Kis 26:5.

  • Filaktèri.

    Kothak cilik sing isiné papat bagéan saka Hukum Musa sing dienggo wong-wong lanang Yahudi ing bathuké lan lengené sing kiwa. (PT 6:4-9) Yésus ngelokké wong-wong sing nggawé kothak-kothak kuwi luwih gedhé. (Mat 23:5) Kothak-kothak kuwi dienggo dadi jimat.

  • Filistia; Filistin.

    Negara sing ana ing pesisir Israèl sebelah kidul. Wong-wong  sing pindhah saka Kréta lan manggon ing dhaérah mau disebut wong Filistin. Wong Filistin dikalahké karo Daud, ning wong-wong kuwi tetep nduwé pamréntahan dhéwé lan terus-terusan dadi mungsuhé Israèl. (Pa 13:17; 1Sam 17:4; Am 9:7)—Deloken Lamp. B4.

  • Firaun.

    Sebutan kanggo raja-raja Mesir. Ing Alkitab, ana lima firaun sing jenengé disebutké (Syisyak, So, Tirhaka, Nékho, lan Hofra), ning sing liyané ora disebutké jenengé, termasuk firaun-firaun sing tau urusan karo Abraham, Musa, lan Yusuf.​—Pa 15:4; Rm 9:17.

  • Firdaus.

    Taman sing apik banget, utawa kebon sing kaya taman. Panggonan pertama sing kaya ngono yaiku Èden, sing digawé Yéhuwah kanggo pasangan manungsa sing pertama. Wektu Yésus dipaku ing cagak, Yésus ngomong karo penjahat ing sebelahé nèk bumi bakal dadi firdaus. Ing 2 Korintus 12:4, firdaus sing dimaksud yaiku firdaus sing ana sukmbèn, lan ing Wahyu 2:7, firdaus sing ana ing swarga.​—Luk 23:43.

G

  • Géhéna.

    Jeneng Yunani kanggo Lembah Hinom, sing ana ing sisih kidul lan barat dayané Yérusalèm jaman mbiyèn. (Yér 7:31) Nurut ramalan, lembah iki bakal dadi panggonan kanggo mayat-mayat. (Yér 7:32; 19:6) Ora ana bukti sing nyebutké nèk kéwan utawa manungsa sing isih urip diuncalké menyang Géhéna kanggo diobong utawa disiksa. Dadi, panggonan kuwi ora mungkin nglambangké panggonan kanggo nyiksa manungsa nganggo geni saklawasé. Ning, kata Géhéna digunakké Yésus lan murid-muridé kanggo nglambangké ”kematian sing keloro”, sing maksudé dihukum mati tanpa ana harapan kanggo diuripké manèh.​—Why 20:14; Mat 5:22; 10:28.

  • Géra.

    Ukuran timbangan sing aboté 0,57 g lan padha karo 1/20 syèkel. (Km 27:25)—Deloken Lamp. B14.

  • Giléad.

    Sakjané, sing dimaksud Giléad kuwi dhaérah subur ing sisih lor lan kidulé Lembah Yabok, sing ana ing wétané Kali Yordan. Ning, kadhang kala kuwi maksudé kabèh wilayah Israèl sing ana ing sisih wétané Kali Yordan sing dadi panggonané suku Rubèn, suku Gad, lan setengah saka suku Manasyé. (Wi 32:1; Yos 12:2; 2Raj 10:33)—Deloken Lamp. B4.

  • Gitit.

    Istilah musik sing arti pastiné ora dingertèni. Ning, iki mungkin asalé saka kata Ibrani gath sing ana hubungané karo panggonan meres anggur. Mungkin, iki irama lagu sing dinyanyèkké wektu meres anggur.​—Mzm 81:Sup.

  • Gulungan.

    Lembaran dawa sing digawé saka perkamèn utawa papirus, lan biasané digulung ing tongkat. Tulisané mung ana ing bagéan ngarep, ora bolak-balik. Kitab Suci ditulis lan disalin ing gulungan-gulungan. Gulungan kuwi bentuk buku sing biasa digunakké wektu Alkitab ditulis.​—Yér 36:4, 18, 23; Luk 4:17-20; 2Tim 4:13.

  • Gusti.

    Saka kata Yunani Kyrios sing artiné majikan, sing nduwé, utawa wong sing nduwé kedudukan. Ing Kitab Suci, sebutan iki maksudé isa manungsa, Yésus Kristus, utawa Yéhuwah, tergantung apa sing lagi dibahas.​—Kis 19:10; 20:19.

  • Gusti Allah sing bener.

    Saka istilah Ibrani Ha-Elohim lan Ha-El. Ing akèh ayat, istilah Ibrani iki mbédakké Yéhuwah saka allah-allah palsu liyané, lan Gusti Allah sing bener kuwi mung Yéhuwah. Ing ayat-ayat kuwi, istilah ”Gusti Allah sing bener” nduduhké makna sing lengkap saka istilah Ibraniné.​—PD 5:22, 24; 46:3; PT 4:39.

H

  • Hadès.

    Kata Yunani sing artiné padha karo kata Ibrani ”Syéol”. Kata iki diterjemahké dadi ”Kuburan” (huruf pertama huruf gedhé). Kata iki maksudé dudu panggonan sing ana tenan, ning mung dienggo lambang.​—Deloken KUBURAN.

  • Hakim-hakim.

    Wong-wong lanang sing dilantik Yéhuwah kanggo nylametké umaté sakdurungé wong Israèl nduwé raja.​—PH 2:16.

  •  Halaman.

    Dhaérah terbuka sing ana ing sekitaré tabernakel, sing diubengi pager. Kuwi ya dadi sebutan kanggo dhaérah terbuka sing ana ing sekitaré bangunan utama bait, sing diubengi témbok. Mézbah persembahan bakaran ana ing halaman tabernakel lan halaman bait bagéan njero. (Deloken Lamp. B5, B8, B11) Alkitab ya nyebutké soal halaman omah lan halaman istana.​—Pa 8:13; 27:9; 1Raj 7:12; Èst 4:11; Mat 26:3.

  • Hama jamur.

    Kabèh penyakit sing nyerang tanduran sing disebabké merga jamur. Kétoké, hama jamur sing disebutké ing Alkitab kuwi jamur karat hitam (Puccinia graminis).​—1Raj 8:37.

  • Hasil sing pertama.

    Hasil pertama ing musim panèn utawa hasil pertama saka apa waé. Yéhuwah ngongkon wong Israèl supaya hasil pertamané wong-wong kuwi diwènèhké marang Yéhuwah. Sing isa diwènèhké kuwi isa manungsa, kéwan, utawa hasil panèn. Bangsa Israèl mènèhké hasil sing pertama marang Gusti Allah wektu Perayaan Roti Tanpa Ragi lan Péntakosta. Kristus lan pengikuté sing dilantik roh suci ya digambarké kaya ”hasil panèn pertama”.​—1Kor 15:23, ctn.; Wi 15:21; Why 14:4.

  • Hasta.

    Ukuran sing dawané kira-kira saka sikut tekan ujung driji tengah. Hasta sing digunakké wong Israèl biasané ukurané 44,5 cm. Ning, wong Israèl ya nggunakké hasta dawa sing ukurané 51,8 cm, sing kacèké kira-kira sak ambané tlapak tangan saka hasta sing biasa digunakké. (PD 6:15; Luk 12:25, ctn.)—Deloken Lamp. B14.

  • Henna.

    Tanduran sing kembangé wangi. Godhongé tanduran iki digunakké kanggo nggawé pewarna sing wernané coklat.​—Kid 1:14, ctn.; 7:11, ctn.

  • Hèrmes.

    Déwa sing disembah wong Yunani. Hèrmes kuwi anaké Zéus. Hèrmes dianggep dadi utusané para déwa lan déwa sing pinter ngomong. Merga Paulus pinter ngomong, wong-wong ing Listra nganggep nèk dhèwèké kuwi Hèrmes.​—Kis 14:12.

  • Hérodès.

    Jeneng keluarga saka raja-raja sing dilantik karo pamréntah Roma kanggo mréntah wong Yahudi. Sing paling dikenal kuwi Hérodès Agung. Dhèwèké kuwi sing mbangun manèh bait ing Yérusalèm lan mréntahké supaya kabèh bocah lanang dipatèni merga dhèwèké péngin matèni Yésus. (Mat 2:16; Luk 1:5) Anak-anaké Hérodès Agung, yaiku Hérodès Arkhélaus lan Hérodès Antipas, dilantik kanggo nguwasani bagéan-bagéan ing wilayah sing tau dikuwasani bapaké. (Mat 2:22) Hérodès Antipas kuwi gubernur sing biasané disebut ”raja”, sing mréntah saksuwéné pelayanané Kristus sing suwéné telung taun setengah nganti mangsa sing dicritakké ing Kisah bab 12. (Mrk 6:14-17; Luk 3:1, 19, 20; 13:31, 32; 23:6-15; Kis 4:27; 13:1) Sakwisé kuwi, Hérodès Agripa I, yaiku putuné Hérodès Agung, dihukum mati karo malaékaté Gusti Allah sakwisé mréntah sedhéla. (Kis 12:1-6, 18-23) Anaké, yaiku Hérodès Agripa II, dadi penguasa lan mréntah nganti wong-wong Yahudi mbrontak nglawan Roma.​—Kis 23:35; 25:13, 22-27; 26:1, 2, 19-32.

  • Higayon.

    Istilah tèknis kanggo ngarahké musik. Ing Mazmur 9:16, istilah iki kétoké maksudé selingan harpa sing nadané rendah lan alon, utawa mandheg sedhéla kanggo merenung.

  • Hin.

    Jeneng takeran cairan sing jumlahé 3,67 L. Istilah kuwi ya maksudé wadhah takeran hin. (Pa 29:40)—Deloken Lamp. B14.

  • Hisop.

    Tanduran sing nduwé cabang-cabang lan godhong-godhong sing alus. Hisop digunakké kanggo nyipratké getih utawa banyu wektu upacara nyucèkké badan. Kata Ibrani lan Yunaniné sing disebutké ing Alkitab mungkin maksudé tanduran sing béda-béda. Kata ”hisop” sing digunakké ing Yohanes 19:29 mungkin maksudé salah siji jenis tanduran sing thukulé dhuwur, merga gagangé sing dawa isa dienggo mènèhké kembang karang nganti tekan lambéné Yésus.​—Pa 12:22; Mzm 51:7, ctn.

  •  Homèr.

    Jeneng takeran kanggo bahan kering sing jumlahé padha karo takeran kor, yaiku 220 L. Jumlah kuwi ditentokké nganggo dhasar nèk 1 bat kuwi 22 L. (Km 27:16)—Deloken Lamp. B14.

  • Horèb; Gunung Horèb.

    Dhaérah pegunungan sing ana ing sekitaré Gunung Sinai. Gunung Horèb kuwi jeneng liyané Gunung Sinai. (Pa 3:1; PT 5:2)—Deloken Lamp. B3.

  • Hubungan sèks sing ora pantes.

    Saka kata Yunani porneia, istilah sing maksudé kabèh hubungan sèks sing dilarang, contoné laku jina, pelacuran, hubungan sèks karo wong sing dudu bojoné, hubungan sèks karo wong sing padha lanangé utawa padha wédoké (homosèks), lan hubungan sèks karo kéwan (bèstialitas). Ing Wahyu, pelacur agama sing disebut ”Babilon Gedhé” digambarké nindakké hubungan sèks sing ora pantes merga akrab karo para penguasa donya bèn éntuk kuwasa lan harta. (Why 14:8; 17:2; 18:3; Mat 5:32; Kis 15:29; Gal 5:19)—Deloken PELACUR.

  • Hukum.

    Nèk huruf pertamané ditulis nganggo huruf gedhé, iki mungkin maksudé Taurat, Hukum Musa, utawa lima buku pertama sing ana ing Alkitab. Nèk huruf pertamané ditulis nganggo huruf cilik, kuwi maksudé peraturan-peraturan tertentu saka Hukum Musa utawa pathokan saka hukum.​—Wi 15:16; PT 4:8; Rm 10:5.

I

  • Iblis.

    Sebutan kanggo Sétan ing Kitab-Kitab Yunani Kristen sing artiné ”Tukang Mitnah”. Sétan ya disebut Iblis merga dhèwèké kuwi mitnah Yéhuwah, nglawan Yéhuwah lan pathokané, lan ngèlèk-èlèk Yéhuwah, omongané, lan jenengé sing suci.​—Mat 4:1; Yoh 8:44; Why 12:9.

  • Ibrani; Wong Ibrani.

    Basa sing digunakké wong Ibrani. Istilah wong Ibrani pertama kali digunakké kanggo Abram (Abraham) kanggo mbédakké dhèwèké saka wong Amori sing ana ing sekitaré. Sakwisé kuwi, kata kuwi dadi sebutan kanggo keturunané Abraham saka Yakub putuné. Pas jamané Yésus, ana akèh istilah basa Aram sing digunakké ing basa Ibrani. Kristus lan murid-muridé ngomong nggunakké basa iki.​—PD 14:13; Pa 5:3; Kis 26:14.

  • Ilirikum.

    Provinsi ing Romawi ing sisih barat laut Yunani. Pas nindakké tugas nginjilé, Paulus kandha nèk perjalanané kuwi nganti Ilirikum. Ning, Alkitab ora nyebutké apa Paulus nginjil ing Ilirikum utawa mung ing perbatasané Ilirikum. (Rm 15:19)—Deloken Lamp. B13.

  • Imam.

    Wong sing dadi wakil resminé Gusti Allah, sing nglayani lan mulang umaté Gusti Allah soal Gusti Allah lan hukum-hukumé. Imam dadi wakilé umat ing ngarepé Gusti Allah, mènèhké korban, dadi perantara, lan njaluk marang Gusti Allah kanggo kepentingané umat kuwi. Sakdurungé ana Hukum Musa, kepala keluarga dadi imam kanggo keluargané. Sakwisé ana Hukum Musa, sing dadi imam yaiku wong-wong lanang ing keluargané Harun, sing asalé saka suku Lèwi. Sing mbantu imam-imam kuwi yaiku wong-wong lanang liyané saka suku Lèwi. Wektu wis ana perjanjian anyar, ”Israèl duwèké Gusti Allah” dadi bangsa sing isiné imam-imam, lan Yésus Kristus sing dadi Imam Agung.​—Gal 6:16; Pa 28:41; Ibr 9:24; Why 5:10.

  • Imam agung.

    Nurut Hukum Musa, imam agung kuwi imam utama sing dadi wakilé wong Israèl wektu ngadhep Gusti Allah. Dhèwèké ya nduwé tugas kanggo ngawasi imam-imam liyané. Mung imam agung sing éntuk mlebu Ruang Mahasuci, yaiku bagéan paling njero saka tabernakel lan bait. Dhèwèké mlebu mrono mung setaun pisan, yaiku pas Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa. Istilah ”imam agung” ya digunakké kanggo Yésus Kristus.​—Km 16:2, 17; 21:10; Mat 26:3; Ibr 4:14.

  • Imam kepala.

    Istilah liya kanggo ”imam agung” ing Kitab-Kitab Ibrani. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, istilah ”imam kepala” maksudé wong-wong penting ing  antarané para imam, mungkin termasuk imam agung sing wis pènsiun lan para kepalané 24 regu imam.​—2Bb 26:20; Ézr 7:5; Mat 2:4; Mrk 8:31.

  • Israèl.

    Jeneng sing diwènèhké Gusti Allah marang Yakub. Kuwi ya tau dadi sebutan kanggo kabèh keturunané Yakub. Keturunané 12 anaké Yakub kerep disebut wong Israèl, keturunané Israèl, utawa bangsa Israèl. Israèl ya dadi sebutan kanggo kerajaan sepuluh suku ing sisih lor, sing misah saka kerajaan sing ana ing sisih kidul. Wong Kristen sing dilantik roh suci disebut ”Israèl duwèké Gusti Allah”.​—Gal 6:16; PD 32:28; 2Sam 7:23; Rm 9:6.

J

  • Jaminan.

    Barang saka wong sing nyilih dhuwit sing diwènèhké marang wong sing nyilihi dhuwit. Barang kuwi dadi jaminan nèk utangé mesthi bakal dibayar. Hukum Musa mènèhi peraturan soal jaminan sing tujuané kanggo nglindhungi wong mlarat lan wong sing ora nduwé apa-apa.​—Pa 22:26; Yèh 18:7.

  • Jarahan.

    Harta, ternak, utawa barang-barang berharga sing dijupuk saka mungsuh sing dikalahké.​—Yos 7:21; 22:8; Ibr 7:4.

  • Jemaat.

    Wong-wong sing ngumpul bareng merga arep nindakké tujuan utawa kegiatan tertentu. Ing Kitab-Kitab Ibrani, jemaat kuwi maksudé bangsa Israèl. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, sing dimaksud jemaat kuwi isa sedulur-sedulur sing dadi anggotané jemaat. Ning, kerep-kerepé jemaat kuwi maksudé kelompok wong Kristen sing ana ing siji dhaérah.​—1Raj 8:22, ctn.; Kis 9:31; Rm 16:5.

  • Jengkal.

    Ukuran sing dawané kira-kira saka jempol tekan jenthik nèk tlapak tangan diegarké. Merga sak hasta dawané 44,5 cm, sak jengkal dawané 22,2 cm. (Pa 28:16; 1Sam 17:4)—Deloken Lamp. B14.

  • Jiwa.

    Kata sing umum digunakké kanggo nerjemahké kata Ibrani nefes lan kata Yunani psykhe. Sakwisé nliti piyé kata kuwi digunakké ing Alkitab, jelas nèk kata kuwi berarti (1) wong, (2) kéwan, utawa (3) uripé manungsa utawa kéwan. (PD 1:20; 2:7; Wi 31:28; 1Ptr 3:20) Ing terjemahan iki, kata Ibrani lan kata Yunani kuwi kerep diterjemahké sesuai karo makna sing dimaksud ing ayaté, misalé ”nyawa”, ”urip”, ”makhluk”, ”wong”, utawa diterjemahké dadi kata ganti (contoné ”jiwaku” dadi ”aku”). Ing ayat-ayat tertentu, nefes lan psykhe diterjemahké dadi ”sepenuh jiwamu”, sing artiné tulus lan ngupaya sak isa-isané. (PT 6:5; Mat 22:37) Ing ayat-ayat liyané, kata Ibrani lan kata Yunaniné isa berarti kepénginan utawa nafsu sing diduwèni makhluk hidup. Kata kuwi ya isa berarti wong mati utawa mayat.​—Wi 6:6; WB 23:2; Yés 56:11; Hag 2:13.

  • Jurang sing jero banget.

    Saka kata Yunani abyssos sing artiné ”jero banget”, ”ora isa diukur”, utawa ”ora ana batasé”. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, istilah kuwi maksudé panggonan kanggo ngurung utawa keadaan terkurung, misalé kuburan lan liya-liyané.​—Luk 8:31; Rm 10:7; Why 20:3.

K

  • Kab.

    Takeran kanggo bahan kering sing jumlahé 1,22 L. Jumlah kuwi ditentokké nganggo dhasar nèk 1 bat kuwi 22 L. (2Raj 6:25)—Deloken Lamp. B14.

  • Kabar apik.

    Sing dimaksud kabar apik ing Kitab-Kitab Yunani Kristen yaiku kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah lan soal keslametan sing isa dihasilké merga nduwé iman marang Yésus Kristus.​—Luk 4:18, 43; Kis 5:42; Why 14:6.

  • Kain goni.

    Kain kasar sing digunakké kanggo nggawé karung utawa kanthong, kaya sing digunakké kanggo wadhah biji-bijian. Biasané, kain goni ditenun saka wulu wedhus sing wernané peteng. Kain iki dienggo wong-wong wektu ngrasa sedhih merga ditinggal mati. Sakliyané kuwi, kain goni ya dienggo wektu wong-wong ngrasa gela lan mertobat.​—PD 37:34; Luk 10:13.

  •  Kaisar.

    Saka jeneng keluargané wong Romawi yaiku ”Caesar”, ning akhiré dadi gelaré para penguasa Romawi. Ing Alkitab, sing nganggo gelar kuwi contoné Agustus, Tibèrius, lan Klaudius. Néro ya disebut Kaisar senajan dhèwèké ora disebutké ing Alkitab. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, gelar ”Kaisar” ya maksudé pamréntah utawa Negara.​—Mrk 12:17; Kis 25:12.

  • Kanaan.

    Putuné Nuh lan anaké Ham sing nomer papat. Sewelas suku keturunané Kanaan manggon ing dhaérah sepanjang sebelah wétané Laut Besar, ing antarané Mesir lan Siria. Dhaérah kuwi disebut ”tanah Kanaan”. (Km 18:3; PD 9:18; Kis 13:19)—Deloken Lamp. B4.

  • Kapal Tarsyis.

    Awalé, istilah iki maksudé kapal-kapal sing lunga menyang Tarsyis kuna (saiki disebut Spanyol). Sakwisé kuwi, kétoké istilah iki maksudé kapal-kapal gedhé sing isa berlayar nganti adoh banget. Salomo lan Yéhosyafat nggunakké kapal-kapal kuwi kanggo urusan dagang.​—1Raj 9:26; 10:22; 22:48.

  • Kasia.

    Kulité wit kasia (Cinnamomum cassia). Wit iki mèh padha karo wit kayu manis. Kasia digunakké kanggo nggawé minyak wangi lan termasuk salah siji bahan kanggo nggawé minyak suci.​—Pa 30:24, ctn.; Mzm 45:8, ctn.; Yèh 27:19, ctn.

  • Katresnan sing langgeng.

    Biasané diterjemahké saka kata Ibrani khesedh sing artiné katresnan sing diduduhké merga wis janji, setya, lan nduwé ikatan sing kuwat. Istilah iki kerep digunakké kanggo nduduhké katresnané Gusti Allah marang manungsa. Ning, Alkitab ya kandha nèk manungsa ya isa nduduhké katresnan iki marang wong liya.​—Pa 34:6, ctn.; Rut 3:10, ctn.

  • Kaum Nètinim.

    Pelayan utawa abdi ing bait sing dudu wong Israèl. Istilah Ibrani iki nèk diterjemahké kata per kata artiné ”Wong sing Diwènèhké”, mungkin maksudé diwènèhké bèn isa dadi pelayan ing bait. Kétoké, akèh wong Nètinim asalé saka keturunané wong Gibéon, sing diwènèhi tugas karo Yosua kanggo ”ngumpulké kayu lan nimba banyu kanggo bangsa Israèl lan kanggo mézbahé Yéhuwah.”​—Yos 9:23, 27; 1Bb 9:2; Ézr 8:17.

  • Kayu sing dipasang ing gulu.

    Kayu lurus sing dipikul ing pundhaké wong, lan ana barang sing digantung ing pucuk-pucuké kayu kuwi, utawa rangka kayu sing dipasang ing guluné kéwan loro (biasané sapi) wektu narik alat pertanian utawa kréta. Merga budhak kerep nggunakké kayu iki ing guluné kanggo mikul beban sing abot, mula kayu iki nggambarké perbudhakan, manut karo wong liya, ditindhes, lan sengsara. Kayu sing disingkirké utawa ditugel nglambangké nèk wong wis dibébaské, ora dadi budhak manèh, lan ora ditindhes manèh.​—Km 26:13; Mat 11:29, 30.

  • Kémah pertemuan.

    Istilah iki isa berarti kémahé Musa utawa tabernakel suci sing dibangun ing padhang belantara.​—Pa 33:7; 39:32.

  • Kepala cagak.

    Hiasan sing ana ing ndhuwuré cagak. Ana loro kepala cagak sing gedhé banget ing ndhuwuré cagak Yakhin lan Boaz sing ana ing ngarepé bait sing dibangun Salomo. (1Raj 7:16)—Deloken Lamp. B8.

  • Kerajaané Gusti Allah.

    Istilah iki khususé digunakké kanggo nduduhké haké Gusti Allah kanggo mréntah sing diwakili karo pamréntahané Anaké, yaiku Kristus Yésus.​—Mat 12:28; Luk 4:43; 1Kor 15:50.

  • Kerub.

    Malaékat sing kedudukané dhuwur lan nduwé tugas khusus. Malaékat iki béda karo sérafim.​—PD 3:24; Pa 25:20; Yés 37:16; Ibr 9:5.

  • Kesaksian.

    Biasané ”Kesaksian” maksudé sepuluh préntah sing ditulis ing lèmpèngan watu loro sing diwènèhké marang Musa.​—Pa 31:18.

  • Khaldéa; Wong Khaldéa.

    Awalé, kuwi maksudé negara lan wong-wong sing manggon ing dhaérah sekitar Kali Tigris lan Kali Éfrat. Terus, istilah kuwi digunakké kanggo nduduhké kabèh dhaérah  Babilon lan rakyaté. Wong-wong sing pinter soal ilmu pengetahuan, sejarah, basa, lan ilmu bintang ya disebut ”Wong Khaldéa”.—Ézr 5:12; Dan 4:7; Kis 7:4.

  • Khémos.

    Déwa utama sing disembah wong Moab.​—1Raj 11:33.

  • Khislew.

    Jeneng sasi ke-9 ing kalènder agama Yahudi lan sasi ke-3 ing kalènder umum Yahudi. Jeneng iki digunakké sakwisé wong Yahudi dibébaské saka Babilon. Sasi iki dimulai saka pertengahan November nganti pertengahan Desember. (Néh 1:1; Za 7:1)—Deloken Lamp. B15.

  • Kitab Suci.

    Tulisan suci sing isiné omongané Gusti Allah. Istilah iki mung ana ing Kitab-Kitab Yunani Kristen.​—Luk 24:27; 2Tim 3:16.

  • Kor.

    Takeran kanggo bahan kering lan cairan sing jumlahé 220 L. Jumlah kuwi ditentokké nganggo dhasar nèk 1 bat kuwi 22 L. (1Raj 5:11)—Deloken Lamp. B14.

  • Koral.

    Watu karang sing atos sing asalé saka balungé kéwan-kéwan cilik ing laut. Wernané watu iki ana macem-macem, misalé abang, putih, lan ireng. Ana akèh watu koral ing Laut Merah. Ing jaman Alkitab, koral abang kuwi regané larang banget lan kerep dienggo nggawé manik-manik utawa perhiasan liyané.​—WB 8:11, ctn.

  • Korban.

    Persembahan sing diwènèhké marang Gusti Allah kanggo nduduhké rasa syukur lan ngakoni kesalahan. Sakliyané kuwi, wong mènèhi persembahan bèn isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah. Sing pertama kali mènèhké korban yaiku Habèl. Sakwisé kuwi, wong-wong réla mènèhké korban termasuk korban kéwan. Sakwisé ana perjanjian Hukum Musa, wong-wong Israèl wajib mènèhké korban kéwan. Ning, korban kéwan wis ora dibutuhké manèh sakwisé Yésus masrahké nyawané dadi korban sing sampurna. Wong Kristen kudu muji Gusti Allah lan nindakké apa sing apik, lan kuwi dipadhakké kaya mènèhké korban marang Gusti Allah.​—PD 4:4; Ibr 13:15, 16; 1Yoh 4:10.

  • Korban kerukunan.

    Korban sing diwènèhké supaya isa rukun manèh karo Yéhuwah. Wong sing mènèhi éntuk mangan dagingé kéwan iki bareng karo keluargané, imam sing mènèhké korban kuwi, lan para imam sing éntuk giliran tugas. Asap saka gajihé kéwan sing diobong kuwi nggawé Yéhuwah seneng. Getihé kéwan, yaiku nyawané, ya diwènèhké marang Yéhuwah. Korban iki nggambarké hubungan sing rukun antarané Yéhuwah, para imam, lan umaté Yéhuwah merga wong-wong kuwi kaya lagi mangan bareng karo Yéhuwah.​—Km 7:29, 32; PT 27:7.

  • Kordhèn.

    Kain sing misahké Ruang Suci lan Ruang Mahasuci ing tabernakel lan ing bait. Kain iki apik banget merga digawé saka kain sing ditenun lan dihias nganggo gambaré kerub-kerub sing disulam ing kain kuwi. (Pa 26:31; 2Bb 3:14; Mat 27:51; Ibr 9:3)—Deloken Lamp. B5.

  • Kréta.

    Kendaraan sing rodhané loro lan ditarik jaran sing biasané dienggo perang.​—Pa 14:23; PH 4:13; Kis 8:28.

  • Kristen.

    Jeneng sing diwènèhké Gusti Allah kanggo para pengikuté Yésus Kristus.​—Kis 11:26; 26:28.

  • Kristus.

    Gelaré Yésus. Saka kata Yunani Khristos, sing artiné padha karo kata Ibrani ”Mésias” utawa ”Sing Dilantik”.​—Mat 1:16; Yoh 1:41.

  • Kuburan.

    Nèk ditulis nganggo huruf cilik, kuwi maksudé panggonan kanggo ngubur wong mati. Ning, nèk huruf pertamané ditulis nganggo huruf gedhé, kuwi diterjemahké saka kata Ibrani ”Syéol” utawa kata Yunani ”Hadès”. Ing Alkitab, kuwi maksudé dudu panggonan sing ana tenan, ning mung dienggo lambang sing nggambarké keadaané wong mati sing wis ora isa apa-apa lan ora sadhar.​—PD 47:30; Pkh 9:10; Kis 2:31.

  • Kulit biji-bijian.

    Kulit sing dipisahké saka bagéan biji-bijian sing isa dipangan.  Kuwi kepisah wektu digiles utawa ditapèni. Kulit biji-bijian dienggo nggambarké apa sing ora ana gunané lan ora penting.​—Mzm 1:4; Mat 3:12.

  • Kursi pengadilan.

    Biasané bentuké kaya panggung sing ana ing njaba lan ana undhak-undhakané. Ing kono, para pejabat bakal lungguh kanggo ngomong utawa nyampèkké keputusané ing ngarepé wong akèh. Istilah ”kursi pengadilané Gusti Allah” lan ”kursi pengadilané Kristus” nggambarké pengaturané Yéhuwah kanggo ngadili manungsa.​—Rm 14:10, ctn.; 2Kor 5:10, ctn.; Yoh 19:13.

  • Kusta.

    Penyakit kulit sing berbahaya. Kusta sing disebutké ing Alkitab ora mung termasuk kusta sing dikenal ing jaman saiki merga sakliyané nyerang manungsa penyakit iki ya isa nyerang klambi lan omah.​—Km 14:54, 55; Luk 5:12.

  • Kutha Daud.

    Jeneng kuthané wong Yébus sakwisé Daud ngrebut kutha kuwi lan mbangun istanané ing kana. Kutha Daud ya disebut Zion. Kuwi ana ing sebelah tenggara Yérusalèm lan dadi bagéan sing paling kuna ing Yérusalèm.​—2Sam 5:7; 1Bb 11:4, 5.

  • Kutha perlindungan.

    Kutha-kuthané wong Lèwi sing dadi panggonan perlindungan kanggo wong sing ora sengaja matèni wong liya. Yéhuwah ngongkon Musa lan Yosua bèn milih 6 kutha ing Tanah Perjanjian sing isa digunakké dadi kutha perlindungan. Wong sing ora sengaja matèni isa mlayu menyang salah siji kutha perlindungan bèn ora dipatèni wong sing nduwé hak kanggo mbales. Pas tekan ing kutha perlindungan, wong sing péngin dilindhungi kuwi kudu njelaské masalahé marang para pemimpin kutha kuwi ing gerbang kutha, lan para pemimpin kuwi kudu nampa wong kuwi. Bèn pengaturan iki ora disalahgunakké karo wong sing sengaja matèni, wong sing péngin dilindhungi kudu diadili ing kutha panggonané pembunuhan kuwi kelakon. Nèk wong kuwi kebukti ora salah, dhèwèké bakal bali ing kutha perlindungan kuwi. Dhèwèké ora éntuk metu saka batas kutha perlindungan lan kudu manggon ing kono nganti imam agung mati.​—Wi 35:6, 11-15, 22-29; Yos 20:2-8.

  • Kutuk.

    Ngutuk kuwi béda karo ngunèk-unèkké utawa ngomong kasar merga lagi nesu. Ngutuk kuwi artiné ngomong nèk wong, bangsa, utawa liyané bakal ngalami cilaka. Biasané kuwi pernyataan resmi kanggo ngomongké utawa ngramalké nèk apa sing èlèk bakal kelakon. Nèk sing nyampèkké kuwi Gusti Allah utawa wong sing diwènèhi kuwasa, kutukan isa dianggep ramalan sing mesthi bakal kelakon.​—PD 12:3; Wi 22:12; Gal 3:11.

L

  • Laguné wong sing munggah menyang kutha.

    Superskripsi Mazmur 120-134. Senajan ana akèh pendapat sing béda-béda soal artiné istilah iki, akèh sing percaya nèk 15 mazmur iki dinyanyèkké wong Israèl sing nyembah Gusti Allah wektu wong-wong kuwi ”munggah” menyang Yérusalèm, sing ana ing dhaérah pegunungan Yéhuda, merga arep teka ing telu perayaan taunan sing penting. Wong-wong Israèl ngrasa seneng wektu nyanyèkké mazmur-mazmur kuwi.

  • Laku jina.

    Hubungan sèks sing sengaja ditindakké wong lanang utawa wong wédok sing wis nikah karo wong liya sing dudu bojoné.​—Pa 20:14; Mat 5:27; 19:9.

  • Lantik; Nglantik.

    Kata Ibraniné berarti ”ngolèsi nganggo cairan”. Minyak diesokké marang wong utawa barang kanggo nglambangké nèk wong utawa barang kuwi digunakké kanggo tujuan khusus. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, kata iki ya digunakké wektu roh suci diwènèhké marang wong-wong sing dipilih kanggo urip ing swarga.​—Pa 28:41; 1Sam 16:13; 2Kor 1:21.

  • Lègiun.

    Pasukan tentara Romawi kuna sing jumlahé kira-kira 4.000 nganti 6.000 tentara. Kata ”lègiun” ing Alkitab maksudé yaiku jumlah sing akèh banget nganti ora isa diétung.​—Mat 26:53, ctn.; Mrk 5:9; Luk 8:30.

  •  Lèpton.

    Ing jaman Kitab-Kitab Yunani Kristen, lèpton kuwi dhuwit rècèh saka tembaga utawa perunggu sing cilik banget nilainé. Ing beberapa terjemahan Alkitab, kata kuwi diterjemahké dadi ”igar”. (Mrk 12:42, ctn.; Luk 21:2, ctn.)—Deloken Lamp. B14.

  • Lèwi; Wong Lèwi.

    Anaké lanang Yakub sing nomer telu. Ibuné jenengé Léa. Jeneng Lèwi ya dienggo nyebut suku keturunané Lèwi. Telu anaké Lèwi dadi leluhuré telu keluarga utama keturunané Lèwi. Kadhang kala, istilah ”wong Lèwi” kuwi maksudé kabèh suku Lèwi, ning biasané ora termasuk keluargané Harun sing dadi imam. Suku Lèwi ora nampa warisan tanah ing Tanah Perjanjian, ning diwènèhi 48 kutha sing ana ing wilayahé suku-suku liya.​—PT 10:8; 1Bb 6:1; Ibr 7:11.

  • Lèwiatan.

    Kétoké sing dimaksud yaiku kéwan sing uripé ing banyu. Kata Ibrani ”lèwiatan” sing digunakké ing Ayub 3:8 lan 41:1 kétoké maksudé baya utawa kéwan sing gedhé lan kuwat, sing uripé ing banyu. Ing Mazmur 104:26, sing dimaksud lèwiatan kuwi mungkin sejenis iwak paus. Ing ayat-ayat liyané, lèwiatan digunakké dadi lambang lan ora ngerti sakjané kuwi kéwan apa.​—Mzm 74:14; Yés 27:1.

  • Log.

    Takeran cairan sing paling cilik sing disebutké ing Alkitab. Talmud Yahudi nyebutké nèk jumlahé log kuwi padha karo 1/12 hin. Mula, kuwi dadi dhasar kanggo nentokké nèk 1 log kuwi jumlahé 0,31 L. (Km 14:10)—Deloken Lamp. B14.

M

  • Mahalat.

    Iki kétoké istilah musik lan disebutké ing superskripsi Mazmur 53 lan 88. Mahalat kuwi kétoké istilah musik sing ana hubungané karo kata kerja Ibrani sing artiné ”kentèkan tenaga; lara”. Mula, kétoké istilah iki maksudé irama lagu sing sedhih sing cocog karo isiné lirik sing ana ing loro lagu kuwi.

  • Makédonia.

    Wilayah ing sisih loré Yunani, sing dadi terkenal wektu Alèksander Agung dadi penguasa. Wilayah iki ora dikuwasani sapa-sapa nganti wilayah iki direbut karo wong Romawi. Makédonia wis dadi provinsiné Romawi wektu Rasul Paulus pertama kali mara ing Eropa. Paulus lunga menyang Makédonia ping telu. (Kis 16:9)—Deloken Lamp. B13.

  • Malaékat.

    Saka kata Ibrani malakh lan kata Yunani aggelos sing artiné ”utusan”. Ning, nèk sing diutus kuwi makhluk roh, kata kuwi diterjemahké dadi ”malaékat”. (PD 16:7; 32:3; Yak 2:25; Why 22:8) Malaékat kuwi makhluk roh sing kuwat lan diciptakké Gusti Allah suwé sakdurungé manungsa diciptakké. Ing Alkitab, malaékat ya disebut ”anak-anaké Gusti Allah” lan ”bintang-bintang ésuk”. (Ayb 1:6, ctn.; 38:7) Malaékat diciptakké siji-siji lan ora diwènèhi kemampuan kanggo nduwé keturunan. Jumlahé malaékat ana luwih saka satus yuta. (Dan 7:10) Alkitab nduduhké nèk saben malaékat nduwé jeneng lan kepribadian sing béda-béda. Ning, para malaékat kuwi rendah hati lan ora gelem disembah. Malah, ana malaékat sing ora gelem ngandhani jenengé. (PD 32:29; Luk 1:26; Why 22:8, 9) Para malaékat nduwé kedudukan lan tugas sing béda-béda, contoné nglayani ing ngarep takhtané Yéhuwah, nyampèkké omongané Gusti Allah, tumindak kanggo abdi-abdiné Yéhuwah ing bumi, nindakké pengadilané Gusti Allah, lan ndhukung gawéan martakké kabar apik. (2Raj 19:35; Mzm 34:7; Luk 1:30, 31; Why 5:11; 14:6) Sukmbèn, para malaékat bakal ndhukung Yésus ing perang Armagédon.​—Why 19:14, 15.

  • Malkam.

    Kétoké padha karo Molèkh, yaiku déwa utama sing disembah wong Ammon. (Zéf 1:5)—Deloken MOLÈKH.

  • Manna.

    Panganan utama sing disedhiakké Yéhuwah kanggo wong Israèl wektu ana ing padhang belantara 40 taun suwéné. Yéhuwah nggawé mukjijat supaya saben ésuk kecuali pas dina Sabat, manna ujug-ujug ana ing ndhuwur lemah, ing ngisor lapisan embun. Wektu pertama kali ndelok kuwi, wong Israèl takon, ”Iki apa, ta?” utawa ing basa Ibrani, ”man hu?” (Pa 16:13-15, 35) Ing ayat-ayat  liyané, manna disebut ”panganan saka langit” (Mzm 78:24), ”roti saka langit” (Mzm 105:40), lan ”roti saka malaékat” (Mzm 78:25, ctn.). Yésus ya tau dipadhakké kaya manna.​—Yoh 6:49, 50.

  • Maskil.

    Istilah Ibrani sing arti pastiné ora dingertèni. Ana 13 Mazmur sing nyebutké istilah iki ing superskripsiné. Istilah iki kétoké artiné ”puisi renungan”. Bentuk istilah iki mèh padha karo kata sing artiné ”tumindak wicaksana wektu nglayani”. Mula, ana sing nduwé pendapat nèk arti istilah iki ana hubungané karo arti kata kuwi.​—2Bb 30:22; Mzm 32:Sup.

  • Mazmur.

    Lagu kanggo muji Gusti Allah. Mazmur dinyanyèkké nganggo iringan alat musik lan dinyanyèkké wektu ibadah. Kuwi ya dinyanyèkké wektu ngibadah marang Gusti Allah Yéhuwah ing bait Yérusalèm.​—Luk 20:42; Kis 13:33; Yak 5:13.

  • Média; Wong Média.

    Wong Média kuwi keturunané Madai anaké Yafèt. Wong Média manggon ing dhaérah pegunungan ing dataran tinggi Iran, sing akhiré dadi negara Média. Wong Média sekongkol karo Babilon bèn isa ngalahké Asiria. Wektu kuwi, Pèrsia dadi salah siji provinsiné Média, tapi Korès mbrontak. Terus, Média lan Pèrsia bersatu mbentuk Kerajaan Média-Pèrsia, terus ngalahké Kerajaan Babilon Anyar ing taun 539 SM. Ana wong-wong Média sing teka ing Yérusalèm wektu Péntakosta taun 33 M. (Dan 5:28, 31; Kis 2:9)—Deloken Lamp. B9.

  • Menyan.

    Getah garing saka wit utawa suket ing kelompok tanduran Boswellia. Wektu diobong, menyan ambuné wangi. Menyan kuwi salah siji bahan kanggo nggawé dupa suci sing digunakké ing tabernakel lan ing bait. Menyan ya digunakké wektu mènèhké persembahan biji-bijian, lan didèlèhké ing saben tumpukan roti sing dipersembahké ing Ruang Suci.​—Pa 30:34-36; Km 2:1; 24:7; Mat 2:11.

  • Mérodakh.

    Déwa utama ing kutha Babilon. Sakwisé Hammurabi, yaiku raja Babilon lan sing nggawé hukum Babilon, ndadèkké Babilon ibukotané Babilonia, Mérodakh (utawa Marduk) dadi déwa sing penting. Akhiré, Mérodakh nggantèni déwa-déwa sakdurungé, terus dadi déwa utama ing kuilé wong Babilon. Bar kuwi, jeneng Mérodakh (Marduk) diganti dadi ”Bèlu” (”Sing Nduwé”), lan biasané disebut Bèl.​—Yér 50:2.

  • Mertobat.

    Ing Alkitab, istilah iki maksudé berubah pikiran lan ngrasa gela merga wis nindakké sing salah utawa ora nindakké sing kuduné ditindakké. Wong sing bener-bener mertobat bakal ngubah tumindaké.​—Mat 3:8; Kis 3:19; 2Ptr 3:9.

  • Mésias.

    Kata iki asalé saka kata Ibrani sing artiné ”dilantik” utawa ”sing dilantik”. Kata iki artiné padha karo kata ”Kristus” ing basa Yunani.​—Dan 9:25; Yoh 1:41.

  • Meterai.

    Alat kanggo mènèhi cap (biasané sing dicap kuwi bahan saka tanah liat utawa lilin) sing nduduhké nèk barang kuwi asli utawa wis ana sing nduwé. Meterai ya dienggo tandha persetujuan. Meterai kuna digawé saka bahan sing atos (watu, gadhing, utawa kayu) sing ana ukiran huruf utawa gambar sing kuwalik. Istilah meterai ya digunakké dadi lambang, sing isa berarti nèk sing diwènèhi meterai kuwi asli, ana sing nduwé, utawa didhelikké lan rahasia—Néh 9:38; Why 5:1; 9:4.

  • Mézbah.

    Panggonan kanggo mènèhké korban utawa dupa wektu ngibadah. Mézbah biasané digawé saka lemah, watu, watu sing ditumpuk-tumpuk, utawa kayu sing dilapisi logam. Ing ruang pertama ing tabernakel lan ing bait, ana ”mézbah saka emas” sing ukurané cilik kanggo mènèhké dupa. Kuwi digawé saka kayu sing dilapisi emas. Ing njaba halaman bait, ana ”mézbah saka tembaga” sing ukurané luwih gedhé kanggo mènèhké korban bakaran. (Pa 27:1; 39:38, 39; PD 8:20; 1Raj 6:20; 2Bb 4:1; Luk 1:11)—Deloken Lamp. B5 lan B8.

  • Miktam.

    Kata Ibrani sing arti pastiné ora dingertèni. Ana 6 mazmur (Mzm 16, 56-60) sing nyebutké kata iki ing  superskripsiné. Mungkin kata iki ana hubungané karo arti kata ”ukiran tulisan”.

  • Mil.

    Ukuran kanggo jarak sing disebutké mung sepisan ing tèks asli Kitab-Kitab Yunani Kristen, yaiku ing Matius 5:41. Sing dimaksud iki mungkin mil Romawi sing adohé padha karo 1.479,5 m.​—Deloken Lamp. B14.

  • Milkom.

    Déwa sing disembah wong Ammon. Mungkin padha karo Molèkh. (1Raj 11:5, 7) Ing akhir pamréntahané, Salomo mbangun panggonan-panggonan dhuwur kanggo nyembah déwa palsu iki.​—Deloken MOLÈKH.

  • Mina.

    Ukuran timbangan lan mata uang. Ing Kitab Yèhèzkièl, kuwi disebut mané. Nurut bukti sing ditemokké ahli purbakala, sak mina kuwi padha karo 50 syèkel, lan sak syèkel kuwi aboté 11,4 g. Ing Kitab Ibrani, sak mina kuwi aboté 570 g. Kaya hasta sing nduwé loro ukuran, kétoké mina ya nduwé loro nilai, sing siji mina biasa lan sing siji mina kerajaan. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, sak mina kuwi padha karo 100 drakhma, lan aboté kira-kira 340 g. Sewidak mina kuwi padha karo sak talènta. (Ézr 2:69; Yèh 45:12, ctn.; Luk 19:13)—Deloken Lamp. B14.

  • Molèkh.

    Déwa sing disembah wong Ammon lan mungkin padha karo Malkam, Milkom, lan Molokh. Iki kétoké gelar, dudu jeneng. Hukum Musa kandha nèk wong sing ngorbanké anaké kanggo Molèkh kudu dihukum mati.​—Km 20:2; Yér 32:35; Kis 7:43.

  • Molokh.​

    Deloken MOLÈKH.

  • Mukjijat.

    Tumindak utawa peristiwa sing hébat, sing kanggoné manungsa kuwi sakjané ora mungkin kelakon, lan asalé dianggep saka Gusti Allah utawa kekuwatan sing hébat banget. Kadhang kala, kata ”tandha” lan ”tumindak sing ajaib” sing digunakké ing Alkitab nduwé arti sing padha karo mukjijat.​—Mat 11:20; Kis 4:22, ctn.; Ibr 2:4.

  • Mur; Getah wangi.

    Getah wangi saka suket eri utawa wit-witan cilik sing termasuk ing kelompok tanduran Commiphora. Mur kuwi salah siji bahan kanggo nggawé minyak suci sing dienggo nglantik wong. Mur digunakké dadi pewangi klambi, kasur, utawa barang-barang liyané lan isa dicampurké ing minyak kanggo pijet utawa kanggo ngrawat kulit. Mur ya digunakké kanggo nyiapké mayat sing arep dikubur.​—Pa 30:23; WB 7:17; Yoh 19:39.

  • Murtad.

    Kata murtad diterjemahké saka kata benda Yunani apostasia sing isa berarti ”pengkhianatan utawa pembrontakan”. Kata Yunani apostasia asalé saka kata kerja sing artiné ”ngedoh saka”. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, istilah ”murtad” biasané digunakké kanggo wong-wong sing nyimpang saka ibadah sing bener.​—WB 11:9; Kis 21:21; 2Tés 2:3.

  • Mut-labèn.

    Istilah sing disebutké ing superskprisi Mazmur 9 sing artiné ”soal kematiané anak lanang”. Mungkin iki ya jenengé wong utawa kata-kata pertama saka lagu terkenal sing iramané digunakké kanggo nyanyèkké mazmur iki.

N

  • Nabi.

    Wong sing nyampèkké tujuané Gusti Allah. Nabi ngomong dadi wakilé Gusti Allah. Nabi ora mung nyampèkké ramalan, ning ya nyampèkké ajaran, préntah, lan hukuman saka Yéhuwah.​—Am 3:7; 2Ptr 1:21.

  • Najis.

    Mungkin maksudé awak sing reged utawa tumindak sing nglanggar hukum soal apa sing apik. Ing Alkitab, kata iki biasané maksudé apa waé sing ora cocog utawa ora resik menurut Hukum Musa.​—Km 5:2; 13:45; Mat 10:1, ctn.; Kis 10:14; Éf 5:5.

  • Narwastu.

    Minyak wangi larang sing wernané abang, sing digawé saka tanduran narwastu (Nardostachys jatamansi). Merga regané larang, ana sing nggawé minyak narwastu palsu utawa nyampur minyak kuwi karo minyak sing luwih murah. Ning, Markus lan Yohanes kandha nèk minyak sing diesokké ing sirah lan  sikilé Yésus kuwi ”narwastu murni”.​—Mrk 14:3; Yoh 12:3.

  • Ndèlèhké tangan ing ndhuwur sirah.

    Tangan didèlèhké ing ndhuwur sirahé wong wektu nglantik wong kuwi kanggo nindakké tugas khusus, mberkahi, marèkké, utawa kanggo mènèhi roh suci. Kadhang kala, kuwi ya ditindakké marang kéwan sing arep dikorbanké.​—Pa 29:15; Wi 27:18; Kis 19:6; 1Tim 5:22, ctn.

  • Néfilim.

    Wong-wong sing kejem, keturunané malaékat-malaékat sing berubah dadi manungsa. Malaékat-malaékat kuwi nikah karo wong wédok sakdurungé Banjir Gedhé.​—PD 6:4.

  • Néhilot.

    Arti saka istilah iki ora pasti. Istilah iki ana ing superskripsi Mazmur 5. Ana sing nduwé pendapat nèk istilah kuwi maksudé alat musik sing disebul, merga istilah kuwi ana kaitané karo kata Ibrani khalil (suling). Tapi, istilah iki isa waé berarti lagu tertentu.

  • Ngabdi marang Gusti Allah.

    Iki artiné menghormati, nyembah, lan nglayani Yéhuwah. Wong sing ngabdi marang Gusti Allah bakal ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah.​—1Tim 4:8; 2Tim 3:12.

  • Ngapura dosa.

    Ing Kitab-Kitab Ibrani, istilah iki ana hubungané karo mènèhké korban bèn wong isa nyedhak lan ngibadah marang Gusti Allah. Nurut Hukum Musa, korban sing diwènèhké, khususé pas Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa, kuwi tujuané supaya siji wong Israèl utawa sak bangsa isa rukun manèh karo Gusti Allah senajan nduwé dosa. Korban-korban kuwi dadi gambaran saka korbané Yésus sing diwènèhké kanggo nebus dosané manungsa lan nggawé manungsa rukun manèh karo Yéhuwah. Yésus nindakké kuwi ping pisan kanggo saklawasé.​—Km 5:10; 23:28; Kol 1:20; Ibr 9:12.

  • Nggiles; Panggonan kanggo nggiles biji-bijian.

    Misah biji-bijian saka kulit lan cabangé. Carané misah biji-bijian saka kulit lan cabangé isa nganggo tangan, nganggo tongkat, utawa nganggo alat khusus nèk biji-bijiané akèh, contoné yaiku nganggo papan kanggo nggiles utawa gilingan sing ditarik kéwan. Alat-alat kuwi bakal nggiles biji-bijian sing didèlèhké ing panggonan kanggo nggiles. Panggonané kuwi rata lan bentuké lingkaran. Panggonan kanggo nggiles biji-bijian biasané ana ing panggonan sing akèh anginé.​—Km 26:5; Yés 41:15; Mat 3:12.

  • Nisan.

    Jeneng anyar sasi Abib sakwisé wong Yahudi dibébaské saka Babilon. Iki sasi pertama ing kalènder agama Yahudi. Sasi iki dimulai saka pertengahan Maret nganti pertengahan April. (Néh 2:1)—Deloken Lamp. B15.

O

  • Omèr.

    Takeran kanggo bahan kering sing jumlahé 2,2 L utawa sepersepuluh éfa. (Pa 16:16, 18)—Deloken Lamp. B14.

  • Oniks.

    Watu berharga sing wernané béda-béda (ireng, coklat, abang, abu-abu, utawa ijo) lan selang-seling karo werna putih. Watu iki digunakké ing klambi khusus sing dienggo imam agung.​—Pa 28:9, 12; 1Bb 29:2; Ayb 28:16.

P

  • Panggonan dhuwur.

    Panggonan kanggo ngibadah sing biasané ana ing puncak bukit, gunung, utawa panggonan dhuwur gawéané manungsa. Senajan panggonan-panggonan dhuwur kadhang kala dienggo ngibadah marang Gusti Allah, ning kerep-kerepé kuwi dihubungké karo ibadah marang allah-allah palsu.​—Wi 33:52; 1Raj 3:2; Yér 19:5.

  • Panggonan meres anggur.

    Biasané bentuké kolam cilik loro sing digawé saka watu kapur. Kolam sing siji luwih dhuwur timbang sing sijiné lan dihubungké nganggo saluran cilik. Wektu anggur diperes ing lubang sing luwih dhuwur, sariné bakal mili ing kolam sing luwih cendhèk. Istilah iki ya digunakké kanggo nggambarké wektu Gusti Allah ngadili.​—Yés 5:2; Why 19:15.

  • Panggonan suci.

    Panggonan sing dikhususké kanggo ngibadah, panggonan  sing suci. Biasané kuwi maksudé tabernakel utawa bait ing Yérusalèm. Istilah kuwi ya isa berarti baité Gusti Allah utawa panggonané Gusti Allah ing swarga.​—Pa 25:8, 9; 2Raj 10:25; 1Bb 28:10; Why 11:19.

  • Papirus.

    Tanduran sing thukul ing banyu. Tanduran iki digunakké kanggo nggawé barang-barang, misalé kranjang, wadhah, lan prau. Papirus ya digunakké kanggo nggawé kertas. Akèh gulungan digawé saka papirus.​—Pa 2:3.

  • Pasa.

    Ora mangan apa-apa kanggo sementara wektu. Wong Israèl biasané pasa pas Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa, pas susah, lan pas mbutuhké tuntunan saka Gusti Allah. Wong Yahudi nduwé kebiasaan pasa ping papat saben taun kanggo ngéling-éling peristiwa ora apik sing tau dialami bangsa kuwi. Wong Kristen ora kudu pasa.—Ézr 8:21; Yés 58:6; Luk 18:12.

  • Paskah.

    Perayaan saben taun sing dirayakké tanggal 14 Abib (saiki disebut Nisan) kanggo ngéling-éling wektu wong Yahudi dibébaské saka Mesir. Pas ngrayakké kuwi, wong-wong mbelèh lan manggang anak domba (utawa kambing), terus dipangan karo sayur pait lan roti tanpa ragi.​—Pa 12:27; Yoh 6:4; 1Kor 5:7.

  • Pasung.

    Alat kanggo nyiksa lan ngukum. Alat iki digawé saka kayu sing ing tengahé ana bolongané kanggo njepit sikil. Ning, ya ana pasung sing nggawé badané wong sing dipasung kuwi ketekuk merga tangan, sikil, lan guluné wong kuwi dipasung.​—Yér 20:2; Kis 16:24.

  • Pecut.

    Pecut sing disebutké ing Kitab-Kitab Yunani Kristen kuwi bentuké tali-tali sing ana simpulé lan ujung-ujungé landhep.​—Mat 20:19; Yoh 19:1.

  • Pegunungan Lébanon.

    Salah siji saka loro barisan pegunungan sing ana ing Lébanon. Pegunungan Lébanon ana ing sisih kulon lan Pegunungan Anti-Lébanon ana ing sisih wétan. Ing tengah-tengahé pegunungan loro kuwi ana lembah sing subur lan luas. Pegunungan Lébanon kuwi ana ing sampingé pesisir Laut Tengah, lan puncak-puncak gunung sing ana ing kono kuwi dhuwuré kira-kira 1.800 lan 2.100 m. Mbiyèn, ana akèh wit aras sing gedhé ing Lébanon, lan kuwi dianggep berharga karo bangsa-bangsa sekitaré. (PT 1:7; Mzm 29:6; 92:12)—Deloken Lamp. B7.

  • Pejabat pengadilan.

    Ing pamréntahan Babilon, para pejabat pengadilan kuwi tugasé ing provinsi-provinsi. Wong-wong kuwi ahli soal hukum lan diwènèhi wewenang dadi hakim, senajan ora mutlak. Ing dhaérah-dhaérah jajahan Romawi, para pejabat pengadilan kerja kanggo pamréntah. Tugasé yaiku njaga ketertiban, ngatur keuangan, ngadili wong-wong sing nglanggar hukum, lan mènèhi hukuman.​—Dan 3:2; Kis 16:20.

  • Pelacur.

    Wong sing nindakké hubungan sèks karo wong sing dudu bojoné, biasané merga péngin éntuk dhuwit. (Kata Yunani ”pelacur”, yaiku porne, asalé saka kata dhasar sing artiné ”ngedol”.) Biasané pelacur kuwi wong wédok, tapi Alkitab nyebutké nèk ana wong lanang sing dadi pelacur. Hukum Musa ngomong nèk wong sing dadi pelacur bakal dihukum, lan dhuwit hasil pelacuran ora ditampa dadi sumbangan ing panggonan suciné Yéhuwah. Wong-wong kafir malah ndadèkké para pelacur kuil dadi sumber penghasilané. (PT 23:17, 18; 1Raj 14:24) Alkitab nggunakké kata ”pelacur” kanggo nglambangké wong-wong, bangsa, utawa kelompok sing ngaku nyembah Gusti Allah padahal sakjané nyembah brahala. Contoné, kumpulan agama-agama sing disebut ”Babilon Gedhé” digambarké kaya pelacur merga akrab karo para penguasa donya bèn éntuk kuwasa lan harta.​—Why 17:1-5; 18:3.

  • Pemimpin musik.

    Istilah Ibrani sing digunakké ing mazmur sing kétoké maksudé wong sing nyusun lagu, ngarahké nyanyian, nglatih wong Lèwi sing dadi penyanyi, lan mimpin pertunjukan resmi.​—Mzm 4:Sup; 5:Sup.

  •  Pemimpiné para malaékat.

    Ing Alkitab, istilah iki mung digunakké ing bentuk tunggal lan nduduhké nèk mung ana siji pemimpiné para malaékat. Alkitab kandha nèk jenengé pemimpiné para malaékat yaiku Mikhaèl.​—Dan 12:1; Yud 9; Why 12:7.

  • Penawanan.

    Iki maksudé digawa lunga saka negara utawa panggonan asalé. Ing basa Ibrani, kata iki maksudé ”ninggalké”. Bangsa Israèl tau ngalami penawanan nganti ping pindho. Kerajaan sepuluh suku ing sisih lor ditawan karo wong Asiria, lan kerajaan loro suku ing sisih kidul ditawan karo wong Babilon. Kabèh rakyat ing loro kerajaan kuwi éntuk bali manèh pas pamréntahané Korès, raja Pèrsia.​—2Raj 17:6; 24:16; Ézr 6:21.

  • Pengawal Kerajaan.

    Sak kelompok prajurit Roma sing dadi pengawalé kaisar Roma. Kelompok iki nduwé pengaruh sing gedhé ing politik merga isa ndhukung utawa nyingkirké kaisar.​—Flp 1:13.

  • Pengawas.

    Wong lanang sing nduwé tanggung jawab kanggo ngawasi lan nggatèkké jemaat, kaya gembala nggatèkké domba-dombané. Makna saka istilah Yunani episkopos yaiku ngawasi bèn isa nglindhungi. Kata ”pengawas” lan ”pinituwa” (presbyteros) kuwi maksudé padha. Kata ”pinituwa” nduduhké nèk wong sing dipilih kuwi nduwé sipat-sipat sing déwasa, lan kata ”pengawas” nduduhké nèk wong kuwi nduwé tugas tertentu.​—Kis 20:28; 1Tim 3:2-7; 1Ptr 5:2.

  • Pengikuté Èpikuros.

    Pengikuté ahli filsafat Yunani sing jenengé Èpikuros. Èpikuros lair taun 341 SM lan mati taun 270 SM. Pengikuté Èpikuros percaya nèk tujuan utamané wong urip kuwi mung seneng-seneng.​—Kis 17:18.

  • Pengikuté partai Hérodès.

    Wong-wong sing ndhukung tujuan politiké raja-raja sing asalé saka keluarga Hérodès. Raja-raja iki éntuk kekuasaan saka pamréntahan Roma. Wong-wong sing ndhukung kuwi ya disebut pengikuté Hérodès. Kétoké, ana wong-wong Saduki sing mèlu partai iki. Pengikuté Hérodès sekongkol karo wong Farisi kanggo matèni Yésus.​—Mrk 3:6.

  • Pengikuté Stoa.

    Kelompok ahli filsafat Yunani sing percaya manungsa isa bahagia nèk nggunakké kemampuané kanggo mikir lan urip sesuai karo hukum alam. Wong-wong kuwi nduwé pendapat nèk wong sing wicaksana kuwi wong sing ora terpengaruh karo rasa lara utawa rasa seneng.​—Kis 17:18.

  • Pengrajin tanah liat.

    Sing nggawé piring, mangkok, utawa wadhah liyané saka tanah liat. Kata Ibraniné artiné ”sing mbentuk”. Wewenangé pengrajin tanah liat kanggo mbentuk tanah liat biasané nggambarké wewenangé Yéhuwah kanggo mréntah saben wong lan bangsa.​—Yés 64:8; Rm 9:21.

  • Penjaga.

    Wong sing njaga wong-wong utawa panggonan saka bahaya, biasané jaga pas bengi. Nèk ana bahaya, penjaga bakal mènèhi tandha nganggo swara. Penjaga biasané njaga ing témbok kutha lan menara kanggo ngawasi sapa waé sing nyedhak ing kutha kuwi. Para nabi ya disebut para penjagané bangsa Israèl sing ngélikké bangsa kuwi nèk bakal ana bencana.​—2Raj 9:20; Yèh 3:17.

  • Péntakosta.

    Perayaan keloro saka telu perayaan penting ing Israèl. Wong-wong lanang Yahudi wajib lunga ing Yérusalèm kanggo ngrayakké telu perayaan kuwi. Péntakosta artiné ”(Dina) Kesèket”. Kitab-Kitab Yunani Kristen nggunakké istilah iki kanggo nyebut Perayaan Panèn utawa Perayaan Sakwisé Pitung Minggu sing disebutké ing Kitab-Kitab Ibrani. Perayaan iki dirayakké ing dina ke-50, diétung saka tanggal 16 Nisan.​—Pa 23:16; 34:22; Kis 2:1.

  • Peramal.

    Wong sing ngaku-ngaku isa ndelok masa depan. Ing Alkitab, istilah iki termasuk para ahli ilmu gaib, ahli ilmu bintang, lan liya-liyané.​—Km 19:31; PT 18:11; Kis 16:16.

  •  Perantara.

    Wong sing nengahi rong pihak supaya dadi rukun. Ing Alkitab, Musa dadi perantara perjanjian Hukum, lan Yésus dadi perantara perjanjian anyar.​—Gal 3:19; 1Tim 2:5.

  • Perayaan Panèn; Perayaan Sakwisé Pitung Minggu.​

    Deloken PÉNTAKOSTA.

  • Perayaan Penahbisan.

    Iki dirayakké saben taun kanggo ngéling-éling peristiwa wektu bait disucèkké sakwisé digawé najis karo Antiokhus Èpifanès. Perayaan iki dimulai tanggal 25 Khislew, lan dirayakké suwéné wolung dina.​—Yoh 10:22.

  • Perayaan Pondok.

    Perayaan iki ya disebut Perayaan Tabernakel utawa Perayaan Ngumpulké Hasil Panèn. Iki dirayakké tanggal 15-21 Étanim. Kanggo wong Israèl, iki dadi tandha rampungé musim panèn ing akhir taun. Kuwi wektu kanggo seneng-seneng lan ngucap syukur marang Yéhuwah merga wis diberkahi nganggo hasil panèn. Pas perayaan iki, wong Israèl manggon ing pondhok-pondhok kanggo ngéling-éling metuné bangsa kuwi saka Mesir. Wong-wong lanang Israèl wajib lunga menyang Yérusalèm kanggo mèlu perayaan iki lan loro perayaan liyané.​—Km 23:34; Ézr 3:4.

  • Perayaan Roti Tanpa Ragi.

    Perayaan pertama saka telung perayaan penting sing dirayakké wong Israèl saben taun. Iki dimulai tanggal 15 Nisan, yaiku sedina sakwisé Paskah, lan dirayakké suwéné pitung dina. Sing éntuk dipangan pas perayaan iki mung roti tanpa ragi. Perayaan iki kanggo ngéling-éling metuné bangsa Israèl saka Mesir.​—Pa 23:15; Mrk 14:1.

  • Perjamuan Dalu Gusti.

    Mangan roti tanpa ragi lan ngombé anggur kanggo ngéling-éling kematiané Yésus. Roti tanpa ragi kuwi nglambangké badané Yésus lan anggur nglambangké getihé Yésus. Kabèh wong Kristen kudu ngéling-éling kematiané Yésus.​—1Kor 11:20, ctn., 23-26.

  • Perjanjian.

    Persetujuan utawa kesepakatan resmi antarané Gusti Allah karo manungsa, utawa antarané manungsa karo manungsa, kanggo nindakké utawa ora nindakké sesuatu. Kadhang kala, sing kudu nindakké isiné perjanjian kuwi mung sak pihak. Iki disebut perjanjian unilateral lan kuwi sakjané padha karo janji. Sakliyané kuwi, ana perjanjian sing kudu ditindakké karo rong pihak sing nggawé perjanjian kuwi. Iki disebut perjanjian bilateral. Alkitab ora mung nyebutké perjanjian sing digawé antarané Gusti Allah lan manungsa, ning ya nyebutké perjanjian antarané wong karo wong, suku karo suku, bangsa karo bangsa, utawa kelompok tertentu. Perjanjian-perjanjian sing digawé antarané Gusti Allah karo Abraham, Daud, bangsa Israèl (perjanjian Hukum), lan Israèl duwèké Gusti Allah (perjanjian anyar) nduwé pengaruh sing gedhé kanggo manungsa.​—PD 9:11; 15:18; 21:27; Pa 24:7; 2Bb 21:7.

  • Perkamèn.

    Kulit domba, kulit kambing, utawa kulit anak sapi sing didadèkké kertas. Perkamèn luwih awèt timbang papirus. Perkamèn ya digunakké kanggo gulungan-gulungan Alkitab. Mungkin, Paulus njaluk Timotius nggawakké perkamèn sing isiné Kitab-Kitab Ibrani. Ana Gulungan Laut Mati sing ditulis ing perkamèn.​—2Tim 4:13.

  • Perkawinan ipar.

    Salah siji kebiasaan sing akhiré diatur ing Hukum Musa. Nurut kebiasaan kuwi, nèk ana wong lanang mati sakdurungé nduwé anak, adhiné utawa kakangé kudu nikah karo bojoné wong lanang kuwi bèn wong sing mati kuwi isa tetep nduwé keturunan.​—PD 38:8; PT 25:5.

  • Perlengkapan perang.

    Perlengkapan sing digunakké prajurit kanggo nglindhungi awaké, misalé tutup sirah utawa topi wesi, klambi perang, sabuk, pelindhung sikil, lan tamèng.​—1Sam 31:9; Éf 6:13-17.

  • Persembahan bakaran.

    Kéwan sing dikorbanké dadi persembahan marang Gusti Allah. Kabèh bagéan saka kéwan kuwi kudu diobong ing ndhuwur mézbah lan ora ana bagéané sing éntuk dijupuk karo wong sing mènèhké persembahan kuwi.  Kéwan sing dikorbanké kuwi isa sapi lanang, domba lanang, kambing lanang, manuk derkuku, utawa dara sing isih enom.​—Pa 29:18; Km 6:9.

  • Persembahan dosa.

    Korban sing diwènèhké kanggo dosa sing ora sengaja ditindakké wong merga dhèwèké ora sampurna. Akèh kéwan sing isa dikorbanké, contoné sapi lanang utawa manuk dara, sesuai karo kesanggupané wong sing nindakké dosa.​—Km 4:27, 29; Ibr 10:8.

  • Persembahan kesalahan.

    Korban sing diwènèhké kanggo dosa sing wis ditindakké wong kuwi dhéwé. Persembahan iki béda karo persembahan-persembahan dosa liyané. Persembahan iki kudu diwènèhké karo wong sing wis mertobat bèn isa bébas saka hukuman lan éntuk manèh hak-haké sesuai karo perjanjian hukum, sing wis ilang merga dhèwèké nindakké dosa.​—Km 7:37; 19:22; Yés 53:10.

  • Persembahan minuman.

    Persembahan minuman anggur sing diesokké ing mézbah lan diwènèhké bareng karo persembahan-persembahan liyané. Istilah iki digunakké Paulus kanggo nggambarké nèk dhèwèké réla nggawé pengorbanan kanggo wong Kristen liyané.​—Wi 15:5, 7; Flp 2:17.

  • Persembahan sing diayun-ayun.

    Wektu mènèhké persembahan iki, kétoké imam ndèlèhké tangané ing ngisoré tangané wong sing mènèhi persembahan, bar kuwi persembahané diayunké, utawa imam kuwi dhéwé sing ngayunké persembahané kuwi. Gerakan kuwi nduduhké nèk persembahan kuwi diwènèhké marang Yéhuwah.​—Km 7:30.

  • Persembahan ucapan syukur.

    Persembahan kerukunan sing diwènèhké kanggo muji Gusti Allah merga Dhèwèké wis nresnani lan nyedhiakké apa waé. Daging kéwan sing dipersembahké, roti sing ana raginé, lan roti sing ora ana raginé kudu dipangan. Daging kéwan kuwi kudu dipangan dina kuwi.​—2Bb 29:31.

  • Pèrsia.

    Negara Pèrsia lan wong Pèrsia kerep disebutké bareng karo Média. Kétoké Pèrsia ana kaitané karo Média. Awalé, wong Pèrsia mung manggon ing dataran tinggi Iran sebelah barat daya. Pas pamréntahané Korès Agung (nurut ahli sejarah, bapaké Korès yaiku wong Pèrsia lan ibuné wong Média), wong Pèrsia nguwasani wong Média senajan loro-loroné sak kerajaan. Korès ngalahké Babilon taun 539 SM, lan wong-wong Yahudi sing dadi tawanan éntuk bali ing negarané. Kerajaan Pèrsia nguwasani wilayah saka Kali Indus ing sebelah wétan nganti Laut Aegea ing sebelah kulon. Wong Yahudi dikuwasani wong Pèrsia nganti Alèksander Agung ngalahké Pèrsia taun 331 SM. Sakdurungé kuwi, Danièl wis tau éntuk wahyu soal kerajaan Pèrsia, lan kerajaan kuwi disebutké ing buku Ézra, Néhémia, lan Èster. (Ézr 1:1; Dan 5:28)—Deloken Lamp. B9.

  • Pethi perjanjian.

    Pethi sing digawé saka kayu akasia lan dilapisi emas. Pethi kuwi disimpen ing Ruang Mahasuci ing tabernakel, lan sakwisé kuwi disimpen ing Ruang Mahasuci ing bait sing dibangun Salomo. Tutupé pethi iki digawé saka emas murni lan ing ndhuwuré ana kerub loro sing adhep-adhepan. Barang sing paling penting ing njero pethi kuwi yaiku lèmpèngan watu loro sing isiné Sepuluh Préntah. (PT 31:26; 1Raj 6:19; Ibr 9:4)—Deloken Lamp. B5 lan B8.

  • Pim.

    Ukuran berat lan rega sing ditentokké wong Filistin kanggo nglandhepké alat-alat saka logam. Ana huruf Ibrani ”Pim” ing beberapa watu-watu timbangan sing ditemokké ing panggonan purbakala sing digali ing Israèl. Sak pim aboté 7,8 g, yaiku kira-kira loro pertelu syèkel.​—1Sam 13:20, 21.

  • Pinituwa; Sesepuh.

    Kata Ibrani lan Yunaniné ora mung nduduhké wong lanang sing wis déwasa, ning ya wong sing nduwé wewenang utawa tanggung jawab ing salah siji kelompok utawa bangsa. Kata iki ya digunakké kanggo nyebut makhluk-makhluk roh sing ditulis ing buku Wahyu. Kata Yunani presbyteros ya diterjemahké dadi ”pinituwa” nèk sing dimaksud kuwi wong-wong sing nduwé  tanggung jawab kanggo mimpin jemaat.​—Pa 4:29, ctn.; WB 31:23; 1Tim 5:17; Why 4:4.

  • Porneia.​

    Deloken HUBUNGAN SÈKS SING ORA PANTES.

  • Prokonsul.

    Gubernur sing mimpin provinsi, sing diawasi karo déwan perwakilan rakyat sing disebut Senat Romawi. Prokonsul nduwé kuwasa dadi hakim lan komandan militèr. Senajan kabèh tumindaké diawasi karo Senat, dhèwèké nduwé kuwasa sing paling dhuwur ing provinsiné.​—Kis 13:7, ctn.; 18:12, ctn.

  • Pualam.​

    Deloken ALABASTER.

  • Purim.

    Perayaan saben taun sing dirayakké pas dina ke-14 lan ke-15 sasi Adar. Perayaan iki dirayakké kanggo ngéling-éling wektu wong Yahudi dibébaské lan ora sida dipatèni ing jamané Ratu Èster. Kata purim (dudu basa Ibrani) artiné ”undhi”. Perayaan kuwi dijenengi Perayaan Purim utawa Perayaan Undhi merga Haman nguncalké Pur (Undhi) kanggo nentokké kapan dhèwèké nindakké rencanané kanggo matèni wong Yahudi.—Èst 3:7; 9:26.

R

  • Rabi (Rabuni).

    Guru. Sakdurungé Yésus lair, kata kuwi digunakké kanggo sebutan lan gelar kehormatan, sing artiné ”wong sing hébat; wong sing unggul”. Sebutan kuwi digunakké kanggo wong-wong sing terpelajar, ahli Taurat, lan guru sing mulang soal hukum.​—Mat 23:6, 7, ctn.

  • Ragi.

    Bahan sing ditambahké ing adonan supaya isa ngembang utawa ditambahké ing cairan supaya dadi alkohol. Adonan sing wis ngembang ya isa dijupuk sebagéan kanggo nggawé adonan sing anyar bèn ngembang. Ing Alkitab, ragi kerep digunakké kanggo nglambangké dosa utawa keadaan sing rusak. Ragi ya digunakké kanggo nggambarké hasil sing saya akèh, ning prosèsé ora kétok.​—Pa 12:20; Mat 13:33; Gal 5:9.

  • Rahab.

    Istilah sing ana ing buku Ayub, Mazmur, lan Yésaya (dudu wong wédok sing jenengé Rahab sing ana ing buku Yosua). Ing buku Ayub, Rahab maksudé kéwan laut sing gedhé. Ing ayat-ayat liya, kéwan laut sing gedhé kuwi nglambangké Mesir.​—Ayb 9:13; Mzm 87:4; Yés 30:7; 51:9, 10.

  • Rahasia suci.

    Rahasia sing asalé saka Gusti Allah, bagéan saka tujuané Gusti Allah. Kuwi didhelikké nganti wektu sing ditentokké Gusti Allah, lan mung diduduhké marang wong-wong sing dipilih Gusti Allah.​—Mrk 4:11; Kol 1:26.

  • Ramalan.

    Berita sing asalé saka Gusti Allah. Berita kuwi nduduhké utawa ngumumké soal karepé Gusti Allah. Isiné ramalan isa waé ajaran soal apa sing apik, préntah utawa hukuman saka Gusti Allah, utawa keterangan soal apa sing bakal kelakon.​—Yèh 37:9, 10; Dan 9:24; Mat 13:14; 2Ptr 1:20, 21, ctn.

  • Rasul.

    Kata iki maksudé ”sing diutus”. Yésus lan wong-wong sing diutus kanggo nglayani wong liya isa disebut rasul. Ning, kata iki kerep-kerepé dienggo nyebut 12 murid sing dipilih langsung karo Yésus kanggo dadi wakilé.​—Mrk 3:14; Kis 14:14.

  • Ratu Swarga.

    Sebutan kanggo dèwi sing disembah wong Israèl sing murtad ing jamané Yérémia. Ana sing nduwé pendapat nèk kuwi maksudé Istar (Astarté), yaiku dèwiné wong Babilon. Wong Sumer nyebut dèwi iki Inana sing artiné ”Ratu Swarga”. Sakliyané dianggep dèwi sing nguwasani swarga, dhèwèké ya dianggep dèwi kesuburan. Astarté ya disebut ”Permaisuri Swarga” ing tulisan Mesir kuna.​—Yér 44:19.

  • Roh jahat.

    Makhluk-makhluk roh sing jahat lan ora kétok, sing luwih kuwat timbang manungsa. Ing Purwaning Dumadi 6:2, makhluk-makhluk roh iki disebut ”anak-anaké Gusti Allah sing bener” lan ing Yudas 6 disebut ”para malaékat”. Iki nduduhké nèk wektu diciptakké, makhluk-makhluk roh kuwi sakjané ora jahat. Ning, pas jamané Nuh, makhluk-makhluk roh kuwi ora manut lan malah  mèlu Sétan mbrontak nglawan Yéhuwah. Mula, makhluk-makhluk roh kuwi akhiré dadi mungsuhé Gusti Allah.​—PT 32:17; Luk 8:30; Kis 16:16; Yak 2:19.

  • Roh suci.

    Tenaga sing ora kétok sing digunakké Gusti Allah kanggo nindakké karepé. Tenaga iki suci merga asalé saka Yéhuwah, Gusti Allah sing paling suci lan paling adil. Tenaga kuwi ya disebut suci merga digunakké kanggo nindakké perkara-perkara sing suci.​—Luk 1:35; Kis 1:8.

  • Roh.

    Kata Ibrani ruakh lan kata Yunani pneuma sing kerep diterjemahké dadi ”roh” sakjané nduwé makna dhasar ”napas”. Kata kuwi ya isa berarti (1) angin, (2) uripé makhluk hidup ing bumi, (3) kepénginan utawa semangat sing nggawé wong gelem ngomong utawa tumindak, (4) omongan sing mungkin asalé saka makhluk roh, (5) makhluk roh, (6) tenagané Gusti Allah, utawa roh suci. (Pa 35:21; Mzm 104:29; Mat 12:43; Luk 11:13) Mula, ing terjemahan iki kata ruakh lan pneuma diterjemahké sesuai makna sing dimaksud ing saben ayat.

  • Roti persembahan.

    Rolas roti sing ditumpuk dadi rong susun, sak susun isiné enem roti. Roti persembahan kuwi didèlèhké ing méja sing ana ing Ruang Suci ing tabernakel lan bait. Roti iki dadi persembahan kanggo Gusti Allah. Saben dina Sabat, rotiné diganti karo roti sing anyar. Biasané mung para imam sing mangan roti sing lawas. (2Bb 2:4; Mat 12:4; Pa 25:30; Km 24:5-9; Ibr 9:2)—Deloken Lamp. B5.

  • Ruang Mahasuci.

    Ruangan paling njero ing tabernakel lan ing bait. Ing kono, ana pethi perjanjian sing ya disebut Sing Suci saka Kabèh Sing Suci. Nurut Hukum Musa, sing éntuk mlebu ing Ruang Mahasuci mung imam agung, lan imam agung mlebu mrono mung pas Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa.​—Pa 26:33; Km 16:2, 17; 1Raj 6:16; Ibr 9:3.

  • Ruang Suci.

    Ruangan pertama lan ruangan sing paling gedhé ing tabernakel utawa bait. Iki béda karo ruangan sing paling njero yaiku Ruang Mahasuci. Ing Ruang Suci ing tabernakel, ana wadhah lampu saka emas, mézbah dupa saka emas, méja kanggo ndèlèhké roti persembahan, lan alat-alat saka emas. Ing Ruang Suci ing bait, ana mézbah emas, sepuluh wadhah lampu saka emas, lan sepuluh méja kanggo ndèlèhké roti persembahan. (Pa 26:33; Ibr 9:2)—Deloken Lamp. B5 lan B8.

S

  • Sabat.

    Saka kata Ibrani sing artiné ”istirahat; mandheg”. Iki dina kepitu saka minggu Yahudi (dimulai saka matahari terbenam ing dina Jumat nganti matahari terbenam ing dina Setu). Dina perayaan liyané, termasuk taun ke-7 lan taun ke-50, ya disebut sabat. Pas dina Sabat, kabèh ora éntuk nyambut gawé, kecuali imam sing nglayani ing panggonan suci. Ing taun Sabat, wong-wong ora éntuk nggarap tanah, lan wong Ibrani ora éntuk dipeksa mbayar utang. Larangan sing disebutké ing Hukum Musa kuwi sakjané ora angèl. Ning, para pemimpin agama terus-terusan nambah larangan anyar, mula wong-wong ing jamané Yésus dadi kangèlan nindakké Sabat.​—Pa 20:8; Km 25:4; Luk 13:14-16; Kol 2:16.

  • Saduki.

    Kelompok agama Yahudi (Yudaisme) sing terkenal. Anggotané yaiku wong-wong sing sugih lan para imam sing nduwé wewenang sing gedhé kanggo ngatur kegiatan ing bait. Wong-wong kuwi nolak tradhisi sing ora ditulis ing hukum, sing ditindakké wong-wong Farisi. Wong-wong kuwi ya nolak kepercayaané wong Farisi. Wong-wong Saduki ora percaya nèk wong mati isa diuripké manèh lan ora percaya nèk malaékat kuwi ana. Wong-wong kuwi nglawan Yésus.​—Mat 16:1; Kis 23:8.

  • Safir.

    Ing Alkitab, istilah watu safir mungkin maksudé watu permata sing wernané biru.​—Kid 5:14.

  • Samaria.

    Ibu kota kerajaan Israèl sepuluh suku ing lor kira-kira 200 taun suwéné. Samaria kuwi jeneng saka kabèh  wilayah ing kerajaan kuwi. Kutha Samaria dibangun ing Gunung Samaria. Ing jamané Yésus, Samaria kuwi jeneng wilayah sing ana ing antarané Galiléa bagéan lor lan Yudéa bagéan kidul. Yésus biasané ora nginjil ing dhaérah kuwi, ning kadhang-kadhang Yésus liwat kono lan omong-omongan karo penduduk ing kono. Pétrus nggunakké kunci Kerajaan sing keloro wektu wong-wong Samaria nampa roh suci. (1Raj 16:24; Yoh 4:7; Kis 8:14)—Deloken Lamp. B10.

  • Sanhèdrin.

    Mahkamah Agung Yahudi sing ana ing Yérusalèm. Ing jamané Yésus, anggotané ana 71, kuwi termasuk imam agung, mantan imam agung, anggota keluargané imam agung, sesepuh, kepala suku, pemimpin keluarga, lan ahli Taurat.​—Mrk 15:1; Kis 5:34; 23:1, 6.

  • Séa.

    Takeran kanggo bahan kering sing jumlahé 7,33 L. Jumlah iki ditentokké nganggo dhasar nèk 1 bat kuwi 22 L. (2Raj 7:1)—Deloken Lamp. B14.

  • Sedhekah.

    Apa waé sing diwènèhké marang wong sing mbutuhké. Senajan ora disebutké langsung ing Kitab-Kitab Ibrani, ning nèk nurut Taurat, wong Israèl wajib mbantu wong mlarat.​—Mat 6:2.

  • Sèkte.

    Sak kelompok wong sing manut karo salah siji ajaran utawa pemimpin, lan wong-wong kuwi nduwé kepercayaan dhéwé. Ana loro kelompok agama Yahudi sing terkenal, yaiku sèkte Farisi lan Saduki. Wong sing dudu Kristen ya nyebut nèk agama Kristen kuwi ”sèkte” utawa ”sèkte wong Nazarèt”, mungkin merga dianggep misah saka agama Yahudi (Yudaisme). Ing jemaat Kristen ya ana sèkte-sèkte, contoné ”sèkte Nikolaus” sing disebutké ing Wahyu.​—Kis 5:17; 15:5; 24:5; 28:22; Why 2:6; 2Ptr 2:1.

  • Sela.

    Istilah sing ana ing Mazmur lan Habakuk, sing digunakké ing musik, nyanyian, lan wacan. Istilah iki mungkin maksudé mandheg sedhéla pas nyanyi utawa main musik bèn isa mikirké tenanan lan memahami perasaan sing diungkapké liwat nyanyian utawa musik kuwi. Ing Septuaginta Yunani, istilah kuwi diterjemahké dadi diapsalma, sing artiné ”mandheg sedhéla pas main musik”.​—Mzm 3:4; Hab 3:3.

  • Sengsara gedhé.

    Kata Yunani sing diterjemahké dadi ”sengsara” kuwi maksudé susah lan sedhih merga keadaan sing angèl. Yésus nyebutké soal ”sengsara gedhé” sing dialami Yérusalèm. Yésus ya nyebutké soal ”sengsara gedhé” sing bakal dialami kabèh manungsa wektu dhèwèké ’teka nganggo kemuliaan’ sukmbèn. (Mat 24:21, 29-31) Paulus njelaské nèk pas sengsara gedhé, Gusti Allah sing adil bakal ngukum ”wong-wong sing ora kenal Gusti Allah lan sing ora nampa kabar apik” soal Yésus Kristus. Wahyu bab 19 nduduhké nèk wektu kuwi Yésus bakal mimpin para malaékat kanggo nglawan ”kéwan buas kuwi, raja-raja ing bumi, lan pasukané”. (2Tés 1:6-8; Why 19:11-21) Alkitab ya kandha nèk ana ”kumpulan gedhé wong akèh” sing bakal slamet ngliwati sengsara gedhé. (Why 7:9, 14)—Deloken ARMAGÉDON.

  • Sepersepuluhan.

    Sepersepuluh bagéan, utawa 10 persèn, sing wajib diwènèhké utawa dibayarké sesuai karo aturan agama. (Mal 3:10; PT 26:12; Mat 23:23) Menurut Hukum Musa, sepersepuluh saka hasil tanah utawa saka jumlah ternak sing saya akèh kudu diwènèhké marang wong Lèwi saben taun kanggo mbantu wong Lèwi. Wong Lèwi mènèhké sepersepuluh saka sepersepuluhan sing ditampa iki marang imam keturunané Harun kanggo mbantu wong-wong kuwi. Ana sepersepuluhan liyané. Wong Kristen ora diwajibké mènèhi sepersepuluhan.

  • Sérafim.

    Makhluk roh sing nindakké tugas ing sekitar takhtané Yéhuwah ing swarga. Kata Ibrani serafim artiné ”sing metu geniné”.​—Yés 6:2, 6.

  • Serambi Salomo.

    Ing jamané Yésus, Serambi Salomo kuwi dalan ing bait sing ndhuwuré ana atapé. Serambi iki ana ing wétané halaman njaba bait. Akèh wong  nganggep nèk serambi kuwi sisa saka bait sing dibangun Salomo mbiyèn. Yésus mlaku ing kono ’pas musim dingin’, lan wong-wong Kristen abad pertama ngumpul ing kono kanggo ngibadah. (Yoh 10:22, 23; Kis 5:12)—Deloken Lamp. B11.

  • Serban.

    Kain sing digubedké ing sirah lan dienggo tutup sirah. Imam agung nganggo serban saka kain linèn sing alus, lan ing bagéan ngarepé ana lèmpèngan saka emas sing ditali nganggo tali biru. Raja nganggo serban ing ngisor mahkotané. Ayub nggunakké istilah iki kanggo lambang wektu dhèwèké ngomong nèk keadilané kaya serban.​—Pa 28:36, 37; Ayb 29:14, ctn.; Yèh 21:26.

  • Sétan.

    Saka kata Ibrani sing artiné ”Penentang”. Dhèwèké kuwi Mungsuh utamané Gusti Allah. Dhèwèké ya disebut Iblis.​—Ayb 1:6; Mat 4:10; Why 12:9.

  • Si jahat.

    Sebutan kanggo Sétan si Iblis, sing nglawan Gusti Allah lan pathokan-pathokan sing bener saka Gusti Allah.​—Mat 6:13, ctn.; 1Yoh 5:19, ctn.

  • Sihir.

    Nggunakké kekuwatan sing asalé saka roh-roh jahat.​—2Bb 33:6.

  • Sinagogé.

    Kata iki artiné ”ngumpulké; perkumpulan”. Tapi ing akèh ayat, iki maksudé bangunan utawa panggonané wong-wong Yahudi ngumpul kanggo maca Kitab Suci, nampa petunjuk, martakké kabar apik, lan ndonga. Ing jamané Yésus, saben kutha sing cukup gedhé ing Israèl nduwé sinagogé siji, lan kutha sing luwih gedhé nduwé sinagogé luwih saka siji.​—Luk 4:16; Kis 13:14, 15.

  • Siria; Wong Siria.​

    Deloken ARAM; WONG ARAM.

  • Sirtis.

    Teluk gedhé loro sing cethèk sing ana ing pesisir pantai Libia, Afrika Utara. Ing bagéan ngisor teluk iki ana akèh tumpukan pasir sing panggonané berubah-ubah terus merga kena ombak. Mula, para pelaut jaman ndhisik wedi karo teluk sing berbahaya iki. (Kis 27:17)—Deloken Lamp. B13.

  • Sistem donya.

    Terjemahan saka kata Yunani aion. Maksudé yaiku keadaan, utawa peristiwa sing kelakon ing wektu utawa jaman tertentu, sing mbédakké jaman kuwi saka jaman liyané. Wektu Alkitab nggunakké istilah ”sistem donya”, kuwi maksudé keadaan donya umumé lan tumindaké wong-wong ing donya. (2Tim 4:10, ctn.) Liwat perjanjian Hukum, Gusti Allah nggawé sistem anyar sing disebut jamané wong Israèl utawa jamané wong Yahudi. Wektu Yésus Kristus dadi korban tebusan, Gusti Allah nggunakké Yésus kanggo nggawé sistem liyané, yaiku sing ana hubungané karo wong-wong Kristen sing dipilih roh suci. Iki dadi tandha jaman sing anyar, lan sing digambarké karo perjanjian Hukum kelakon. Nèk diterjemahké dadi ”sistem-sistem donya” kuwi maksudé akèh sistem donya utawa keadaan donya umumé, sing wis ana utawa sing bakal ana.​—Mat 24:3, ctn.; Mrk 4:19, ctn.; Rm 12:2, ctn.; 1Kor 10:11, ctn.

  • Siwan.

    Jeneng sasi ke-3 ing kalènder agama Yahudi lan sasi ke-9 ing kalènder umum Yahudi. Jeneng iki digunakké sakwisé wong Yahudi dibébaské saka Babilon. Sasi iki dimulai saka pertengahan Mei nganti pertengahan Juni. (Èst 8:9)—Deloken Lamp. B15.

  • Spiritisme.

    Wong-wong sing nindakké iki percaya nèk rohé wong mati isih urip sakwisé badané mati, lan wong sing wis mati kuwi isa omong-omongan karo wong sing isih urip, khususé liwat perantara. Kata Yunaniné ”spiritisme” yaiku farmakia. Nèk diterjemahké kata per kata, kata kuwi berarti ”obat bius”. Kata Yunani kuwi ana hubungané karo ilmu gaib, merga jaman mbiyèn obat bius digunakké wektu njaluk bantuané roh jahat kanggo nindakké sihir.​—Gal 5:20; Why 21:8.

  • Suci.

    Sipat sing mesthi diduwèni Yéhuwah. Suci artiné nduwé moral sing bener-bener resik lan murni. (Pa 28:36; 1Sam 2:2; WB 9:10; Yés 6:3) Nèk kata kuwi digunakké kanggo manungsa (Pa 19:6; 2Raj 4:9), kéwan (Wi 18:17),  barang (Pa 28:38; 30:25; Km 27:14), panggonan (Pa 3:5; Yés 27:13), wektu (Pa 16:23; Km 25:12), lan kegiatan (Pa 36:4), kata asli ing basa Ibrani lan Yunaniné maksudé dipisahké utawa disucèkké kanggo Gusti Allah sing suci lan diwènèhké kanggo nglayani Yéhuwah. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, kata sing diterjemahké dadi ”suci” kuwi ya berarti ngedohi tumindak salah.​—Mrk 6:20; 2Kor 7:1; 1Ptr 1:15, 16.

  • Sumpah.

    Kata-kata sing diucapké kanggo jaminan nèk sing diomongké kuwi bener, utawa janji kanggo nindakké utawa ora nindakké apa sing diomongké kuwi. Biasané wong nggawé sumpah marang pihak sing kedudukané luwih dhuwur, khususé Gusti Allah. Yéhuwah ngucapké sumpah kanggo njamin perjanjiané karo Abraham.​—PD 14:22; Ibr 6:16, 17.

  • Sunat.

    Kulit khitané dikethok. Iki wajib ditindakké karo Abraham lan keturunané, ning ora kudu ditindakké karo wong Kristen. Ing beberapa ayat, kata iki ya digunakké kanggo lambang.​—PD 17:10; 1Kor 7:19; Flp 3:3.

  • Sungu.

    Maksudé sunguné kéwan sing digunakké dadi alat musik utawa wadhah minuman. Kuwi ya digunakké kanggo wadhah minyak, tinta, lan kosmètik. Sungu ya isa dadi trompèt sing digunakké kanggo mènèhi tandha. (1Sam 16:1, 13, ctn.; 1Raj 1:39, ctn.; Yèh 9:2, ctn.) Kata ”sungu” kerep digunakké dadi lambang kekuwatan, penaklukan, lan kemenangan.​—PT 33:17; Mi 4:13; Za 1:19.

  • Sungu-sunguné mézbah.

    Bagéan sing bentuké kaya sungu, sing ana ing papat ujungé mézbah. (Km 8:15; 1Raj 2:28)—Deloken Lamp. B5 lan B8.

  • Superskripsi.

    Kata-kata sing ana ing awal mazmur sing mènèhi keterangan soal sing nulis, latar belakang tulisané, petunjuk main musik, utawa nduduhké tujuané mazmur kuwi.​—Deloken Superskripsi Mazmur 3, 4, 5, 6, 7, 30, 38, 60, 92, 102.

  • Syébat.

    Jeneng sasi ke-11 ing kalènder agama Yahudi lan sasi ke-5 ing kalènder umum Yahudi. Jeneng iki digunakké sakwisé wong Yahudi dibébaské saka Babilon. Sasi iki dimulai saka pertengahan Januari nganti pertengahan Februari. (Za 1:7)—Deloken Lamp. B15.

  • Syèkel.

    Ukuran berat lan mata uang sing digunakké wong Ibrani. Sak syèkel aboté 11,4 g. Istilah ”syèkel panggonan suci” kuwi maksudé ukurané kudu bener-bener pas lan sesuai karo ukuran sing digunakké ing tabernakel. Mungkin ya ana syèkel kerajaan (béda karo syèkel biasa) utawa ukuran berat sing digunakké ing istana kerajaan.​—Pa 30:13.

  • Syèminit.

    Istilah musik sing artiné ”kewolu”, mungkin maksudé nada-nada sing luwih rendah. Nèk istilah iki digunakké kanggo alat musik, mungkin maksudé alat musik kuwi nadané bas. Nèk istilah iki digunakké kanggo lagu, mungkin maksudé iringan musiké nadané rendah lan laguné ya dinyanyèkké nganggo nada rendah.​—1Bb 15:21; Mzm 6:Sup; 12:Sup.

  • Syéol.

    Kata Ibrani sing artiné padha karo kata Yunani ”Hadès”. Kata kuwi diterjemahké dadi ”Kuburan” (huruf pertama huruf gedhé). Kata iki maksudé dudu panggonan sing ana tenan, ning mung dienggo lambang. (PD 37:35, ctn.; Mzm 16:10, ctn.; Kis 2:31, ctn.)—Deloken KUBURAN.

T

  • Tabernakel.

    Kémah sing dienggo ngibadah sing isa dipindhah-pindhah, sing digunakké wong Israèl sakwisé metu saka Mesir. Pethi perjanjiané Yéhuwah didèlèhké ing kémah kuwi, lan kuwi nglambangké nèk Yéhuwah ana ing kono. Kémah kuwi dadi panggonan kanggo mènèhi korban lan kanggo ngibadah. Kadhang-kadhang, kémah kuwi disebut ”kémah pertemuan”. Kémah kuwi digawé saka rangka-rangka kayu sing ditutupi nganggo kain linèn sing ana sulaman gambar kerub. Kémah kuwi dibagi dadi loro ruangan. Ruangan sing pertama disebut Ruang Suci, lan ruangan  sing keloro disebut Ruang Mahasuci. (Yos 18:1; Pa 25:9)—Deloken Lamp. B5.

  • Talènta.

    Ukuran sing paling gedhé kanggo ngukur aboté barang lan jumlah dhuwit. Ukuran iki dienggo karo wong-wong Ibrani. Aboté yaiku 34,2 kg. Talènta Yunani ukurané luwih cilik, lan aboté kira-kira 20,4 kg. (1Bb 22:14; Mat 18:24)—Deloken Lamp. B14.

  • Tamuz.

    (1) Jenengé déwa sing ditangisi wong wédok Ibrani sing murtad. Ana sing nduwé pendapat nèk Tamuz kuwi raja sing dianggep dadi déwa sakwisé dhèwèké mati. Ing naskah sing ditulis wong Sumer, Tamuz disebut Dumuzi sing dadi pasangané dèwi kesuburan yaiku Inana (Istar, sing disembah wong Babilon). (Yèh 8:14) (2) Jeneng sasi ke-4 ing kalènder agama Yahudi lan sasi ke-10 ing kalènder umum Yahudi. Jeneng kuwi digunakké sakwisé wong Yahudi dibébaské saka Babilon. Sasi iki dimulai saka pertengahan Juni nganti pertengahan Juli.​—Deloken Lamp. B15.

  • Tandha.

    Benda, tumindak, keadaan, utawa pemandangan sing ora biasa lan sing ana maknané. Kuwi biasané nglambangké apa sing wis kelakon utawa apa sing bakal kelakon.​—PD 9:12, 13; 2Raj 20:9; Mat 24:3; Why 1:1, ctn.

  • Tandha sing suci.

    Lèmpèngan sing mengkilap saka emas murni sing ana ukirané ”Yéhuwah kuwi suci”. Lèmpèngan iki dienggo ing bagéan ngarep serbané imam agung. (Pa 39:30)—Deloken Lamp. B5.

  • Tanduran Pait.

    Ing Alkitab, tanduran pait digunakké kanggo nggambarké akibat sing ora apik saka hubungan sèks sing ora pantes, perbudhakan, tumindak ora adil, lan mbrontak nglawan Gusti Allah.​—PT 29:18; WB 5:4; Yér 9:15; Am 5:7.

  • Tartarus.

    Para malaékat sing ora manut ing jaman Nuh diuncalké mrono, ning panggonan kuwi mung lambang. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, kuwi maksudé direndhahké kaya dikurung ing penjara. Ing 2 Pétrus 2:4, kata kerja tartaroo (sing artiné ”nguncalké menyang Tartarus”) maksudé dudu ”malaékat-malaékat sing dosa” diuncalké menyang panggonan sing disebut Tartarus kaya sing dipercaya wong kafir (yaiku penjara bawah tanah sing peteng, panggonané déwa-déwa sing kedudukané luwih rendhah). Ning sakjané, kuwi maksudé Gusti Allah ngrendhahké malaékat-malaékat kuwi saka kedudukané sing dhuwur ing swarga. Mula, malaékat-malaékat kuwi kaya ana ing petengan, ora isa ndelok tujuané Gusti Allah sing mulya. Petengan kuwi ya nggambarké apa sing bakal dialami karo malaékat-malaékat kuwi. Kaya sing ditulis ing Alkitab, malaékat-malaékat kuwi lan pemimpiné, yaiku Sétan si Iblis, bakal disingkirké saklawasé. Dadi, Tartarus kuwi maksudé keadaan sing rendhah banget, sing dialami para malaékat sing mbrontak. Istilah iki béda karo ”jurang sing jero banget” sing disebutké ing Wahyu 20:1-3.

  • Taurat; Hukum Musa.

    Hukum sing diwènèhké Yéhuwah marang bangsa Israèl liwat Musa ing Padhang Belantara Sinai taun 1513 SM. Lima buku pertama ing Alkitab ya kerep disebut Taurat.​—Mat 5:17; Luk 24:44.

  • Tebet.

    Jeneng sasi ke-10 ing kalènder agama Yahudi lan sasi ke-4 ing kalènder umum Yahudi. Jeneng kuwi digunakké sakwisé wong Yahudi dibébaské saka Babilon. Sasi iki dimulai saka pertengahan Desember nganti pertengahan Januari. Sasi iki biasané disebut ”sasi kesepuluh”. (Èst 2:16)—Deloken Lamp. B15.

  • Tebusan.

    Rega sing dibayarké supaya isa bébas saka hukuman, kesusahan, dosa, kewajiban, lan supaya ora ditawan manèh. Mbayaré ora kudu nganggo dhuwit. (Yés 43:3) Tebusan dibutuhké ing keadaan sing béda-béda. Contoné, kabèh anak pertamané manungsa utawa kéwan ing Israèl kuwi duwèké Yéhuwah, mula kudu ditebus bèn isa bébas lan ora dikhususké manèh kanggo ibadah marang Yéhuwah. (Wi 3:45, 46; 18:15, 16) Nèk ana sapi lanang sing berbahaya lan ora dikurung,  terus sapi kuwi matèni wong, wong sing nduwé sapi kuwi kudu mbayar tebusan bèn dhèwèké bébas saka hukuman mati. (Pa 21:29, 30) Ning, ora ana tebusan kanggo wong sing sengaja matèni wong liya. (Wi 35:31) Tebusan sing paling penting sing disebutké ing Alkitab yaiku tebusan sing dibayar Kristus. Kanggo mbayar tebusan kuwi, Yésus ngorbanké uripé bèn wong-wong sing manut isa dibébaské saka dosa lan kematian.​—Mzm 49:8, 9; Mat 20:28; Éf 1:7.

  • Térafim.

    Patung déwa keluarga, kadhang-kadhang digunakké kanggo nggolèk tandha. (Yèh 21:21) Patung-patung kuwi ana sing gedhéné sak manungsa lan bentuké kaya manungsa, sing liyané ana sing luwih cilik. (PD 31:34; 1Sam 19:13, 16) Penemuan purbakala ing Mésopotamia nduduhké nèk wong sing nduwé patung térafim bakal éntuk warisan saka keluargané. (Mungkin kuwi sebabé Rakhèl njupuk patung térafim duwèké bapaké.) Ing Israèl ora ana aturan kaya ngono, senajan ing jamané hakim-hakim lan raja-raja ana sing nyembah térafim. Térafim termasuk barang-barang sing dihancurké raja Yosia sing setya.​—PH 17:5, ctn.; 2Raj 23:24, ctn.; Hos 3:4, ctn.

  • Tisri.​

    Deloken ÉTANIM lan Lamp. B15.

  • Tongkat kanggo ngukur.

    Tongkat sing dawané 6 hasta. Nèk nurut hasta biasa, tongkat iki ukurané 2,67 m. Ning, nèk nurut hasta dawa, tongkat iki ukurané 3,11 m. (Yèh 40:3, 5; Why 11:1)—Deloken Lamp. B14.

  • Tongkat kerajaan.

    Tongkat sing digawa pemimpin, sing nglambangké wewenangé dadi raja.​—PD 49:10; Ibr 1:8.

  • Tongkat wesi.

    Tongkat dawa sing pucuké wesi landhep sing digunakké kanggo nggiring kéwan. Istilah iki ya digunakké kanggo nggambarké omongané wong wicaksana sing isa nggawé wong sing dinaséhati dadi gelem manut karo naséhat kuwi. Istilah ”nendhang tongkat wesi” kuwi maksudé nglarani awaké dhéwé. Kuwi digambarké kaya sapi sing kelaran dhéwé merga ora gelem digiring, ning malah nendhang tongkat wesi sing dienggo nggiring dhèwèké.​—Kis 26:14, ctn.; PH 3:31.

  • Trompèt.

    Alat musik sing disebul, digawé saka logam, lan digunakké kanggo mènèhi tandha utawa kanggo main musik. Sesuai karo Wilangan 10:2, Yéhuwah mènèhi petunjuk kanggo nggawé trompèt pérak loro sing swarané isa dadi tandha kanggo ngumpulké bangsa Israèl, ngongkon wong Israèl mangkat, utawa kanggo tandha perang. Trompèt iki mungkin bentuké lurus, ora mlengkung kaya trompèt sing digawé saka sunguné kéwan. Ing antarané alat-alat musik sing dienggo ing bait, ana trompèt sing ora disebutké digawé saka apa. Buku Wahyu nyebutké nèk ana swara trompèt wektu Yéhuwah ngadili utawa pas ana kedadéan penting sing asalé saka Gusti Allah.​—2Bb 29:26; Ézr 3:10; 1Kor 15:52; Why 8:7–11:15.

  • Tugas suci.

    Pelayanan utawa gawéan sing suci, sing ana hubungané langsung karo ibadahé wong marang Gusti Allah.​—Rm 1:9; Why 7:15.

  • Tugu méga; Tugu geni.

    Tugu sing bentuké méga utawa geni. Wektu wong Israèl metu saka Mesir lan mlaku ing padhang belantara, Yéhuwah nuntun wong-wong kuwi nggunakké ”tugu méga” pas awan lan ”tugu geni” pas bengi. (Pa 13:21) ”Tugu geni lan tugu méga” iki dudu tugu loro, ning tuguné mung siji. Pas awan wujudé tugu méga, pas bengi wujudé tugu geni. (Pa 14:24) Wektu wong Mesir ngoyak wong Israèl, tugu iki nggawé panggonané wong Mesir dadi peteng lan panggonané wong Israèl dadi padhang. (Pa 14:19, 20) Pas wong Israèl manggon ing tanah perjanjian, wong-wong kuwi ora mbutuhké tugu méga lan tugu geni manèh.

  • Tugu suci.

    Tugu sing lurus, biasané digawé saka watu. Kétoké nglambangké alat kelaminé wong lanang, lan iki dienggo wektu nyembah Baal utawa déwa-déwa liyané.​—Pa 23:24.

  •  Tumindak kurang ajar; Tumindak ora nduwé isin.

    Saka kata Yunani aselgeia. Iki maksudé pelanggaran sing serius marang hukumé Gusti Allah, lan sikapé wong sing nindakké kuwi ora nduwé isin. Wong kuwi terang-terangan ngrèmèhké hukumé Gusti Allah lan malah sengaja ora manut karo wewenang, hukum, lan pathokan sing ana. Sing dimaksud tumindak iki dudu mung tumindak salah sing sepélé.​—Gal 5:19; 2Ptr 2:7.

  • Tungku; Ruang pembakaran.

    Panggonan sing digunakké kanggo ngobong barang sing digawé saka tanah liat utawa kanggo nggawé logam dadi melèlèh. Ing jaman Alkitab, tungku digawé saka batu bata utawa watu biasa.​—PD 15:17; Dan 3:17; Why 9:2.

  • Tutup dhadha.

    Kain sing disulam lan dihias watu-watu permata, sing dienggo imam agung Israèl ing dhadhané pas mlebu ing Ruang Suci. Iki ya disebut ”tutup dhadha kanggo mènèhi keputusan” merga ing njeroné ana Urim lan Tumim sing digunakké bèn isa ngerti keputusané Yéhuwah. (Pa 28:15-30)—Deloken Lamp. B5.

  • Tutup pendamaian.

    Tutupé pethi perjanjian. Ing ngarepé tutup pethi kuwi, imam agung nyipratké getih persembahan dosa ing Dina Mènèhké Korban kanggo Ngapura Dosa. Ing basa Ibrani, istilah iki asalé saka kata kerja sing artiné ”nutup (dosa)” utawa mungkin ”mbusak (dosa)”. Tutup kuwi digawé saka emas, lan ana patung kerub loro ing pinggiré tutup kuwi. Kadhang istilah iki disebut ”tutup Pethi”. (Pa 25:17-22; 1Bb 28:11; Ibr 9:5, ctn.)—Deloken Lamp. B5.

U

  • Undhi.

    Watu-watu krikil utawa cuwilan-cuwilan kayu sing digunakké kanggo nggawé keputusan. Watu-watu utawa cuwilan-cuwilan kayu kuwi didèlèhké ing tekukané klambi utawa ing wadhah, terus dikocok. Undhi sing metu utawa sing dijupuk kuwi sing dadi dhasar kanggo nggawé keputusan. Biasané, wong nguncalké undhi karo ndonga. Ing basa asliné, kata undhi kuwi ya isa berarti ’bagéan’.​—Yos 14:2; Mzm 16:5, ctn.; WB 16:33; Mat 27:35.

  • Urim lan Tumim.

    Benda-benda sing digunakké kaya undhi. Imam agung nggunakké kuwi bèn ngerti apa sing dikarepké Yéhuwah wektu ana pertanyaan-pertanyaan sing penting sing ana kaitané karo bangsa Israèl lan butuh jawabané Yéhuwah. Urim lan Tumim dilebokké ing njeroné tutup dhadha imam agung pas dhèwèké mlebu ing tabernakel. Kétoké Urim lan Tumim wis ora digunakké manèh wektu Yérusalèm dihancurké Babilon.​—Pa 28:30; Néh 7:65.

W

  • Wabah penyakit.

    Penyakit sing cepet banget nular, sing isa dadi èpidemi lan isa nyebabké kematian. Wabah penyakit biasané ana kaitané karo hukuman saka Gusti Allah.​—Wi 14:12; Yèh 38:22, 23; Am 4:10.

  • Wadhah anggur.

    Kanthong sing digawé saka kulit kéwan, contoné kulit kambing utawa kulit domba, lan digunakké kanggo wadhah anggur. Anggur disimpen ing wadhah anggur sing anyar, merga wektu anggur kuwi ngalami prosès fermentasi, anggur kuwi bakal ngasilké gas karbon dioksida sing nggawé tekanan ing njero wadhah anggur saya gedhé. Kulit sing anyar bakal ngembang, ning kulit sing lawas lan atos bakal pecah.​—Yos 9:4; Mat 9:17.

  • Wadhah bara.

    Alat sing digawé saka emas, pérak, utawa tembaga sing digunakké ing tabernakel lan bait kanggo ngobong dupa, kanggo njupuk areng saka mézbah korban, lan kanggo njupuk sumbu sing wis kobong saka wadhah lampu emas. Alat iki ya disebut wadhah dupa.​—Pa 37:23; 2Bb 26:19; Ibr 9:4.

  • Wadi.

    Lembah utawa dhasar kali sing biasané garing kecuali pas musim udan. Wadi ya isa berarti kali. Ana kali sing banyuné saka mata air, dadi kaliné ora bakal garing. Ing ayat-ayat tertentu, wadi  disebut ”lembah”.​—PD 26:19; Wi 34:5; PT 8:7; 1Raj 18:5; Ayb 6:15.

  • Wakil raja.

    Gubernur sing mimpin provinsi ing kerajaan Pèrsia lan Babilon. Wakil raja dilantik raja dadi pemimpin utama.—Ézr 8:36; Dan 6:1.

  • Wakil Utama.

    Ing basa Yunani, istilah iki artiné ”Pemimpin Utama”. Istilah iki digunakké kanggo nduduhké tugas pentingé Yésus Kristus, yaiku mbébaské wong sing setya saka akibaté dosa, yaiku kematian, lan nuntun manungsa menyang urip saklawasé.​—Kis 3:15, ctn.; 5:31, ctn.; Ibr 2:10; 12:2.

  • Walang.

    Nurut Hukum Musa, walang kuwi termasuk kéwan sing éntuk dipangan. Wektu pindhah menyang panggonan liyané, walang bakal mbentuk kelompok sing gedhé lan mangan apa waé sing ana ing panggonan sing diliwati. Kuwi isa nyebabké kehancuran sing parah lan dianggep dadi bencana.​—Pa 10:14; Mat 3:4.

  • Watu gilingan.

    Watu bunder sing ditumpuk ing ndhuwuré watu liya sing bentuké mèh padha, lan digunakké kanggo nggiling biji-bijian bèn dadi tepung. Ing bagéan tengahé watu sing ngisor, ana pathok sing dipasang kanggo dadi porosé watu gilingan sing ndhuwur. Ing jaman Alkitab, wong-wong wédok biasané nggunakké gilingan tangan kanggo nggawé roti. Merga gilingan tangan dienggo nyedhiakké kebutuhan saben dina ing keluarga, mula Hukum Musa nglarang wong njupuk gilingan utawa watu gilingan sing ndhuwur kanggo dadi jaminan. Watu gilingan sing luwih gedhé sing mirip karo kuwi biasané ditarik karo kéwan.​—PT 24:6; Mrk 9:42.

  • Watu pojokan.

    Watu sing dipasang ing sudut utawa pojokané bangunan, yaiku ing pertemuané loro témbok. Watu kuwi dipasang kanggo nyambungké utawa nggabungké loro témbok kuwi. Watu pojokan sing paling penting yaiku watu pojokan sing ana ing puncak bangunan lan kuwi disebut watu utama. Biasané, watu utama sing dienggo bangunan lan témbok kutha kuwi watu sing kuwat banget. Kata iki ya digunakké dadi lambang. Misalé, wektu bumi diciptakké, kaya-kaya ana watu pojokan sing dipasang. Yésus disebut ”watu sing utama” kanggo jemaat Kristen, sing digambarké kaya omah.—Éf 2:20; Ayb 38:6.

  • Wedi marang Gusti Allah.

    Wedi marang Gusti Allah kuwi berarti bener-bener ngajèni Gusti Allah lan wedi nggawé Gusti Allah ora seneng. Wong isa wedi marang Gusti Allah merga nresnani Gusti Allah, nduwé iman, péngin manut karo hukum-hukumé Gusti Allah, lan péngin ngibadah marang Gusti Allah.​—PD 20:11; 2Kor 7:1.

  • Wicaksana; Kawicaksanan.

    Ing Alkitab, kata ”kawicaksanan” artiné nduwé pertimbangan sing bener, sing dhasaré pengetahuan lan pemahaman. Wong sing wicaksana nduwé kemampuan kanggo ngetrapké pengetahuan lan pemahaman bèn isa ngrampungi masalah, bèn ora kena bahaya, bèn tujuané kelakon, utawa bèn isa ngandhani wong liya kanggo ngetrapké kuwi.​—WB 1:2; 8:1; Mat 11:19; Luk 11:31; Rm 11:33.

  • Wit kehidupan.

    Wit iki ana ing taman Èden. Alkitab ora ngomong nèk buahé wit iki isa mènèhi urip. Tapi wit iki nglambangké jaminan saka Gusti Allah, yaiku nèk Gusti Allah bakal mènèhi urip saklawasé marang wong sing éntuk mangan buahé.​—PD 2:9; 3:22.

  • Wit pengetahuan soal sing apik lan sing jahat.

    Wit ing taman Èden sing digunakké Gusti Allah kanggo nglambangké haké Gusti Allah nentokké apa sing ”apik” lan sing ”jahat” kanggo manungsa.​—PD 2:9, 17.

  • Wong Nazarèt.

    Sebutan kanggo Yésus, merga dhèwèké asalé saka Nazarèt. Mungkin kata iki ana kaitané karo kata Ibrani ”tunas” sing digunakké ing Yésaya 11:1. Para muridé Yésus ya disebut wong Nazarèt.​—Mat 2:23; Kis 24:5.

  • Wong Nazir.

    Saka kata Ibrani ”Wong sing Dikhususké”, ”Wong sing Diwènèhké marang  Gusti Allah”, ”Wong sing Dipisahké”. Ana sing dadi wong Nazir merga pilihané dhéwé lan ana sing merga dipilih Gusti Allah. Wong lanang lan wong wédok isa nggawé janji khusus marang Yéhuwah bèn isa dadi wong Nazir saksuwéné wektu sing ditentokké. Ana telu larangan kanggo wong sing réla nggawé janji khusus kuwi, yaiku ora éntuk ngombé minuman keras utawa mangan apa waé sing digawé saka anggur, ora éntuk ngethok rambuté, lan ora éntuk ndemèk mayat. Wong sing dipilih Gusti Allah dadi wong Nazir bakal dadi wong Nazir sakjegé uripé, lan Yéhuwah bakal mènèhi syarat-syarat kanggo wong kuwi.​—Wi 6:2-7; PH 13:5.

  • Wong Samaria.

    Awalé, istilah iki maksudé wong-wong Israèl saka kerajaan sepuluh suku ing lor. Ning, sakwisé Samaria dikalahké Asiria taun 740 SM, sing disebut wong Samaria kuwi termasuk wong asing sing digawa mlebu karo wong-wong Asiria. Ing jamané Yésus, istilah kuwi maksudé ora mung wong sing asalé saka suku utawa wilayah Samaria, ning kuwi maksudé ya wong-wong saka kelompok agama sing ana ing wilayah Syikhèm lan Samaria kuna. Wong-wong sing mèlu kelompok agama iki nduwé kepercayaan sing béda banget karo kepercayaané kelompok agama Yahudi (Yudaisme).​—Yoh 8:48.

  • Wong sing bébas; Wong sing dibébaské.

    Ing pamréntahan Romawi, ”wong sing bébas” kuwi maksudé wong sing kèt lair wis nduwé kabèh hak dadi warga negara. ”Wong sing dibébaské” kuwi berarti wong sing mauné dadi budhak ning saiki wis dibébaské. Wong-wong sing dibébaské nganggo cara resmi bakal dadi warga negara Romawi, ning ora éntuk dadi pejabat pamréntahan. Wong sing dibébaské nganggo cara ora resmi pancèn ora dadi budhak manèh, ning hak-haké dadi warga negara dibatasi.​—1Kor 7:22.

  • Wong sing isa ngerti wahyu.

    Wong sing diwènèhi kesanggupan saka Gusti Allah bèn isa ngerti karepé Gusti Allah. Mripaté wong kuwi dibukak bèn isa ndelok utawa paham soal apa waé sing biasané ora dipahami manungsa. Kata Ibraniné asalé saka kata ”ndelok”, maksudé ndelok tenanan utawa paham. Pas ana masalah, biasané wong-wong nemoni wong sing isa ngerti wahyu merga arep njaluk naséhat sing wicaksana.​—1Sam 9:9.

  • Wong sing ngundang arwah.

    Wong sing ngakuné isa omongan karo wong sing wis mati.​—Km 20:27; PT 18:10-12; 2Raj 21:6.

  • Wong Yahudi.

    Istilah sing digunakké kanggo nyebut wong saka suku Yéhuda sakwisé kerajaan Israèl sepuluh suku dikalahké. (2Raj 16:6) Sakwisé wong Israèl dibébaské saka Babilon, istilah kuwi digunakké kanggo nyebut wong-wong saka kabèh suku Israèl sing bali menyang Israèl. (Ézr 4:12) Terus, istilah iki digunakké sak donya kanggo mbédakké wong Israèl saka wong sing dudu Yahudi. (Èst 3:6) Rasul Paulus ya nggunakké istilah iki kanggo nggambarké nèk wong Yahudi lan wong dudu Yahudi ing jemaat Kristen kuwi ora ana bédané.​—Rm 2:28, 29; Gal 3:28.

  • Wulang Bebasan; Peribahasa.

    Omongan sing wicaksana utawa crita cendhèk sing disampèkké nganggo kata-kata sederhana sing ngajarké soal apa sing apik lan apa sing bener. Peribahasa ing Alkitab isa waé bentuké teka-teki utawa omongan sing kudu dipikirké tenanan supaya isa ngerti maksudé. Peribahasa biasané ngomongké apa sing bener nganggo kata-kata sing nggawé wong isa mbayangké apa sing diomongké, kerep-kerepé nganggo perumpamaan. Ana peribahasa-peribahasa sing digunakké kanggo ngécé utawa ngrèmèhké wong.​—Pkh 12:9; 2Ptr 2:22.

Y

  • Yakub.

    Anaké Ishak lan Ribka. Ning bar kuwi, Gusti Allah njenengi dhèwèké Israèl, lan dhèwèké dadi leluhuré bangsa Israèl (utawa wong Israèl sing sakwisé  kuwi disebut wong Yahudi). Dhèwèké nduwé anak lanang 12. Anak-anaké kuwi lan keturunané akhiré dadi 12 suku Israèl. Jeneng Yakub ya terus digunakké kanggo nyebut bangsa utawa wong-wong Israèl.​—PD 32:28; Mat 22:32.

  • Yédutun.

    Istilah sing ana ing superskripsi Mazmur 39, 62, lan 77 sing arti pastiné ora dingertèni. Superskripsi iki kétoké petunjuk soal gaya utawa alat musik sing arep dienggo nyanyèkké utawa ngiringi mazmur kuwi. Merga ana wong Lèwi sing dadi pemusik sing jenengé Yédutun, mula kétoké gaya utawa alat musik sing digunakké kuwi ana hubungané karo Yédutun utawa anak-anaké.

  • Yéhuda.

    Anaké lanang Yakub sing nomer papat. Ibuné jenengé Léa. Sakdurungé mati, Yakub ngramalké nèk keturunané Yéhuda ana sing bakal dadi penguasa sing hébat lan bakal mréntah saklawasé. Yésus kuwi asalé saka keturunané Yéhuda. Jeneng Yéhuda ya dienggo nyebut suku keturunané Yéhuda, lan akhiré dadi sebutan kanggo kerajaan Israèl ing sisih kidul. Sing gabung ing Kerajaan Yéhuda kuwi loro suku, yaiku suku Yéhuda lan Bènyamin. Ing kerajaan kuwi ya ana para imam lan wong Lèwi. Kerajaan Yéhuda ana ing bagéan sisih kidulé Israèl sing wilayahé termasuk Yérusalèm lan baité.​—PD 29:35; 49:10; 1Raj 4:20; Ibr 7:14.

  • Yéhuwah.

    Terjemahan ing basa Jawa kanggo jenengé Gusti Allah sing ditulis nganggo papat huruf Ibrani (Tetragramaton). Ing terjemahan Alkitab iki, kata Yéhuwah ana luwih saka ping 7.000.​—Deloken Lamp. A4 lan A5.

  • Yobèl.

    Sebutan kanggo saben taun sing ke-50, diétung kèt bangsa Israèl mlebu ing Tanah Perjanjian. Pas Taun Yobèl, tanah ora éntuk ditanduri lan budhak Ibrani kudu dibébaské. Tanah warisan sing wis diedol kudu dibalèkké manèh marang sing nduwé. Yobèl ya isa disebut taun perayaan utawa taun pembébasan merga saksuwéné taun kuwi bangsa Israèl ngrasakké manèh keadaan sing dialami sakdurungé, yaiku wektu Gusti Allah pertama kali nggawé bangsa kuwi.​—Km 25:10.

  • Yunani; Wong Yunani.

    Basané wong Yunani. Kata iki ya isa berarti wong sing lair ing Yunani utawa wong sing keluargané saka Yunani. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, kabèh wong sing dudu wong Yahudi, wong sing nganggo basa Yunani, utawa wong sing mèlu budayané wong Yunani ya disebut wong Yunani.​—Yl 3:6; Yoh 12:20.

Z

  • Zéus.

    Déwa sing paling unggul saka antarané akèh déwa sing disembah wong Yunani. Wong-wong ing Listra ngira nèk Barnabas kuwi Zéus. Tulisan-tulisan kuna sing ditemokké ing cedhak Listra nyebutké soal ”imam-imam Zéus” lan ”Zéus déwa matahari”. Kapal sing ditumpaki Paulus saka Pulau Malta ana lambangé ”Anak-Anak Zéus” sing kembar yaiku Kastor lan Poluks.​—Kis 14:12; 28:11.

  • Zion; Gunung Zion.

    Jeneng kuthané wong Yébus sing ana bèntèngé. Kutha iki ana ing bukit sebelah tenggara Yérusalèm. Sakwisé Daud ngrebut kutha kuwi, dhèwèké mbangun istanané ing kana, lan kutha kuwi disebut ”Kutha Daud”. (2Sam 5:7, 9) Zion dadi gunung sing suci kanggo Yéhuwah wektu Daud nggawa Pethi Perjanjian mrana. Bar kuwi, jeneng Zion kuwi termasuk dhaérah bait ing Gunung Moria, ning kadhang-kadhang maksudé kabèh dhaérah ing Yérusalèm. Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, istilah iki kerep digunakké dadi lambang.​—Mzm 2:6; 1Ptr 2:6; Why 14:1.

  • Ziv.

    Jeneng asli kanggo sasi ke-2 ing kalènder agama Yahudi lan sasi ke-8 ing kalènder umum Yahudi. Sasi iki dimulai saka pertengahan April nganti pertengahan Mei. Sakwisé wong Yahudi dibébaské saka Babilon, sasi iki disebut Iyar ing Talmud Yahudi lan ing tulisan-tulisan liyané. (1Raj 6:37)—Deloken Lamp. B15.