Mikha 4:1-13

  • Gunungé Yéhuwah diunggulké (1-5)

    • Pedhang dadi mata bajak (3)

    • ”Awaké dhéwé bakal manut karo Yéhuwah” (5)

  • Zion sing dipulihké bakal dadi kuwat (6-13)

4  Ing dina-dina terakhir,Gunung panggonan omahé Yéhuwah+Bakal ngadeg jejeg ngluwihi puncak gunung-gunung Lan bakal dadi luwih dhuwur timbang bukit-bukit. Wong-wong bakal padha bareng-bareng mrana.+   Akèh bangsa bakal mara lan kandha,”Ayo awaké dhéwé munggah menyang gunungé Yéhuwah,Menyang omahé Gusti Allahé Yakub.+ Dhèwèké bakal mulang awaké dhéwé soal dalané,Lan awaké dhéwé bakal mlaku ing dalané.” Sebab saka Zion bakal ana hukum,*Lan saka Yérusalèm bakal ana omongané Yéhuwah.   Gusti Allah bakal dadi hakimé bangsa-bangsa+Lan bakal ngrampungké masalahé bangsa-bangsa kuwi. Wong-wong bakal nggawé pedhangé dadi mata bajakLan tombaké dadi arit.+ Bangsa ora bakal perang nglawan bangsaLan ora bakal ajar perang manèh.+   Saben wong bakal lungguh* ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé.+ Ora ana sing bakal nggawé wedi+Merga sing ngomong kaya ngono Yéhuwah pemimpiné pasukan.   Kabèh bangsa bakal manut karo* allahé dhéwé-dhéwé,Ning awaké dhéwé bakal manut karo* Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé,+ nganti saklawasé.   Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi,Aku bakal nglumpukké bangsa sing pincang kuwiLan bangsa sing kesebar kuwi,+Bareng karo wong-wong sing wis Tak hukum.   Aku bakal nylametké wong-wong sing isih urip saka bangsa sing pincang kuwi,+Lan bangsa sing wis disingkirké menyang panggonan sing adoh bakal Tak dadèkké bangsa sing kuwat.+ Yéhuwah bakal mréntah dadi rajané wong-wong kuwi saka Gunung Zion,Saiki nganti saklawasé.   Kowé, menara sing nglindhungi domba-domba,Bukit ing kutha Zion,+Kekuasaanmu sing mbiyèn* mesthi bakal bali manèh marang kowé.+ Kerajaan kuwi bakal dadi duwèké kutha Yérusalèm manèh.+   Ngapa kok kowé bengok-bengok? Apa kowé ora nduwé raja? Apa para penaséhatmu wis padha mati? Kok nganti kowé kelaran kaya wong wédok sing arep nglairké?+ 10  Hé kutha Zion, padha sambat lan bengok-bengoka,Kaya wong wédok sing arep nglairkéMerga saiki kowé bakal metu saka kutha lan manggon ing padhang. Kowé bakal lunga tekan Babilon,+Lan ing kono, kowé bakal dislametké.+ Ing kono, Yéhuwah bakal nebus kowé saka mungsuh-mungsuhmu.+ 11  Akèh bangsa bakal diklumpukké nglawan kowé. Wong-wong kuwi bakal kandha, ’Bèn waé Zion dirèmèhké,Lan awaké dhéwé isa ndelok kehancurané.’ 12  Ning, wong-wong kuwi ora ngerti pikirané Yéhuwah,Lan ora ngerti karepé Gusti Allah. Gusti Allah bakal nglumpukké wong-wong kuwi kaya tumpukan biji-bijian ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian.* 13  Hé kutha Zion,+ tangia lan gilesen biji-bijian,Merga Aku bakal nggawé sungumu dadi wesi,Lan kukumu dadi tembaga. Kowé bakal ngremuk akèh bangsa,+Lan kowé bakal mènèhké jarahan marang Yéhuwah. Kowé ya bakal mènèhké hartané wong-wong kuwi marang Gusti sing bener, sing nguwasani bumi sak isiné.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”tuntunan”.
Utawa ”manggon”.
Lit.: ”bakal mlaku nganggo jenengé”.
Lit.: ”bakal mlaku nganggo jenengé”.
Utawa ”sing pertama”.