Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 A1

Prinsip Penerjemahan Alkitab

Awalé Alkitab ditulis nganggo basa Ibrani, Aram, lan Yunani kuna. Saiki, Alkitab wis diterjemahké lengkap utawa sebagéan ing luwih saka 3.000 basa. Akèh wong sing maca Alkitab ora paham karo basa asliné Alkitab. Wong-wong kuwi mung isa maca Alkitab sing wis diterjemahké. Prinsip apa sing digunakké kanggo nerjemahké Alkitab? Piyé Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar nggunakké prinsip-prinsip kuwi?

Ana wong sing mikir nèk nerjemahké kata per kata kuwi maknané bakal mirip banget karo basa asliné. Tapi, nyatané ora mesthi kaya ngono. Apa sebabé?

  • Ora ana basa sing tata bahasané, kata-katané, lan susunan kalimaté persis padha. Ahli basa sing jenengé S. R. Driver nulis nèk saben basa kuwi ”béda, ora mung tata bahasa lan asal usulé, ning ya . . . béda carané nyusun kalimat kanggo nyampèkké makna”. Wong-wong sing basané béda nduwé cara mikir sing béda. Driver ya kandha, ”Kuwi sebabé, bentuk kalimat ing saben basa ora padha.”

  • Basa-basa sing digunakké ing jaman saiki ora ana sing kata-katané lan tata bahasané persis padha karo basa Ibrani, Aram, lan Yunani sing digunakké ing Alkitab. Mula, nèk Alkitab diterjemahké kata per kata, hasilé isa dadi ora jelas utawa maknané salah.

  • Kata lan istilah ing saben basa maknané isa béda-béda, tergantung lagi mbahas apa.

Ing ayat-ayat tertentu, penerjemah isa waé nerjemahké kata per kata saka basa asliné, ning kudu ati-ati.

Iki contoné nèk nerjemahké kata per kata isa nggawé wong salah paham:

  • Ing Alkitab, kata ”turu” maksudé isa turu tenan utawa mati. (Matius 28:13; Yohanes 11:11) Nèk sing dimaksud kuwi mati,  penerjemah Alkitab isa langsung nerjemahké kata kuwi dadi ”mati” bèn sing maca ora bingung.​—1 Korintus 7:39; 15:51; 1 Tésalonika 4:13; 2 Pétrus 3:4.

  • Ing Éfésus 4:14, Rasul Paulus nggunakké istilah sing nèk diterjemahké kata per kata dadiné ”dolanan dadu manungsa”. Istilah kuna iki ana hubungané karo ngapusi wong liya nggunakké dadu. Ing akèh basa, terjemahan kata per kata saka istilah kuwi ora ana artiné. Mula, bèn maknané luwih jelas, istilah kuwi diterjemahké dadi ”wong-wong sing licik”.

  • Istilah Yunani sing digunakké ing Roma 12:11 nèk diterjemahké kata per kata dadiné ”umub merga roh”. Ing basa Jawa, terjemahan kata per kata kuwi artiné ora kaya sing dimaksud ing basa asliné. Mula, istilah kuwi diterjemahké dadi ”nduwé semangat sing gedhé merga roh suci”.

  • MATIUS 5:3

    Terjemahan kata per kata: ”wong kang mlarat ing budi”

    Artiné: ”wong sing sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah”

    Pas Ceramah ing Gunung, Yésus nggunakké istilah sing nèk diterjemahké kata per kata dadiné yaiku, ”Rahayu wong kang mlarat ing budi.” (Matius 5:3, Basa Jawi Resmi) Tapi ing akèh basa, nèk istilah kuwi diterjemahké kata per kata, artiné dadi ora jelas. Malah, ing basa tertentu, istilah ”mlarat ing budi” isa berarti ora waras utawa ora nduwé semangat. Ning, sakjané ing ayat iki, Yésus lagi mulang nèk wong-wong isa bahagia dudu merga kebutuhané kecukupan, tapi merga sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah. (Lukas 6:20) Mula, nèk diterjemahké dadi ”sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah”, artiné isa dadi luwih pas karo basa asliné.​—Matius 5:3.

  • Ing ayat-ayat tertentu, kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”cemburu” nduwé arti sing padha karo kata ”cemburu” ing basa Jawa, yaiku ngrasa nesu merga wong sing cedhak karo awaké dhéwé ora setya, utawa ngrasa iri karo duwèké wong liya. (Wulang Bebasan 6:34; Yésaya 11:13) Ning, kata ”cemburu” ing basa Ibrani ya nduwé arti sing apik. Contoné, kata kuwi isa berarti ”tékad” nèk lagi mbahas soal Yéhuwah sing nduwé tékad kanggo nglindhungi umaté. Kata kuwi ya isa digunakké kanggo nduduhké nèk Yéhuwah ”péngin umaté mung nyembah Dhèwèké”. (Pangentasan 34:14; 2 Para Raja 19:31;  Yèhèzkièl 5:13; Zakharia 8:2) Kata kuwi ya isa berarti ’semangat’ kanggo ngabdi sing diduwèni umaté Gusti Allah sing setya, utawa umaté Gusti Allah ”ora meneng waé wektu ana sing ora setya” marang Gusti Allah.​—Mazmur 69:9; 119:139; Wilangan 25:11.

  • Kata Ibrani yadh biasané diterjemahké dadi ”tangan”, tapi kuwi ya isa diterjemahké dadi ”kuwasa”, ”seneng mènèhi”, ”kuwat”, utawa liyané, tergantung lagi mbahas apa

    Kata ”tangan” ing basa Ibrani isa nduwé arti akèh banget. Kata kuwi isa diterjemahké dadi ”kuwasa”, ”seneng mènèhi”, utawa ”kuwat”. (Pangentasan 14:31; 1 Para Raja 10:13; Yésaya 57:10) Malah, ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar basa Inggris, kata kuwi isa diterjemahké dadi 40 kata sing béda-béda.

Conto-conto kuwi nduduhké nèk wektu nerjemahké Alkitab, kata saka basa asliné ora isa diterjemahké dadi kata sing padha terus. Penerjemah kudu mikir tenanan bèn isa milih kata sing paling pas kanggo nyampèkké makna saka basa asliné. Sakliyané kuwi, penerjemah ya kudu isa nyusun kalimat sesuai tata bahasa sing digunakké bèn terjemahané pénak diwaca.

Tapi, penerjemah ya ora isa sak karepé dhéwé milih kata-kata. Nèk penerjemah terlalu bébas wektu nerjemahké Alkitab sesuai karo pemahamané dhéwé, makna sing ana ing Alkitab isa dadi salah. Penerjemah kuwi mungkin nglebokké pendapaté dhéwé sing salah lan ngilangké perincian penting sing ana ing Alkitab. Dadi, senajan Alkitab sing diterjemahké terlalu bébas isa waé pénak diwaca, ning kadhang-kadhang wong sing maca dadi ora isa ngerti makna sing bener saka basa asliné.

Nèk penerjemah percaya karo ajaran tertentu, kuwi ya isa mempengaruhi terjemahané. Contoné, Matius 7:13 kandha, ”Gerbang sing amba lan dalan sing jembar kuwi ngarah menyang kematian.” Merga percaya karo ajaran tertentu, ana penerjemah sing nggunakké kata ”neraka”, dudu kata saka basa Yunaniné, yaiku ”kematian”.

Penerjemah Alkitab ya kudu éling nèk Alkitab ditulis nganggo basa sing umumé digunakké wong-wong biasa, misalé petani, gembala, lan nelayan. (Néhémia 8:8, 12; Kisah 4:13) Dadi, terjemahan Alkitab sing apik kuwi terjemahan sing isa dipahami karo wong-wong sing tulus, ora soal latar belakangé apa. Mula, nggunakké kata-kata sing jelas lan gampang dipahami kuwi luwih  apik timbang nggunakké istilah sing ora tau dienggo wong-wong umumé.

Ana penerjemah Alkitab sing sak karepé dhéwé mbusak jenengé Gusti Allah, yaiku Yéhuwah, saka terjemahan Alkitab sing ana saiki. Padahal, jeneng kuwi ana ing naskah Alkitab kuna. (Deloken Lampiran A4.) Akèh penerjemah sing ngganti jeneng kuwi nganggo sebutan, contoné ”Gusti Allah”. Malah, ana sing sengaja mbusak jeneng kuwi bèn wong liya ora ngerti nèk Gusti Allah nduwé jeneng. Contoné, ana sing nerjemahké dongané Yésus ing Yohanes 17:26 dadi ngéné, ”Aku wis nduduhké Njenengan marang wong-wong kuwi,” lan Yohanes 17:6 dadi ngéné, ”Aku wis nggawé Njenengan dikenal karo wong-wong sing mbok wènèhké marang aku.” Ning, terjemahan sing bener saka dongané Yésus kuwi yaiku, ”Aku wis nduduhké jeneng-Mu marang wong-wong kuwi,” lan, ”Aku wis nggawé jeneng-Mu dikenal karo wong-wong sing mbok wènèhké marang aku.”

Kaya sing disebutké ing pengantar Terjemahan Donya Anyar basa Inggris sing pertama, ”Terjemahan Donya Anyar dudu terjemahan bébas. Panitia Penerjemahan Alkitab Donya Anyar ngupaya nerjemahké kata per kata nèk maknané isih sesuai karo basa Inggris sing digunakké saiki lan nèk ora nggawé makna asliné dadi ora jelas.” Mula, Panitia Penerjemahan Alkitab Donya Anyar ngupaya bèn isa seimbang. Panitia iki nggunakké kata-kata lan istilah sing mirip karo basa asliné, tapi ora nggunakké kata-kata sing ora wajar lan sing nggawé maknané dadi ora jelas. Hasilé, Alkitab isa pénak diwaca, lan sing maca ya isa yakin nèk omongané Gusti Allah sing ana ing Alkitab kuwi bener.​—1 Tésalonika 2:13.