Pengantar
Gusti Allah ngomong karo awaké dhéwé liwat Alkitab Suci. Bèn isa kenal karo sing ngarang Alkitab, awaké dhéwé kudu sinau Alkitab. (Yohanes 17:3; 2 Timotius 3:16) Liwat Alkitab, Gusti Allah Yéhuwah ngandhani apa sing dikarepké Gusti Allah kanggo bumi lan manungsa.—Purwaning Dumadi 3:15; Wahyu 21:3, 4.
Pengaruhé Alkitab kuwi gedhé banget kanggo uripé manungsa. Alkitab mbantu awaké dhéwé niru sipat-sipaté Yéhuwah, misalé katresnan, nduwé rasa mesakké, lan apikan. Alkitab mènèhi harapan sing isa mbantu wong-wong tetep kuwat wektu ngadhepi kabèh kesusahan. Alkitab ya ngandhani apa waé sing kelakon saiki sing ora sesuai karo karepé Gusti Allah.—Mazmur 119:105; Ibrani 4:12; 1 Yohanes 2:15-17.
Alkitab asliné ditulis ing basa Ibrani, Aram, lan Yunani. Tapi saiki, Alkitab wis diterjemahké ing luwih saka 3.000 basa. Ana sing kabèh bagéané wis diterjemahké, tapi ya ana sing lagi sebagéan. Alkitab kuwi buku sing paling akèh diterjemahké lan diduwèni wong-wong. Kuwi cocog karo ramalané Alkitab sing kandha, ”Kabar apik soal Kerajaan [berita utama ing Alkitab] bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi bèn kabèh bangsa krungu, terus akhir kuwi bakal teka.”—Matius 24:14.
Panitia penerjemahan Alkitab Donya Anyar ngerti nèk berita saka Alkitab kuwi penting banget. Panitia iki ya nganggep nèk isiné Alkitab kuwi berharga banget. Mula, panitia iki ngupaya nggawé terjemahan sing luwih apik. Panitia iki ngupaya sak isa-isané bèn isa nyampèkké persis kaya sing dimaksud ing basa asliné. Alkitab iki dhasaré saka New World Translation of the Holy Scriptures èdhisi sakdurungé sing pertama kali diterbitké luwih saka 60 taun kepungkur. Ning, puluhan taun iki basa Inggris wis berubah. Mula, anggota panitia sing saiki mulai ngupaya nggawé terjemahan sing luwih apik. Panitia iki péngin bèn terjemahané ora mung persis karo basa asliné, tapi ya jelas lan gampang diwaca. Lampiran ”Prinsip Penerjemahan Alkitab”, ”Sing Ana ing Terjemahan Alkitab Iki”, lan ”Carané Alkitab Isa Ana Nganti Saiki” njelaské soal perubahan apa waé sing ana ing Alkitab iki.
Wong-wong sing nresnani lan nyembah Gusti Allah Yéhuwah mesthi péngin maca terjemahan Alkitab sing padha kaya asliné lan gampang dingertèni. (1 Timotius 2:4) Mula, panitia iki nyedhiakké èdhisi Alkitab iki ing basa Inggris bèn isa diterjemahké ing basa-basa liya. Panitia iki berharap lan ndonga bèn njenengan, sing maca Alkitab iki, isa éntuk manfaat wektu njenengan ngupaya ’nggolèki Gusti Allah lan nemokké Gusti Allah.’—Kisah 17:27.
Panitia Penerjemahan Alkitab Donya Anyar
Agustus 2013