Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 A3

Carané Alkitab Isa Ana Nganti Saiki

Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah lan isiné omongané Gusti Allah. Gusti Allah njaga bèn Alkitab tetep ana saklawasé. Dhèwèké sing nuntun bèn omongané iki dicathet:

”Omongané Gusti Allah bakal ana sakterusé.”Yésaya 40:8.

Ayat kuwi pancèn bener senajan saiki wis ora ana manèh naskah asli Alkitab saka Kitab-Kitab Ibrani lan Aram * lan saka Kitab-Kitab Yunani Kristen. Dadi, apa sing nggawé awaké dhéwé yakin nèk Alkitab sing ana saiki isiné bener-bener sesuai karo tulisan asliné sing sumberé saka Gusti Allah?

OMONGANÉ GUSTI ALLAH TETEP ANA MERGA ANA PENYALIN

Awaké dhéwé isa yakin nèk Kitab-Kitab Ibrani sing ana saiki sesuai karo tulisan asliné, merga jaman mbiyèn Gusti Allah ngongkon bèn isiné kitab-kitab kuwi ditulis manèh. * Contoné, Yéhuwah ngongkon raja-raja Israèl nulis manèh Hukum Musa. (Pangandharing Torèt 17:18) Gusti Allah ya ngongkon wong Lèwi njaga Hukum Musa bèn terus ana lan ngajarké kuwi marang wong Israèl. (Pangandharing Torèt 31:26; Néhémia 8:7) Sakwisé wong Yahudi ditawan ing Babilon, ana akèh penyalin, utawa penulis (Sofèrim). (Ézra 7:6, cathetan ing ngisor) Para penyalin kuwi nggawé akèh salinan saka 39 buku sing ana ing Kitab-Kitab Ibrani.

Saksuwéné atusan taun, para penyalin nulis manèh buku kuwi nganti tliti banget. Pas Abad Pertengahan (taun 500-1500 M), ana kelompok penyalin Yahudi sing disebut Kelompok Masorèt sing terus nindakké tradhisi kuwi. Naskah lengkap sing paling tuwa saka Kelompok Masorèt yaiku Kodeks Leningrad, sing ditulis  ing taun 1008/1009 M. Tapi, kira-kira ing taun 1950-an, ana kira-kira 220 naskah Alkitab utawa potongan-potongan naskah Alkitab sing ditemokké ing antarané Gulungan Laut Mati. Naskah-naskah Alkitab kuwi ditulis luwih saka sèwu taun sakdurungé Kodeks Leningrad digawé. Wektu Gulungan Laut Mati dibandhingké karo Kodeks Leningrad, ana siji kesimpulan sing penting: Senajan kata-kata ing Gulungan Laut Mati béda karo Kodeks Leningrad, ning maknané isih tetep padha.

Terus, kok isa 27 buku saka Kitab-Kitab Yunani Kristen isih tetep ana nganti saiki? Awalé buku-buku kuwi ditulis karo beberapa rasul-rasulé Yésus Kristus lan karo murid-muridé Yésus jaman mbiyèn. Kaya para penyalin Yahudi, wong-wong Kristen jaman mbiyèn ya nulis manèh buku-buku kuwi. (Kolose 4:16) Senajan Kaisar Roma sing jenengé Dioklétianus lan wong-wong liyané ngupaya nyingkirké buku-buku Kristen wektu kuwi, isih ana èwonan naskah Alkitab lan potongan-potongané sing tetep ana nganti saiki.

Tulisan-tulisané wong Kristen ya diterjemahké ing basa-basa liyané. Terjemahan-terjemahan awal Alkitab digawé ing basa-basa kuna, contoné basa Armenia, Etiopia, Georgia, Koptik, Latin, lan Siria.

MILIH NASKAH IBRANI LAN YUNANI SING DIGUNAKKÉ KANGGO NERJEMAHKÉ

Ora kabèh naskah Alkitab kuna nggunakké kata-kata sing padha. Dadi, piyé carané awaké dhéwé isa ngerti isiné naskah sing asli?

Kuwi isa dipadhakké kaya guru sing ngongkon 100 muridé nulis manèh isiné salah siji buku. Isa waé buku sing asli kuwi ilang. Tapi nèk tulisané 100 murid kuwi dibandhingké, wong-wong isih isa ngerti isiné buku sing asli kuwi. Pancèn saben murid isa waé nggawé kesalahan, tapi ora mungkin kabèh murid nggawé kesalahan sing persis padha. Ya kaya ngono kuwi sing ditindakké para penyalin naskah Alkitab kuna. Mula, wektu para ahli mbandhingké èwonan potongan lan salinan naskah Alkitab kuna, para ahli kuwi isa ngerti kesalahan sing digawé penyaliné lan isa nentokké isi naskah asliné.

”Ora ana tulisan kuna liyané sing salinané nyampèkké makna sing persis padha”

Apa awaké dhéwé isa yakin nèk Alkitab sing awaké dhéwé waca saiki maknané isih padha karo naskah asliné? Ahli sing jenengé William H. Green ngomong soal Kitab-Kitab Ibrani, ”Ora ana tulisan kuna liyané sing salinané nyampèkké makna sing persis padha.” Ahli sing jenengé F. F. Bruce ngomong soal Kitab-Kitab  Yunani Kristen sing ya disebut Perjanjian Anyar, ”Akèh wong percaya nèk tulisan kuna liyané kuwi asli. Mula, wong-wong kuduné ya percaya nèk Perjanjian Anyar kuwi asli merga buktiné akèh banget.” Dhèwèké ya kandha, ”Nèk perjanjian Anyar kuwi kumpulan tulisan sing ora ana kaitané karo agama, akèh wong mesthi yakin nèk kuwi asli.”

Buku Yésaya bab 40 ing Gulungan Laut Mati (digawé saka taun 125 nganti 100 SM)

Wektu dibandhingké karo naskah Ibrani sing digawé kira-kira sèwu taun sakwisé kuwi, isiné ora béda adoh, akèh-akèhé mung éjaané sing béda

Buku Yésaya bab 40 ing Kodeks Aleppo, yaiku naskah Ibrani sing penting sing digawé kelompok Masorèt kira-kira taun 930 M

Naskah Ibrani: New World Translation of the Hebrew Scriptures (Kitab-Kitab Ibrani Terjemahan Donya Anyar) sing diterbitké taun 1953-1960, diterjemahké saka naskah Biblia Hebraica sing digawé Rudolf Kittel. Terus, ana penyesuaian saka naskah Ibrani kuwi sakwisé ana penelitian sing paling anyar sing dhasaré Gulungan Laut Mati lan naskah kuna liyané, mula naskah Ibrani kuwi saiki dadi Biblia Hebraica Stuttgartensia lan Biblia Hebraica Quinta. Loro naskah kuwi isiné Kodeks Leningrad lan ana cathetan ing ngisor sing isiné kata-kata saka sumber liya sing isa dadi perbandingan. Sumber liya kuwi termasuk Péntateukh Samaria, Gulungan Laut Mati, Septuaginta Yunani, Targum Aram, Vulgata Latin, lan Peshitta Siria. Naskah Biblia Hebraica Stuttgartensia lan Biblia Hebraica Quinta dienggo bahan pertimbangan wektu nggawé èdhisi révisi New World Translation (Terjemahan Donya Anyar).

Naskah Yunani: Ing antarané taun 1853-1881, ahli sing jenengé B. F. Westcott lan F.J.A. Hort mbandhingké naskah Alkitab lan potongan-potongan naskah Alkitab wektu nggawé naskah Yunani sing paling sesuai karo naskah asliné. Terus, kira-kira taun 1950-an, Panitia Penerjemahan Alkitab Donya Anyar nggunakké naskah kuwi dadi dhasar kanggo nggawé terjemahan Alkitab. Panitia kuwi ya nggunakké naskah papirus kuna, sing mungkin wis ana kèt taun 125-300 M. Sakwisé taun kuwi, ana luwih akèh naskah papirus. Sakliyané kuwi, ana naskah Yunani sing digawé Nestle lan Aland, lan sing digawé United Bible Societies sing sumberé saka penelitian sing paling anyar. Ana hasil saka penelitian kuwi sing digunakké ing Alkitab èdhisi révisi iki.

Naskah-naskah Yunani kuwi nduduhké nèk ing terjemahan-terjemahan sing luwih tuwa saka Kitab-Kitab Yunani Kristen, kaya King James Version, ana ayat-ayat sing ditambahké karo para penyaliné, sing sakjané ora ana ing tulisan asliné. Ana beberapa Alkitab sing mbusak ayat kuwi. Tapi, kèt taun 1550-an, carané nomeri ayat wis ditentokké, lan kuwi wis umum digunakké ing akèh Alkitab. Mula merga ana ayat-ayat sing dihapus, ayat-ayat kuwi dadi kosong ing beberapa Alkitab. Ayat-ayat sing kosong kuwi ana ing Matius 17:21; 18:11; 23:14; Markus 7:16; 9:44, 46; 11:26; 15:28; Lukas 17:36; 23:17; Yohanes 5:4; Kisah 8:37; 15:34; 24:7;  28:29; lan Roma 16:24. Ing Alkitab èdhisi révisi iki, ayat-ayat kuwi diwènèhi cathetan ing ngisor.

Penutup panjang ing Markus 16 (ayat 9-20), penutup pendek ing Markus 16, lan kata-kata ing Yohanes 7:53–8:11, ora ana ing naskah asliné. Mula, ayat-ayat palsu kuwi ora ana ing Alkitab èdhisi révisi iki. *

Ana kata-kata liyané sing diubah sesuai karo makna sing paling cocog karo tulisan asliné menurut para ahli. Contoné, menurut beberapa naskah, Matius 7:13 kandha, ”Mlebua liwat gerbang sing sempit merga gerbang sing amba lan dalan sing jembar kuwi ngarah menyang kematian.” Mauné, ing New World Translation (Terjemahan Donya Anyar) èdhisi basa Inggris, ora ana kata ”gerbang” ing ayat kuwi. Tapi sakwisé naskahé ditliti, jebulé ana kata ”gerbang” ing naskah asliné. Mula, kata kuwi dilebokké ing Alkitab èdhisi iki. Ana akèh perubahan liyané. Tapi kuwi dudu perubahan sing gedhé lan ora ngubah makna utama saka omongané Gusti Allah.

Naskah papirus sing isiné 2 Korintus 4:13–5:4, sing ana kira-kira kèt taun 200 M

^ par. 5 Ing artikel iki bakal disebut Kitab-Kitab Ibrani.

^ par. 7 Salah siji alesan naskah Alkitab kudu ditulis manèh yaiku merga naskah sing asli ditulis ing bahan sing gampang rusak.

^ par. 18 Keterangan sing luwih akèh soal ngapa kok ayat-ayat iki dianggep palsu ana ing cathetan ing ngisor saka New World Translation of the Holy Scriptures—With References (Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar—Sing Ana Réferènsiné) sing diterbitké taun 1984.