Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 A5

Jenengé Gusti Allah ing Kitab-Kitab Yunani Kristen

Para ahli Alkitab ngakoni nèk Gusti Allah nduwé jeneng sing ditulis nganggo Tetragramaton (יהוה), lan kuwi ditulis mèh ping 7.000 ing naskah asli saka Kitab-Kitab Ibrani (Purwaning Dumadi nganti Maléakhi). Ning, akèh sing mikir nèk jeneng kuwi ora ana ing naskah asli saka Kitab-Kitab Yunani Kristen (Matius nganti Wahyu). Mula, akèh penerjemah Alkitab ora nggunakké jenengé Yéhuwah ing bagéan sing disebut Perjanjian Anyar. Malah, wektu nerjemahké cuplikan saka Kitab Ibrani sing nggunakké Tetragramaton, akèh penerjemah nggunakké sebutan ”Gusti”, dudu jenengé Gusti Allah.

Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar ora kaya ngono. Alkitab iki nggunakké jenengé Yéhuwah ping 237 ing Kitab-Kitab Yunani Kristen. Para penerjemahé mutuské nggunakké jenengé Yéhuwah merga mikirké loro alesan sing penting iki: (1) Naskah Kitab-Kitab Yunani sing saiki ana dudu naskah sing asli. Ing antarané èwonan salinan naskah sing saiki ana, akèh-akèhé digawé kira-kira 200 taun sakwisé naskah sing asli ditulis. (2) Wektu kuwi, para penyalin naskah-naskah Yunani sing asli ngganti Tetragramaton dadi kata Yunani Kyrios, sing artiné ”Gusti”. Sing liyané nggawé salinan saka naskah sing wis ngganti jenengé Gusti Allah dadi Kyrios.

Panitia Penerjemahan Alkitab Donya Anyar nduwé bukti sing jelas nèk Tetragramaton ana ing naskah Yunani sing asli. Buktiné yaiku:

  • Tetragramaton ana ing akèh salinan Kitab-Kitab Ibrani sing dienggo ing jamané Yésus lan para rasulé. Mbiyèn, ana wong-wong sing ora setuju soal kuwi. Ning, merga akèh salinan Kitab-Kitab Ibrani sing digawé ing abad pertama ditemokké ing cedhak Qumran, ora ana sing isa mbantah bukti kuwi.

  • Ing jamané Yésus lan para rasulé, Tetragramaton ya ana ing Kitab-Kitab Ibrani sing diterjemahké ing basa Yunani. Saksuwéné atusan taun, para ahli ngira nèk Tetragramaton ora ana ing Septuaginta Yunani (Kitab-Kitab Ibrani sing diterjemahké ing basa Yunani). Kira-kira ing taun 1950-an, potongan-potongan saka Septuaginta Yunani sing digunakké ing jamané Yésus ditliti para ahli. Ing potongan-potongan kuwi,  ana jenengé Gusti Allah sing ditulis nganggo huruf Ibrani. Dadi, jenengé Gusti Allah pancèn ana ing salinan-salinan Kitab Suci basa Yunani sing digunakké ing jamané Yésus. Tapi, kira-kira ing taun 300-400 M, jenengé Gusti Allah ora ana ing naskah-naskah Septuaginta Yunani sing utama, kaya Kodeks Vatikanus lan Kodeks Sinaitikus (senajan jeneng kuwi ana ing naskah-naskah sakdurungé). Kuwi sebabé, ing naskah-naskah saka jaman kuwi, jenengé Gusti Allah ora ana ing bagéan sing disebut Perjanjian Anyar, utawa Kitab-Kitab Yunani ing Alkitab.

    Yésus kandha, ”Aku teka nganggo jenengé Bapakku.” Yésus ya njelaské nèk dhèwèké nindakké tugasé ”nganggo jenengé” Bapaké

  • Kitab-Kitab Yunani Kristen kandha nèk Yésus kerep nggunakké lan martakké jenengé Gusti Allah. (Yohanes 17:6, 11, 12, 26) Yésus kandha, ”Aku teka nganggo jenengé Bapakku.” Yésus ya njelaské nèk dhèwèké nindakké tugasé ”nganggo jenengé” Bapaké.​—Yohanes 5:43; 10:25.

  • Jenengé Gusti Allah ana ing Kitab-Kitab Ibrani, dadi ora mungkin jeneng kuwi ujug-ujug ilang saka Kitab-Kitab Yunani, merga sing nulis Kitab-Kitab Ibrani lan Yunani padha-padha dituntun Gusti Allah. Ing abad pertama, Yakobus ngomong karo para pinituwa ing Yérusalèm, ”Siméon wis nyritakké kabèh soal piyé Gusti Allah wis nggatèkké wong-wong saka bangsa liya lan milih saka antarané wong-wong kuwi umat sing disebut nganggo jenengé.” (Kisah 15:14) Ora mungkin Yakobus ngomong ngono nèk wektu kuwi ora ana sing ngerti utawa nggunakké jenengé Gusti Allah.

  • Ana singkatan jenengé Gusti Allah ing Kitab Yunani Kristen. Ing Wahyu 19:1, 3, 4, 6, jenengé Gusti Allah ana ing kata ”Haléluyah”. Iki asalé saka kata Ibrani sing artiné ”Pujinen Yah”. ”Yah” kuwi singkatan saka jenengé Yéhuwah. Akèh jeneng ing Kitab-Kitab Yunani Kristen sing dijupuk saka jenengé Gusti Allah. Malah, ana keterangan sing njelaské nèk jenengé Yésus kuwi artiné ”Yéhuwah sing Nylametké”.

  • Ing tulisan-tulisané wong Kristen Yahudi jaman mbiyèn, ana jenengé Gusti Allah. Tosefta, sing isiné hukum-hukum lisan sing rampung ditulis kira-kira taun 300 M, kandha soal tulisané wong Kristen sing diobong ing dina Sabat, ”Buku-bukuné para penginjil lan bukuné minim (mungkin maksudé wong Kristen Yahudi) diobong. Jenengé Gusti Allah sing ana ing  buku-buku kuwi mèlu ilang.” Tosefta ya nyuplik omongané Rabi Yosé, wong Galiléa sing urip ing abad keloro Masèhi, nèk ing dina liya (maksudé sakliyané dina Sabat), ”bagéan sing ana jenengé Gusti Allah [mungkin maksudé ing buku-buku Kristen] disuwèk lan disimpen, terus sisané diobong.”

  • Para ahli Alkitab ngakoni nèk jenengé Gusti Allah mungkin ana ing Kitab-Kitab Yunani sing nyuplik ayat-ayat saka Kitab-Kitab Ibrani. Ing buku The Anchor Bible Dictionary, ana judhul ”Tetragramaton ing Perjanjian Anyar” sing njelaské kaya ngéné, ”Ana bukti nèk Tetragramaton, jenengé Gusti Allah,  Yahweh, ana ing sebagéan utawa kabèh ayat ing P[erjanjian] A[nyar] sing nyuplik P[erjanjian] L[awas] wektu PA pertama kali ditulis.” Ahli sing jenengé George Howard kandha, ”Merga Tetragram isih ana ing Kitab Suci basa Yunani (Septuaginta) sing dienggo gréja-gréja jaman mbiyèn, kuwi berarti sing nulis P[erjanjian] A[nyar] tetep nganggo Tetragram wektu nyuplik ayat saka Kitab Suci.”

  • Para penerjemah sing terkenal nggunakké jenengé Gusti Allah ing Kitab-Kitab Yunani Kristen. Para penerjemah iki wis nggunakké jenengé Gusti Allah suwé sakdurungé Terjemahan  Donya Anyar digawé. Contoné, A Literal Translation of the New Testament . . . From the Text of the Vatican Manuscript, terjemahané Herman Heinfetter (1863); The Emphatic Diaglott, terjemahané Benjamin Wilson (1864); The Epistles of Paul in Modern English, terjemahané George Barker Stevens (1898); St. Paul’s Epistle to the Romans, terjemahané W. G. Rutherford (1900); The New Testament Letters, terjemahané J.W.C. Wand, Bishop of London (1946). Sakliyané kuwi, ing terjemahan basa Spanyol awal taun 1900-an, penerjemah Pablo Besson nggunakké ”Jehová” ing Lukas 2:15 lan Yudas 14, lan ing kira-kira 100 cathetan ing ngisor. Suwé sakdurungé terjemahan-terjemahan kuwi digawé, Kitab-Kitab Yunani Kristen ing basa Ibrani saka taun 1500-an nggunakké Tetragramaton ing akèh ayat. Ing basa Jerman, ana kira-kira 11 terjemahan Alkitab sing nggunakké ”Jehovah” (utawa terjemahan saka kata Ibrani Yahweh) ing Kitab-Kitab Yunani Kristen. Papat penerjemah nggunakké jeneng kuwi ing njero tandha kurung sakwisé kata ”Gusti”. Luwih saka 70 terjemahan basa Jerman nggunakké jenengé Gusti Allah ing keterangan tambahan utawa cathetan ing ngisor.

    Jenengé Gusti Allah ing Kisah 2:34 ing The Emphatic Diaglott, terjemahané Benjamin Wilson (1864)

  •   Akèh terjemahan Alkitab ing luwih saka satus basa nulis jenengé Gusti Allah ing Kitab-Kitab Yunani Kristen. Ing basa-basa Afrika, Amerika, Asia, Eropa, lan Kepulauan Pasifik, jenengé Gusti Allah bébas digunakké. (Deloken daftar ing halaman 1998 lan 1999.) Para penerjemah Alkitab ing basa-basa kuwi nggunakké jenengé Gusti Allah merga alesan-alesan sing disebutké mau. Terjemahan-terjemahan Kitab-Kitab Yunani Kristen kuwi misalé Rotuman Bible (1999) sing nggunakké ”Jihova” ping 51 ing 48 ayat, lan terjemahan basa Batak (Toba) saka Indonesia (1989) sing nggunakké ”Jahowa” ping 110. Sakliyané kuwi, Alkitab terjemahan Indonesian Literal Translation (2008) nggunakké jeneng ”YAHWEH” ping 180 punjul ing bagéan sing disebut Perjanjian Anyar.

    Jenengé Gusti Allah ing Markus 12:29, 30, ing terjemahan basa Hawaii

Ana dhasar sing jelas kanggo nggunakké jenengé Gusti Allah, Yéhuwah, ing Kitab-Kitab Yunani Kristen sesuai karo naskah asliné. Mula, para penerjemah Terjemahan Donya Anyar nggunakké jeneng kuwi. Wong-wong kuwi ngajèni jenengé Gusti Allah lan ora gelem ngilangi apa waé sing ana ing tulisan asliné.​—Wahyu 22:18, 19.