Mazmur 119:1-176
-
Ngajèni omongané Gusti Allah sing berharga
-
”Piyé carané bèn cah enom uripé tetep resik?” (9)
-
”Aku seneng karo peraturan-Mu” (24)
-
”Aku seneng banget karo hukum-Mu” (97)
-
”Pemahamanku luwih akèh timbang kabèh guruku” (99)
-
”Omongan-Mu kuwi kaya lampu sing madhangi aku wektu mlaku” (105)
-
”Omongan-Mu kuwi bener” (160)
-
Wong sing seneng karo hukumé Gusti Allah ngrasa ayem (165)
-
א [Alef]
119 Wong sing terus nindakké apa sing bener*Lan manut karo hukumé Yéhuwah+ kuwi bahagia.
2 Wong sing manut karo peraturané+Lan saktulusé ati nggolèki tuntunané kuwi bahagia.+
3 Dhèwèké manut karo préntahé*+Lan ora seneng nindakké kejahatan.
4 Njenengan wis mènèhi aku préntahBèn nindakké peraturan-Mu.+
5 Aku péngin banget+Isa terus manut karo peraturan-Mu,*
6 Bèn aku ora isin+Wektu mikirké préntah-Mu.
7 Aku bakal muji Njenengan sak tulusé atikuWektu aku sinau soal keputusan-Mu sing adil.
8 Aku bakal nindakké kabèh peraturan-Mu.
Aja nganti Njenengan ninggalké aku.
ב [Bet]
9 Piyé carané bèn cah enom uripé tetep resik?
Dhèwèké kudu manut karo omongan-Mu.+
10 Aku saktulusé ati nggolèki tuntunan-Mu.
Aja nganti aku nglanggar préntah-Mu.+
11 Omongan-Mu terus tak éling-éling lan tak anggep berharga+Bèn aku ora nggawé dosa marang Njenengan.+
12 Oh Yéhuwah, muga-muga Njenengan dipuji.
Tulung ajari aku peraturan-Mu.
13 Aku wis nyritakkéKabèh préntah sing mbok wènèhké.
14 Aku ngrasa seneng merga ngerti peraturan-Mu,+Luwih seneng timbang nduwèni kabèh barang sing berharga.+
15 Aku bakal mikirké tenanan* peraturan-Mu+Lan nggatèkké préntah-Mu.+
16 Aku seneng karo hukum-Mu.
Aku ora bakal lali karo omongan-Mu.+
ג [Gimel]
17 Tulung Njenengan apikan karo abdi-Mu ikiBèn aku isa tetep urip lan nindakké omongan-Mu.+
18 Tulung bantu aku bèn isa ngerti tenanHukum-Mu sing luar biasa kuwi.
19 Aku mung wong asing ing negara liya.+
Aja nganti Njenengan ora ngandhani aku préntah-Mu.
20 Aku péngin bangetNgerti soal hukum-Mu.
21 Njenengan nyenèni wong sing lancang,Yaiku wong sing dikutuk merga ora manut karo préntah-Mu.+
22 Tulungi aku bèn aku ora diécé lan direndhahké manèhMerga aku wis nindakké peraturan-Mu.
23 Malah wektu para pemimpin padha ngumpul lan ngèlèk-èlèk aku,Aku tetep mikirké tenanan* peraturan-Mu.
24 Aku seneng karo peraturan-Mu.+
Kuwi kabèh dadi naséhat kanggo aku.+
ד [Dalet]
25 Aku nggléthak ing debu.+
Tulung lindhungi aku bèn aku ora mati, kaya janji-Mu* marang aku.+
26 Aku nyritakké kabèh tumindakku marang Njenengan, lan Njenengan njawab aku.
Tulung ajari aku préntah-Mu.+
27 Bantu aku bèn paham artiné* peraturan-Mu,Supaya aku isa mikirké tenanan* tumindak-Mu sing luar biasa.+
28 Aku ora isa turu merga sedhih banget.
Tulung bantu aku bèn tetep kuwat, kaya janji-Mu* marang aku.
29 Tulung bantu aku bèn ora dadi wong sing seneng ngapusi,+Lan tulung ajari aku hukum-Mu.
30 Aku nduwé tékad bèn tetep setya.+
Aku ngakoni nèk hukum-Mu kuwi bener.
31 Aku terus manut karo peraturan-Mu.+
Oh Yéhuwah, aja nganti aku kecéwa.*+
32 Aku péngin banget manut karo préntah-MuMerga Njenengan mènèhi aku pemahaman sing luwih akèh.*
ה [He]
33 Oh Yéhuwah, tulung ajari aku+ peraturan-Mu.
Kuwi bakal terus tak tindakké.+
34 Bantu aku bèn ngerti,Supaya aku isa manutLan saktulusé atiku nindakké hukum-Mu.
35 Aku seneng karo préntah-Mu,+Mula tuntunen aku bèn kuwi kabèh isa tak tindakké.
36 Bantu aku bèn péngin nindakké hukum-MuLan ora nindakké kepénginanku dhéwé.*+
37 Bantu aku bèn ora ndelok sing ora ana gunané.+
Tulung lindhungi aku bèn manut karo préntah-Mu supaya aku ora mati.
38 Tulung Njenengan nepati janji-Mu* marang abdi-Mu iki,Bèn wong-wong* wedi marang* Njenengan.
39 Hukum-Mu kuwi apik,+Mula tulungi aku bèn aku ora diécé merga aku wedi diécé.
40 Aku péngin banget nindakké peraturan-Mu,Tulung lindhungi aku bèn aku ora mati merga Njenengan adil.
ו [Waw]
41 Oh Yéhuwah, muga-muga Njenengan nresnani* aku+Lan nylametké aku, kaya janji-Mu* marang aku,+
42 Bèn aku isa njawab wong sing ngécé aku,Merga aku percaya karo omongan-Mu.
43 Tulung bantu aku bèn terus ngomongké apa sing bener,Merga aku berharap* Njenengan nggawé keputusan sing adil.
44 Aku bakal terus manut karo hukum-MuNganti saklawasé.+
45 Aku bakal aman ing endi waé aku lunga+Merga aku ngupaya manut karo peraturan-Mu.
46 Malah, pas ana ing ngarepé raja, aku bakal tetep nyritakké soal hukum-Mu.
Aku ora bakal ngrasa isin.+
47 Aku seneng karo préntah-Mu,Aku seneng banget.+
48 Aku bakal ndonga karo ngangkat tanganku merga aku seneng banget karo préntah-Mu,+Lan aku bakal mikirké tenanan* peraturan-Mu.+
ז [Zayin]
49 Tulung éling karo janji-Mu* marang abdi-Mu ikiMerga kuwi sing nggawé aku nduwé harapan.*
50 Kuwi sing nggawé aku tenang senajan susah,+Merga omongan-Mu wis mbantu aku bèn aku ora mati.
51 Wong sing lancang ngécé aku entèk-entèkan,Tapi aku tetep ora nglanggar hukum-Mu.+
52 Oh Yéhuwah, aku éling karo hukum-Mu sing wis ana kèt mbiyèn,+Lan kuwi nggawé aku ngrasa tenang.+
53 Aku nesu banget karo wong jahatSing ora manut karo hukum-Mu.+
54 Peraturan-Mu kuwi kaya lagu kanggo aku,Ing endi waé akumanggon.*
55 Oh Yéhuwah, pas bengi aku éling karo jeneng-Mu,+Bèn aku isa terus manut karo hukum-Mu.
56 Kuwi dadi kebiasaankuMerga aku péngin manut karo peraturan-Mu.
ח [Het]
57 Yéhuwah kuwi sing tak duwèni.*+
Aku wis janji bakal manut karo omongan-Mu.+
58 Aku njaluk marang Njenengan saktulusé atiku.+
Tulung mesakké aku,+ kaya janji-Mu* marang aku.
59 Aku mikirké apa sing wis tak tindakké,Bèn aku isa manut karo peraturan-Mu manèh.+
60 Aku cepet-cepet lan ora nunda-nundaNindakké préntah-Mu.+
61 Wong jahat nindhes aku,*Ning aku tetep éling karo hukum-Mu.+
62 Pas tengah wengi, aku tangi merga arep ngucap syukur marang Njenengan+Merga Njenengan nggawé keputusan sing adil.
63 Aku kekancan karo wong sing wedi marang* NjenenganLan sing manut karo peraturan-Mu.+
64 Oh Yéhuwah, katresnan-Mu* kétok ing kabèh panggonan ing bumi.+
Tulung ajari aku peraturan-Mu.
ט [Tet]
65 Oh Yéhuwah, Njenengan wis apikan karo abdi-Mu iki,Kaya janji-Mu* marang aku.
66 Tulung ajari aku bèn nduwé pengetahuan lan pertimbangan sing apik+Merga aku percaya karo préntah-Mu.
67 Mbiyèn sakdurungé aku ngalami kesusahan, aku kerep nggawé kesalahan tanpa sengaja,Ning saiki aku manut karo omongan-Mu.+
68 Njenengan kuwi apikan,+ lan tumindak-Mu apik.
Tulung ajari aku peraturan-Mu.+
69 Wong sing lancang ngomongké sing ora bener soal aku,Ning aku saktulusé ati manut karo peraturan-Mu.
70 Wong-wong kuwi ora nduwé perasaan,+Ning aku seneng karo hukum-Mu.+
71 Ana apiké aku ngalami kesusahan,+Bèn aku isa luwih ngerti soal peraturan-Mu.
72 Hukum sing mbok wènèhké kuwi apik kanggo aku,+Luwih apik timbang emas lan pérak sing akèh.+
י [Yod]
73 Njenengan* sing nggawé lan mbentuk aku.
Bantu aku bèn ngerti,Supaya aku isa luwih ngerti soal préntah-Mu.+
74 Wong sing wedi marang* Njenengan ngrasa seneng pas ndelok akuMerga aku percaya karo* omongan-Mu.+
75 Oh Yéhuwah, aku ngerti nèk keputusan-Mu kuwi adil.+
Njenengan ngukum aku merga Njenengan setya.+
76 Muga-muga katresnan-Mu*+ nggawé aku tenang,Kaya janji-Mu* marang abdi-Mu iki.
77 Tulung mesakké aku bèn aku isa tetep urip,+Merga aku seneng karo hukum-Mu.+
78 Muga-muga wong sing lancang dadi isin,Merga wong-wong kuwi nglarani aku tanpa alesan.*
Ning, aku bakal mikirké tenanan* peraturan-Mu.+
79 Muga-muga wong sing wedi marang* NjenenganLan sing ngerti peraturan-Mu cedhak karo aku manèh.
80 Muga-muga aku manut karo peraturan-Mu saktulusé atiku,+Bèn aku ora isin.+
כ [Kaf]
81 Aku péngin banget mbok slametké+Merga aku percaya karo* omongan-Mu.
82 Aku ngentèni janji-Mu kelakon.+
Aku takon, ”Kapan Njenengan bakal nggawé aku tenang?”+
83 Aku kaya wadhah ngombé saka kulit sing garing kena asap,Tapi aku ora lali karo peraturan-Mu.+
84 Nganti kapan abdi-Mu iki kudu ngentèni?
Kapan Njenengan bakal ngukum wong sing nganiaya aku?+
85 Wong sing lancang lan sing nglanggar hukum-MuNggali lubang kanggo aku bèn aku kecemplung ing kono.
86 Kabèh préntah-Mu isa dipercaya.
Tulungi aku merga wong-wong nganiaya aku tanpa alesan.+
87 Wong-wong kuwi mèh waé matèni aku,Ning aku tetep manut karo peraturan-Mu.
88 Merga Njenengan nresnani* aku, tulung lindhungi aku bèn aku ora mati,Supaya aku isa manut karo peraturan sing mbok wènèhké marang aku.
ל [Lamed]
89 Oh Yéhuwah, omongan-Mu bakal terus ana ing swarga+Nganti saklawasé.
90 Njenengan setya nganti sakterusé.+
Njenengan nggawé bumi ana nganti saklawasé lan tetep ana ing panggonané.+
91 Kabèh kuwi tetep ana nganti saiki merga peraturan-Mu,Merga kabèh ciptaan-Mu kuwi abdi-Mu.
92 Nèk aku ora seneng karo hukum-Mu,Aku mesthi wis mati merga kesusahanku.+
93 Aku ora bakal lali karo peraturan-Mu.
Aku isa tetep urip merga Njenengan mènèhi aku peraturan kuwi.+
94 Aku iki duwèk-Mu. Slametna aku,+Merga aku wis ngupaya manut karo peraturan-Mu.+
95 Wong jahat nggolèk kesempatan kanggo matèni aku,Ning aku terus mikirké peraturan-Mu.
96 Aku wis ndelok nèk kabèh sing sampurna kuwi ana batesé,Ning préntah-Mu ora ana batesé.*
מ [Mem]
97 Aku seneng banget karo hukum-Mu.+
Kuwi tak pikirké tenanan* saben dina.+
98 Préntah-Mu nggawé aku luwih wicaksana* timbang mungsuhku+Merga kuwi sing terus nuntun aku.
99 Pemahamanku luwih akèh timbang kabèh guruku+Merga aku mikirké tenanan* peraturan-Mu.
100 Aku luwih wicaksana timbang wong-wong sing wis tuwaMerga aku manut karo peraturan-Mu.
101 Aku ora bakal nindakké kejahatan+Merga aku péngin manut karo omongan-Mu.
102 Aku ora nglanggar hukum-MuMerga Njenengan wis ngajari aku.
103 Omongan-Mu kuwi nyenengké banget,Rasané luwih legi timbang madu.+
104 Aku dadi wicaksana merga peraturan-Mu,+Kuwi sebabé aku sengit karo kabèh tumindak sing salah.+
נ [Nun]
105 Omongan-Mu kuwi kaya lampu sing madhangi aku wektu mlakuLan kaya cahaya sing madhangi dalanku.+
106 Aku wis nggawé sumpah nèk bakal nindakké hukum-Mu sing adil,Lan kuwi mesthi bakal tak tepati.
107 Aku sengsara banget.+
Oh Yéhuwah, tulung lindhungi aku bèn aku ora mati, kaya janji-Mu* marang aku.+
108 Oh Yéhuwah, muga-muga Njenengan seneng nampa pujian sing tak wènèhké dadi persembahan sukaréla,*+Lan tulung ajari aku hukum-Mu.+
109 Aku terus ngadhepi bahaya sing ngancam nyawaku,Ning aku ora lali karo hukum-Mu.+
110 Wong jahat masang perangkap kanggo aku,Tapi aku tetep manut karo peraturan-Mu.+
111 Ora bakal tak lalèkké peraturan-Mu*Merga kuwi sing nggawé seneng atiku.+
112 Aku nduwé tékad terus manut karo peraturan-MuSakjegé uripku, nganti aku mati.
ס [Samekh]
113 Aku sengit karo wong sing ora tenanan setya marang Njenengan,*+Tapi aku seneng karo hukum-Mu.+
114 Njenengan kuwi tamèngku lan sing nglindhungi aku.+
Aku percaya karo* omongan-Mu.+
115 Hé wong jahat,+ aja cedhak-cedhak karo aku,Bèn aku isa manut préntahé Gusti Allahku.
116 Oh Gusti Allah, tulung bantu aku, kaya janji-Mu* marang aku,+Bèn aku isa tetep urip.
Aja nganti sing tak harapké ora kelakon merga kuwi bakal nggawé aku kecéwa.*+
117 Tulung bantu aku bèn aku slamet,+Supaya aku isa terus nggatèkké peraturan-Mu.+
118 Njenengan ora gelem nampa wong sing ora manut karo peraturan-Mu,+Merga wong kuwi munafik lan seneng ngapusi.
119 Njenengan nyingkirké kabèh wong jahat ing bumi kaya nyingkirké sampah.+
Kuwi sebabé aku seneng karo peraturan-Mu.
120 Awakku* ndredheg merga wedi banget marang Njenengan.
Aku wedi nèk ora manut karo hukum-Mu.
ע [Ayin]
121 Aku wis nindakké sing bener lan adil.
Aja nggawé aku dikalahké wong sing nindhes aku.
122 Tulung Njenengan janji nèk bakal nulungi abdi-Mu iki.
Aja nganti wong sing lancang nindhes aku.
123 Mripatku kesel ngentèni Njenengan nylametké aku+Lan ngentèni janji-Mu* sing isa dipercaya.+
124 Tulung sayangi* abdi-Mu iki,+Lan ajari aku peraturan-Mu.+
125 Aku iki abdi-Mu. Tulung bantu aku bèn nduwé pemahaman+Supaya aku ngerti peraturan-Mu.
126 Oh Yéhuwah, saiki wis wektuné Njenengan tumindak+Merga wong-wong wis nglanggar hukum-Mu.
127 Kuwi sebabé aku luwih seneng karo préntah-MuTimbang karo emas murni.+
128 Aku nganggep kabèh petunjuk-Mu* kuwi bener.+
Aku sengit karo kabèh tumindak sing salah.+
פ [Pe]
129 Aku manut karo peraturan-MuMerga peraturan-Mu kuwi apik banget.
130 Wektu omongan-Mu dijelaské, wong dadi isa éntuk pengetahuan.+
Wong sing ora nduwé pengalaman dadi nduwé pemahaman.+
131 Aku péngin banget ngrungokké préntah-Mu,+Nganti rasané ora isa ambegan.
132 Tulung gatèkna aku lan mesakké aku,+Kaya sing wis mbok tindakké marang wong sing nresnani jeneng-Mu.+
133 Tuntunen aku* nganggo omongan-Mu.
Tulung bantu bèn aku ora dikuwasani karo apa sing jahat.+
134 Slametna* aku saka wong sing nindhes aku,Lan aku bakal terus manut karo peraturan-Mu.
135 Muga-muga Njenengan seneng* karo aku.+
Tulung ajari aku peraturan-Mu.
136 Aku nangisMerga wong-wong ora manut karo hukum-Mu.+
צ [Tsade]
137 Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi bener,+Lan keputusan-Mu kuwi adil.+
138 Peraturan sing mbok wènèhké kuwi benerLan tenanan isa dipercaya.
139 Semangatku kanggo ngabdi kuwi kaya geni sing murub ing njero awakku,+Merga aku ndelok mungsuh-mungsuhku ngrèmèhké omongan-Mu.
140 Abdi-Mu iki seneng karo omongan-Mu+Merga kuwi murni.+
141 Kanggoné wong liya, aku iki ora penting lan rendhah,+Tapi aku ora tau lali karo peraturan-Mu.
142 Keadilan-Mu tetep ana nganti saklawasé,+Lan hukum-Mu kuwi bener.+
143 Senajan aku susah lan sengsara,Aku tetep seneng karo préntah-Mu.
144 Peraturan-Mu kuwi bener nganti saklawasé.
Tulung bantu aku bèn nduwé pemahaman+ supaya aku isa tetep urip.
ק [Qof]
145 Oh Yéhuwah, tulung jawab aku merga aku ndonga sak tulusé atiku.
Aku bakal manut karo peraturan-Mu.
146 Aku ndonga marang Njenengan. Slametna aku.
Aku bakal manut karo peraturan-Mu.
147 Aku tangi sakdurungé matahari terbit merga péngin njaluk tulung,+Sebab aku percaya karo* omongan-Mu.
148 Aku tangi pas tengah wengiBèn aku isa mikirké tenanan* omongan-Mu.+
149 Rungokna aku merga Njenengan sayang karo* aku.+
Oh Yéhuwah, tulung lindhungi aku bèn aku ora mati merga Njenengan adil.
150 Wong sing tumindaké bejat* marani aku.
Dhèwèké ora gelem manut karo hukum-Mu.
151 Oh Yéhuwah, Njenengan cedhak karo aku.+
Kabèh préntah-Mu kuwi bener.+
152 Kèt mbiyèn aku wis sinau soal peraturan-MuSing mbok gawé kanggo sakterusé.+
ר [Res]
153 Tulung deloken kesusahanku, lan slametna aku+Merga aku ora lali karo hukum-Mu.
154 Tulung bélanen aku,* lan slametna aku.+
Tulung lindhungi aku bèn aku ora mati, kaya janji-Mu* marang aku.
155 Wong jahat ora bakal dislametkéMerga ora ngupaya manut karo peraturan-Mu.+
156 Oh Yéhuwah, Njenengan gampang mesakké.+
Tulung lindhungi aku bèn aku ora mati, merga Njenengan adil.
157 Mungsuhku lan wong sing nganiaya aku ana akèh,+Tapi aku ora nglanggar peraturan-Mu.
158 Aku sengit banget nèk ndelok wong sing seneng ngapusiMerga wong kuwi ora manut karo omongan-Mu.+
159 Oh Yéhuwah, aku seneng banget karo peraturan-Mu.+
Merga Njenengan nresnani* aku, tulung lindhungi aku bèn aku ora mati.
160 Kabèh omongan-Mu kuwi bener,+Lan keputusan-Mu sing adil bakal ana sakterusé.
ש [Sin] utawa [Syin]
161 Para pemimpin nganiaya aku+ tanpa alesan,Tapi aku tetep ngajèni omongan-Mu.+
162 Aku ngrasa seneng merga omongan-Mu,+Kaya wong sing nemu harta karun.
163 Aku sengit banget karo kabèh sing ora bener.+
Aku seneng banget karo hukum-Mu.+
164 Aku muji Njenengan sedina ping pituMerga keputusané Njenengan sing adil.
165 Wong sing seneng karo hukum-Mu ngrasa ayem banget.+
Ora ana sing isa nggawé wong kuwi kesandhung.
166 Oh Yéhuwah, aku berharap Njenengan nylametké aku,Lan aku manut karo préntah-Mu.
167 Aku manut lan seneng banget+Karo peraturan-Mu.
168 Aku manut karo préntah lan peraturan-Mu,Merga Njenengan ngerti kabèh sing tak tindakké.+
ת [Taw]
169 Oh Yéhuwah, muga-muga Njenengan ngrungokké wektu aku njaluk tulung.+
Liwat omongan-Mu, Njenengan mbantu aku bèn nduwé pemahaman.+
170 Muga-muga Njenengan ngrungokké dongaku.
Slametna aku, kaya janji-Mu* marang aku.
171 Muga-muga aku isa terus muji Njenengan,+Merga Njenengan ngajari aku peraturan-Mu.
172 Omongan-Mu bakal tak dadèkké lagu sing tak nyanyèkké,+Merga kabèh préntah-Mu kuwi bener.
173 Muga-muga Njenengan nulungi aku,+Merga aku mutuské kanggo manut karo préntah-Mu.+
174 Oh Yéhuwah, aku selak péngin mbok slametké.
Aku seneng karo hukum-Mu.+
175 Muga-muga aku isa terus urip bèn isa muji Njenengan.+
Muga-muga hukum-Mu isa terus mbantu aku.
176 Aku kesasar kaya domba sing ilang.+ Tulung golèkana abdi-Mu iki,Merga aku ora lali karo préntah-Mu.+
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”sing terus setya”.
^ Lit.: ”Dhèwèké mlaku ing dalané”.
^ Utawa ”Muga-muga dalanku terus lurus”.
^ Utawa ”sinau”.
^ Utawa ”sinau”.
^ Utawa ”omongan-Mu”.
^ Lit.: ”paham dalané”.
^ Utawa ”sinau”.
^ Utawa ”omongan-Mu”.
^ Utawa ”aja nganti aku digawé isin”.
^ Utawa mungkin ”Njenengan nggawé atiku yakin”.
^ Utawa ”ora nggolèk untung”.
^ Utawa ”omongan-Mu”.
^ Utawa mungkin ”Sing digawé kanggo wong sing”.
^ Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”omongan-Mu”.
^ Utawa ”aku ngentèni”.
^ Utawa ”sinau”.
^ Utawa ”omongan-Mu”.
^ Utawa ”Merga kuwi Njenengan nggawé aku ngentèni”.
^ Utawa ”Ing omah sing tak enggoni wektu aku dadi wong asing”.
^ Utawa ”Yéhuwah kuwi bagéanku”.
^ Utawa ”omongan-Mu”.
^ Lit.: ”Tali-taliné wong jahat nggubed aku”.
^ Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”katresnan-Mu sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”omongan-Mu”.
^ Lit.: ”Tangan-Mu”.
^ Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”ngentèni”.
^ Utawa ”katresnan-Mu sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”omongan-Mu”.
^ Utawa mungkin ”nglarani lan ngapusi aku”.
^ Utawa ”sinau”.
^ Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”ngentèni”.
^ Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
^ Lit.: ”jembar banget”.
^ Utawa ”tak sinau”.
^ Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”sinau”.
^ Utawa ”omongan-Mu”.
^ Lit.: ”persembahan sukaréla saka cangkemku”.
^ Utawa ”Peraturan-Mu kuwi warisanku nganti saklawasé”.
^ Utawa ”wong sing atiné kebagi”.
^ Utawa ”ngentèni”.
^ Utawa ”omongan-Mu”.
^ Utawa ”isin”.
^ Lit.: ”Dagingku”.
^ Utawa ”omongan-Mu”.
^ Utawa ”duduhna katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”peraturan-Mu”.
^ Utawa ”Tulung bantu aku bèn mlaku jejeg”.
^ Lit.: ”Tulung tebus”.
^ Utawa ”senyum”.
^ Utawa ”ngentèni”.
^ Utawa ”sinau”.
^ Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”tumindaké ora pantes”.
^ Utawa ”tangani kasusku”.
^ Utawa ”omongan-Mu”.
^ Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”omongan-Mu”.

