Mazmur 15:1-5
Lagu sing digawé Daud.
15 Oh Yéhuwah, sapa sing éntuk dadi tamu ing kémah-Mu?
Sapa sing éntuk manggon ing gunung-Mu sing suci?+
2 Wong sing terus manut* marang Gusti Allah,+Sing tumindaké bener,+Lan sing ngomong jujur ing njero atiné.+
3 Dhèwèké ora ngomongké fitnah,+Ora nindakké sing jahat marang wong liya,+Lan ora nggawé isin kancané.+
4 Dhèwèké ora gelem bergaul karo wong sing bejat,+Ning ngajèni wong sing wedi marang* Yéhuwah.
Dhèwèké nepati janjiné* senajan rugi.+
5 Dhèwèké nyilihké dhuwité, ning ora nganggo bunga.+
Dhèwèké ya ora gelem disuap kanggo nudhuh wong sing ora salah.+
Wong sing nindakké kabèh kuwi bakal tetep kukuh.+

