Mazmur 28:1-9

  • Dongané sing nulis Mazmur dirungokké

    • ”Yéhuwah kuwi kekuwatanku lan tamèngku” (7)

Lagu sing digawé Daud. 28  Oh Yéhuwah, Gunung Watuku, aku terus ndonga marang Njenengan.+ Tulung rungokna aku. Nèk Njenengan meneng waé,Kekuwatanku bakal ilang kaya wong mati.+  2  Rungokna aku wektu aku njaluk tulung,Wektu aku ngangkat lan ngarahké tanganku ing ruangan sing paling njero ing panggonan-Mu sing suci.+  3  Aja ngukum aku bareng karo wong jahat, sing seneng nyilakani,+Sing omongané nyenengké, ning sakjané atiné jahat.+  4  Tulung wong-wong kuwi dihukum merga kelakuané,+Sesuai karo kejahatané. Tulung wong-wong kuwi dibales merga tumindaké,Sesuai karo sing wis ditindakké,+  5  Merga wong-wong kuwi ora nggatèkké sing ditindakké Yéhuwah,+Lan ora nggatèkké kegiatané.+ Upayané wong-wong kuwi ora bakal diberkahi.  6  Muga-muga Yéhuwah dipuji,Merga Dhèwèké wis ngrungokké aku wektu aku njaluk tulung.  7  Yéhuwah kuwi kekuwatanku+ lan tamèngku.+ Aku bener-bener percaya marang Dhèwèké.+ Atiku seneng merga Dhèwèké wis nulungi aku,Mula aku arep nyanyi kanggo muji Dhèwèké.  8  Yéhuwah kuwi kekuwatan kanggo umaté. Dhèwèké kaya bèntèng. Dhèwèké nylametké wong sing dilantik.+  9  Tulung slametké umat-Mu, lan tulung berkahi wong-wong sing dadi duwèk-Mu.+ Dadia gembala kanggo wong-wong kuwi, lan géndhongen wong-wong kuwi ing dhadha-Mu.+

Cathetan Ngisor