Mazmur 19:1-14

  • Ciptaan lan hukumé Gusti Allah mènèhi kesaksian

    • ”Langit nyritakké kemuliaané Gusti Allah” (1)

    • Hukumé Gusti Allah kuwi sampurna, isa nggawé kuwat manèh (7)

    • ”Kesalahan sing ora tak sengaja” (12)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud. 19  Langit nyritakké kemuliaané Gusti Allah+Lan nyritakké hasil karyané.+  2  Saben dina, sing dicritakké langit akèh banget nganti mbludag kaya banyu. Saben bengi, langit ngandhani pengetahuan soal Gusti Allah.  3  Ora nganggo omongan, ora nganggo kata-kata. Ora krungu swarané.  4  Ning, critané* isa tekan endi-endi ing bumi ikiLan tekan ujungé bumi.+ Gusti Allah wis nggawé kémah ing langit kanggo matahari.  5  Kuwi kaya mantèn lanang sing metu saka kamaré,Sing ngrasa seneng kaya wong lanang sing kuwat sing mlayu pas lomba.  6  Matahari metu saka ujung langit,Terus mubeng menyang ujung langit sisih liyané.+ Panggonan endi waé kena panasé.  7  Hukumé Yéhuwah kuwi sampurna,+ isa nggawé kuwat manèh.+ Peraturané* Yéhuwah isa dipercaya,+ nggawé wong sing ora nduwé pengalaman dadi wicaksana.*+  8  Petunjuké Yéhuwah kuwi bener, nggawé ati dadi seneng.+ Préntahé Yéhuwah kuwi murni, nggawé wong dadi nduwé pemahaman.*+  9  Rasa wedi marang* Yéhuwah+ kuwi apik lan bakal ana nganti saklawasé. Keputusané Yéhuwah kuwi bener lan adil.+ 10  Kabèh kuwi luwih berharga timbang emas,Timbang emas murni sing akèh,+Lan kuwi luwih legi timbang madu+ sing nètès saka sarang tawon. 11  Gusti Allah, nganggo hukum-Mu, Njenengan mulang abdi-Mu bèn ora nindakké sing salah.+ Nèk manut, mesthi bakal éntuk akèh berkah.+ 12  Sapa sing isa ngerti kesalahané dhéwé?+ Tulung aku diapura saka kesalahan sing ora tak sengaja. 13  Tulung aku dicegah bèn ora lancang.+ Aja nganti dosa kaya ngono kuwi nguwasani aku.+ Mula, aku isa dadi wong sing ora salah+Lan bébas saka dosa sing gedhé.* 14  Oh Yéhuwah, Njenengan Gunung Watuku+ lan sing nebus aku,+Muga-muga omonganku lan sing tak pikirké tenanan nggawé Njenengan seneng.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa mungkin ”taliné sing dienggo ngukur”.
^ Lit.: ”Pangéling-éling saka”.
^ Lit.: ”nggawé mripat dadi bersinar”.
^ Utawa ”pelanggaran sing akèh”.