Mazmur 75:1-10

  • Gusti Allah adil wektu ngadili

    • Wong jahat bakal ngombé saka gelasé Yéhuwah (8)

Kanggo pemimpin musik: Nurut lagu ”Aja Nyingkirké”. Lagu sing digawé Asaf.+ 75  Aku ngucap syukur marang Njenengan, Oh Gusti Allah, aku ngucap syukur. Njenengan cedhak karo aku,*+Lan wong-wong nyritakké tumindak-Mu sing luar biasa.  2  Njenengan ngomong, ”Ing wektu sing wis Tak tentokké kanggo ngadili,Aku bakal adil wektu ngadili.  3  Wektu bumi lan penduduké goncang,*Aku sing bakal nggawé cagak-cagaké tetep kuwat.” (Sela)  4  Aku ngomong karo wong sing sombong, ”Aja nyombongké awakmu dhéwé.” Aku ngomong karo wong sing jahat, ”Aja ngunggulké kekuwatanmu.*  5  Aja ngunggulké kekuwatanmu.* Aja sombong wektu ngomong.  6  Sebab sing nggawé wong isa diunggulkéKuwi asalé dudu saka wétan, kulon, utawa kidul.  7  Gusti Allah kuwi Hakim.+ Dhèwèké isa ngrendhahké lan ngunggulké wong.+  8  Yéhuwah nyekel gelas+Sing isiné anggur sing wis dicampur lan sing wis metu busané. Dhèwèké bakal ngesokké anggur kuwi,Lan kuwi bakal diombé kabèh wong jahat ing bumi nganti bener-bener entèk.”*+  9  Ning aku, aku bakal saklawasé nyritakké sing wis ditindakké Gusti Allah. Aku bakal nyanyi lagu pujian* kanggo Gusti Allahé Yakub. 10  Dhèwèké ngomong, ”Aku bakal nyingkirké kekuwatané* wong jahat,Ning kekuwatané* wong bener bakal saya tambah.”

Cathetan Ngisor

^ Lit.: ”Jeneng-Mu cedhak”.
^ Lit.: ”lebur”.
^ Lit.: ”sungumu”.
^ Lit.: ”sungumu”.
^ Lit.: ”nganti sak ampasé”.
^ Utawa ”main musik”.
^ Lit.: ”sunguné”.
^ Lit.: ”sunguné”.