Mazmur 24:1-10

  • Raja sing mulya mlebu ing gerbang

    • ’Bumi kuwi duwèké Yéhuwah’ (1)

Lagu sing digawé Daud. 24  Bumi sak isiné kuwi duwèké Yéhuwah.+ Tanah lan sing manggon ing kono ya duwèké.  2  Dhèwèké wis nggawé bumi ana ing ndhuwuré laut+Lan nggawé bumi tetep ana ing ndhuwuré kali.  3  Sapa sing éntuk munggah ing gunungé Yéhuwah?+ Sapa sing éntuk ngadeg ing panggonané sing suci?  4  Wong sing tulus atiné lan ora nindakké sing salah,+Sing ora nggawé sumpah palsu demi jeneng-Ku*Lan ora nggawé sumpah sing tujuané kanggo ngapusi.+  5  Dhèwèké bakal diberkahi Yéhuwah,+Lan Gusti Allah sing nylametké dhèwèké bakal nganggep nèk dhèwèké bener.*+  6  Ya kaya ngono kuwi wong-wong* sing nggolèk tuntunané Gusti Allah,Sing péngin nyenengké Njenengan,* oh Gusti Allahé Yakub. (Sela)  7  Gerbang-gerbang, angkaten lawangmu.+ Lawang-lawang sing wis tuwa, ayo padha mbukak,*Bèn raja sing mulya isa mlebu.+  8  Sapa raja sing mulya kuwi? Yéhuwah, sing kuwat banget.+ Yéhuwah, sing ora tau kalah perang.+  9  Gerbang-gerbang, angkaten lawangmu.+ Lawang-lawang sing wis tuwa, ayo padha mbukak,Bèn raja sing mulya isa mlebu. 10  Sapa raja sing mulya kuwi? Yéhuwah pemimpiné pasukan. Dhèwèké raja sing mulya kuwi.+ (Sela)

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”demi urip-Ku”, maksudé uripé Yéhuwah.
^ Utawa ”adil”.
^ Utawa ”generasi”.
^ Lit.: ”nggolèki wajahé Njenengan”.
^ Utawa ”munggah”.