Mazmur 129:1-8

  • Diserang tapi ora kalah

    • Sing sengit karo Zion digawé isin (5)

Laguné wong sing munggah menyang kutha. 129  ”Mungsuh-mungsuhku terus nyerang aku kèt aku isih enom,”+Ayo wong Israèl ngomong ngéné,  2  ”Mungsuh-mungsuhku terus nyerang aku kèt aku isih enom,+Tapi ora isa ngalahké aku.+  3  Wong-wong kuwi kaya mbajak ladhang ing gegerku,+Lan bekas sing dibajak kuwi dawa banget.”  4  Yéhuwah kuwi adil.+ Dhèwèké mbébaské aku bèn aku ora ditindhes wong jahat.*+  5  Kabèh sing sengit karo Zion+Bakal dadi isin lan mlayu.  6  Wong-wong kuwi bakal kaya suket ing atapSing layu sakdurungé dicabut,  7  Sing terlalu sithik nèk dicekel wong sing manènLan terlalu sithik nèk digawa wong sing ngumpulké hasil panèn.  8  Wong sing liwat ora bakal kandha,”Muga-muga Yéhuwah mberkahi kowé. Aku mberkahi kowé nganggo jenengé Yéhuwah.”

Cathetan Ngisor

^ Lit.: ”Dhèwèké medhot tali-taliné wong jahat”.