Mazmur 87:1-7

  • Zion kuwi kuthané Gusti Allah sing bener

    • Wong-wong sing lair ing Zion (4-6)

Lagu sing digawé keturunané Korah.+ 87  Gusti Allah mbangun kuthané ing gunung suci.+  2  Yéhuwah luwih seneng karo gerbang-gerbangé Zion+Timbang kabèh kémahé Yakub.  3  Oh kuthané Gusti Allah sing bener,+ wong-wong ngomongké sing apik soal kowé. (Sela)  4  Aku nganggep Rahab*+ lan Babilon ana ing antarané wong-wong sing kenal karo aku. Filistia, Tirus, lan Kus* ya termasuk wong-wong sing kenal karo aku. Aku bakal ngomong, ”Saben wong saka bangsa-bangsa kuwi Tak anggep lair ing Zion.”  5  Wong-wong bakal ngomong soal Zion,”Saben wong mau dilairké ing kono.” Gusti Allah sing Mahaluhur bakal nggawé Zion tetep kuwat.  6  Wektu nyathet bangsa-bangsa, Yéhuwah bakal ngomong,”Wong kuwi lair ing kono.” (Sela)  7  Para penyanyi+ lan para penari+ bakal kandha,”Kanggoku, kowé sumberé kabèh sing apik.”*+

Cathetan Ngisor

^ Mungkin maksudé Mesir.
^ Utawa Étiopia.
^ Utawa ”Kanggoku, kowé sumber sak kabèhé.