Mazmur 13:1-6

  • Ngarep-arep keslametan saka Yéhuwah

    • ”Oh Yéhuwah, nganti kapan?” (1, 2)

    • Yéhuwah apikan banget (6)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud. 13  Oh Yéhuwah, nganti kapan Njenengan lali karo aku? Nganti saklawasé? Nganti kapan Njenengan ninggalké aku?*+  2  Nganti kapan aku terus kuwatirLan ngrasa sedhih saben dina? Nganti kapan mungsuhku ngalahké aku?+  3  Oh Yéhuwah Gusti Allahku, deloken aku lan jawaben aku. Gawénen aku kuwat manèh bèn aku ora mati,*  4  Bèn mungsuhku ora ngomong, ”Aku wis ngalahké dhèwèké.” Aja nganti mungsuhku seneng merga aku kalah.+  5  Ning, aku percaya nèk Njenengan nresnani* aku.+ Atiku bakal seneng wektu Njenengan nylametké aku.+  6  Aku bakal nyanyi kanggo Yéhuwah, merga Dhèwèké wis apikan banget karo aku.*+

Cathetan Ngisor

^ Lit.: ”ndhelikké wajah-Mu saka aku”.
^ Lit.: ”Wènèhana cahaya ing mripatku bèn aku ora turu ing kematian”.
^ Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”wis mènèhi aku upah”.