Mazmur 76:1-12

  • Gusti Allah ngalahké mungsuh-mungsuhé Zion

    • Gusti Allah nylametké wong sing rendah hati (9)

    • Ngrendhahké mungsuh-mungsuh sing sombong (12)

Kanggo pemimpin musik: Nganggo alat musik bersenar. Lagu sing digawé Asaf.+ 76  Wong-wong ing Yéhuda kenal Gusti Allah.+ Jenengé terkenal ing Israèl.+  2  Dhèwèké manggon ing Salèm,+Lan panggonané ana ing Zion.+  3  Ing kono, Dhèwèké nugel panah sing ana geniné,Tamèng, pedhang, lan senjata perang.+ (Sela)  4  Njenengan bersinar padhang banget.* Njenengan luwih hébat timbang gunung sing dadi panggonané kéwan sing diburu.  5  Wong sing kendel wis dijarah.+ Wong-wong kuwi wis mati.* Kabèh prajurité ora nduwé kekuwatan manèh.+  6  Oh Gusti Allahé Yakub, pas Njenengan nyenèni,Sing numpak kréta perang lan jarané padha mati.*+  7  Mung Njenengan sing hébat banget.+ Pas Njenengan nesu, sapa sing isa tahan?+  8  Saka swarga, Njenengan ngumumké penghukuman marang mungsuh-mungsuhé Njenengan.+ Wong-wong ing bumi wedi lan meneng waé+  9  Wektu Gusti Allah nggunakké kekuwatané lan ngukum mungsuh-mungsuhéBèn isa nylametké wong sing rendah hati.+ (Sela) 10  Wektu manungsa nesu, kuwi kesempatan bèn Njenengan dipuji.+ Pas manungsa isih nesu, kuwi kesempatan bèn Njenengan dimulyakké. 11  Kowé kudu nggawé janji marang Yéhuwah Gusti Allahmu, lan kuwi kudu mbok tepati.+ Muga-muga kabèh sing ana ing sekitaré padha nggawa hadiah merga wedi marang* Dhèwèké.+ 12  Dhèwèké bakal ngrendhahké para pemimpin sing sombong. Dhèwèké bakal nggawé raja-raja ing bumi wedi.

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”Njenengan dikelilingi sinar”.
^ Lit.: ”wis turu”.
^ Lit.: ”turu”.