Mazmur 70:1-5

  • Péngin cepet ditulungi

    • ”Cepet tulungi aku” (5)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud, kanggo ngélingké wong-wong. 70  Oh Gusti Allah, tulung slametna aku. Oh Yéhuwah, cepet tulungi aku.+  2  Muga-muga wong sing péngin matèni akuDigawé isin lan dirèmèhké. Muga-muga wong sing seneng nèk aku susahPadha mlayu lan direndhahké.  3  Muga-muga wong sing ngécé akuPadha mlayu merga isin.  4  Ning, muga-muga wong sing nggolèk tuntunan-MuPadha seneng merga Njenengan.+ Muga-muga wong sing berharap mbok slametké padha terus kandha,”Muga-muga Gusti Allah diluhurké.”  5  Oh Gusti Allah, cepet tulungi aku+Merga aku mlarat lan susah.+ Njenengan kuwi sing nulungi lan sing nylametké aku.+ Oh Yéhuwah, cepet tulungi aku.+

Cathetan Ngisor