Mazmur 101:1-8

  • Penguasa sing setya

    • ”Aku ora bakal meneng waé nèk ana wong sing sombong” (5)

    • ”Aku bakal nggatèkké wong sing setya” (6)

Lagu sing digawé Daud. 101  Oh Yéhuwah, aku bakal nyanyi lagu pujian* kanggo Njenengan. Aku bakal nyanyi soal katresnan* lan keadilan-Mu.  2  Kapan Njenengan bakal nulungi aku? Aku bakal dadi wong sing setya* lan wicaksana wektu tumindak. Pas aku ing njero omahku, aku bakal nindakké sing bener.+  3  Aku ora bakal ndelok apa sing jahat. Aku sengit karo kelakuané wong sing ora bener.+ Aku ora sudi urusan karo wong kuwi.*  4  Aku ora bergaul karo wong jahat. Aku ora mèlu-mèlu nindakké* sing jahat.  5  Wong sing meneng-meneng mitnah wong liya+Bakal tak gawé ora isa ngomong apa-apa manèh. Aku ora bakal meneng waéNèk ana wong sing sombong lan angkuh.  6  Aku bakal nggatèkké wong sing setya ing bumi,Bèn wong kuwi isa manggon karo aku. Wong sing terus nindakké sing bener bakal dadi abdiku.  7  Wong sing seneng ngapusi ora éntuk manggon ing omahkuLan wong sing ora jujur ora éntuk ngadeg ing ngarepku.*  8  Saben ésuk, aku bakal nyingkirké kabèh wong jahat saka bumiLan matèni kabèh wong sing nindakké kejahatan ing kuthané Yéhuwah.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”main musik”.
^ Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”ora salah”.
^ Utawa ”Tumindaké wong kuwi ora nèmpèl karo aku”.
^ Lit.: ”ora ngerti soal”.
^ Lit.: ”ing ngarep mripatku”.