Mazmur 7:1-17

  • Yéhuwah kuwi Hakim sing adil

    • ”Oh Yéhuwah, tulung aku diadili” (8)

Lagu sedhih sing dinyanyèkké Daud kanggo Yéhuwah soal Kus wong Bènyamin kuwi. 7  Oh Yéhuwah Gusti Allahku, aku nggolèk perlindungan marang Njenengan.+ Tulung slametna aku saka kabèh wong sing nganiaya aku, lan bébasna aku.+  2  Nèk ora mbok slametké, aku bakal dicabik-cabik wong-wong kuwi, kaya dicabik-cabik singa,+Wong-wong kuwi nyèrèt aku, lan ora ana sing nulungi aku.  3  Oh Yéhuwah Gusti Allahku, nèk pancèn aku salah,Nèk pancèn aku ora adil,  4  Nèk pancèn aku njahati wong sing wis apikan karo aku+Utawa njarah mungsuhku tanpa sebab,*  5  Bèn waé mungsuhku ngoyak* lan nyekel aku. Bèn waé mungsuhku ngidak-idak aku nganti aku matiLan nggawé kemuliaanku ilang. (Sela)  6  Oh Yéhuwah, tulung duduhna nèk Njenengan nesu. Tulung Njenengan tumindak. Tulung Njenengan nglawan mungsuh-mungsuhku sing nesu marang aku.+ Tulung bantu aku, lan tulung tumindak adil marang aku.+  7  Bèn waé bangsa-bangsa nglawan Njenengan. Saka swarga, Njenengan bakal nglawan bangsa-bangsa kuwi.  8  Yéhuwah bakal ngadili bangsa-bangsa.+ Oh Yéhuwah, tulung aku diadili sesuai karo tumindakku sing benerLan sesuai karo kesetiaanku.+  9  Muga-muga Njenengan nggawé wong sing jahat ora tumindak jahat manèhLan mbéla wong sing bener,+Merga Njenengan kuwi Gusti Allah sing adil,+ sing nyelidiki ati+ lan perasaané manungsa.*+ 10  Gusti Allah kuwi tamèngku,+ sing nylametké wong sing tulus atiné.+ 11  Gusti Allah kuwi Hakim sing adil+Lan ngukum wong sing jahat saben dina. 12  Nèk ana sing ora mertobat,+ Dhèwèké bakal ngasah pedhangé.+ Dhèwèké bakal nyiapké* busuré kanggo manah.+ 13  Dhèwèké siap nggunakké senjatané sing ampuh. Dhèwèké siap nggunakké panah sing ana geniné.+ 14  Deloken wong sing nggawé* rencana jahat. Wong kuwi omongané ngapusi+ lan nyebabké kesusahan.* 15  Wong kuwi nggali lubang sing jero,Ning wong kuwi dhéwé sing tiba ing lubang kuwi.+ 16  Dhèwèké nggawé masalah, tapi masalah kuwi mbalik ing dhèwèké dhéwé.+ Dhèwèké bakal cilaka merga kejahatané dhéwé. 17  Aku bakal muji Yéhuwah merga Dhèwèké adil.+ Aku bakal nyanyi lagu pujian* kanggo jenengé Yéhuwah+ Sing Mahaluhur.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa mungkin ”mbébaské wong sing nglawan aku tanpa sebab”.
^ Utawa ”nguber”.
^ Utawa ”sing nguji ati lan ginjal”.
^ Utawa ”masang tali”.
^ Lit.: ”nglairké”.
^ Lit.: ”Wong kuwi nyebabké kesusahan lan nglairké omongan sing ngapusi”.
^ Utawa ”main musik”.