Mazmur 61:1-8

  • Gusti Allah kuwi menara sing kuwat sing nglindhungi saka mungsuh

    • ”Aku bakal dadi tamu ing kémah-Mu” (4)

Kanggo pemimpin musik: Nganggo alat musik bersenar. Lagu sing digawé Daud. 61  Oh Gusti Allah, rungokna aku wektu aku njaluk tulung. Gatèkna dongaku.+  2  Saka ujung bumi, aku bakal njaluk tulung marang NjenenganWektu atiku susah.+ Tulung tuntun aku menyang gunung watu sing dhuwur.+  3  Njenengan kuwi panggonanku berlindung,Menara sing kuwat sing nglindhungi aku saka mungsuh.+  4  Aku bakal dadi tamu ing kémah-Mu saklawasé.+ Aku bakal berlindung ing ngisoré sayap-Mu.+ (Sela)  5  Oh Gusti Allah, Njenengan wis krungu janjiku. Njenengan mènèhi aku warisan sing wis disiapké kanggo wong sing wedi marang* Njenengan.+  6  Njenengan bakal nggawé umuré raja tambah dawa.+ Dhèwèké bakal dawa umuré.  7  Dhèwèké bakal saklawasé dadi raja* ing ngarepé Gusti Allah.+ Muga-muga Njenengan sayang* lan setya karo dhèwèké bèn dhèwèké isa mbok lindhungi.+  8  Aku bakal nyanyi lagu pujian* kanggo jeneng-Mu.+ Saben dina, aku bakal terus nepati janjiku.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”manggon”.
^ Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”main musik”.