Mazmur 148:1-14
148 Pujinen Yah.*
Hé kowé sing ana ing swarga, pujinen Yéhuwah.+
Hé kowé sing ana ing panggonan sing dhuwur, pujinen Dhèwèké.
2 Hé kabèh malaékaté, pujinen Dhèwèké.+
Hé kabèh prajurité, pujinen Dhèwèké.+
3 Hé matahari lan bulan, pujinen Dhèwèké.
Hé bintang sing bersinar, pujinen Dhèwèké.+
4 Hé langit sing paling dhuwurLan méga-méga ing langit, pujinen Dhèwèké.
5 Muga-muga kabèh kuwi muji jenengé Yéhuwah.
Wektu Dhèwèké mènèhi préntah, kabèh ciptaan kuwi dadi ana.+
6 Dhèwèké nggawé kabèh kuwi tetep ana nganti saklawasé.+
Dhèwèké nggawé peraturan sing bakal ana saklawasé.+
7 Pujinen Yéhuwah, hé kowé sing ana ing bumi,Hé laut sing jero lan kéwan gedhé sing ana ing laut,
8 Hé kilat, udan ès, salju, lan mendhung,Hé badai sing manut karo omongané,+
9 Hé gunung-gunung lan kabèh bukit,+Hé wit-witan sing ana buahé lan wit aras,+
10 Hé kéwan liar+ lan kabèh ternak,Hé manuk lan kéwan liyané,*
11 Hé kowé bangsa-bangsa lan raja-raja ing bumi,Hé kowé para pemimpin lan para hakim ing bumi,+
12 Hé kowé cah lanang lan cah wédok,*Wong tuwa lan cah enom.
13 Muga-muga kabèh kuwi muji jenengé Yéhuwah,Merga jenengé luwih hébat timbang apa waé.+
Dhèwèké mulya banget nganti ngluwihi langit lan bumi.+
14 Dhèwèké bakal nggawé umaté saya kuwat,*Bèn umaté sing setya dipuji,Yaiku keturunané Israèl, wong-wong sing cedhak karo Gusti Allah.
Pujinen Yah.*
Cathetan Ngisor
^ Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.
^ Ing basa Ibrani, kata iki mungkin maksudé kéwan sing ana ing lemah, misalé kéwan cilik, tikus, rèptil, lan serangga.
^ Lit.: ”prawan”.
^ Lit.: ”ngangkat sunguné umaté”.
^ Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.

