Mazmur 64:1-10

  • Dilindhungi saka serangan sing ora kétok

    • ’Wong-wong kuwi bakal dipanah Gusti Allah’ (7)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud. 64  Gusti Allah, aku kuwatir banget, tulung rungokna aku.+ Tulung lindhungi aku saka serangané mungsuhku sing medèni banget.  2  Muga-muga Njenengan nglindhungi aku saka rencana jahaté wong sing jahat+Lan saka grombolan wong sing jahat.  3  Omongané nglarani ati kaya pedhang sing landhep.* Omongané kejem kaya panah  4  Sing dipanahké saka panggonané ndhelik marang wong sing ora salah. Tanpa rasa wedi, wong jahat kuwi ujug-ujug manah wong sing ora salah mau.  5  Wong-wong kuwi ngotot nindakké rencanané sing jahat*Lan ngomongké carané ndhelikké jebakané. Wong-wong kuwi kandha, ”Ora bakal ana sing ndelok jebakan kuwi.”+  6  Wong-wong kuwi nggolèk cara liya kanggo nindakké sing jahatLan meneng-meneng nggawé rencana licik.+ Pikiran lan atiné wong-wong kuwi angèl dipahami.  7  Ning, ujug-ujug wong-wong kuwi bakal luka kena panahMerga dipanah Gusti Allah.+  8  Wong-wong kuwi bakal dihancurké merga omongané* dhéwé.+ Kabèh wong sing ndelok bakal ngécé karo gèdhèg-gèdhèg.  9  Kabèh wong bakal wediLan bakal nyritakké sing wis ditindakké Gusti Allah. Kabèh wong kuwi bakal paham karo sing ditindakké Gusti Allah.+ 10  Wong sing bener bakal ngrasa seneng merga Yéhuwah lan bakal berlindung marang Dhèwèké.+ Wong sing atiné tulus bakal bahagia.*

Cathetan Ngisor

^ Lit.: ”Wong-wong kuwi ngasah ilaté bèn landhep kaya pedhang”.
^ Utawa ”Wong-wong kuwi nyemangati liyané kanggo nindakké sing jahat”.
^ Lit.: ”ilaté”.
^ Utawa ”bangga”.