Mazmur 4:1-8

  • Donga soal percaya marang Gusti Allah

    • ”Wektu kowé nesu, aja nggawé dosa” (4)

    • ’Aku bakal turu angler’ (8)

Kanggo pemimpin musik: Lagu iki kudu diiringi alat musik bersenar. Lagu sing digawé Daud. 4  Oh Gusti Allahku sing bener,+ tulung jawab aku wektu aku ngomong. Tulung bantu aku ngatasi masalahku. Tulung mesakké aku lan rungokna dongaku.  2  Hé manungsa, nganti kapan kowé ngrèmèhké aku? Nganti kapan kowé nggolèki apa sing palsu lan seneng karo apa sing ora ana gunané? (Sela)  3  Kowé kudu ngerti nèk Yéhuwah ngajèni umaté sing setya.* Yéhuwah bakal ngrungokké wektu aku ngomong karo Dhèwèké.  4  Wektu kowé nesu, aja nggawé dosa.+ Sing arep mbok omongké dibatin waé ing panggonanmu turu, lan menenga waé. (Sela)  5  Kowé kudu tulus wektu mènèhké persembahan marang Gusti Allah,Lan kowé kudu percaya marang Yéhuwah.+  6  Akèh sing ngomong, ”Sapa sing bakal nggawé awaké dhéwé makmur?” Oh Yéhuwah, muga-muga Njenengan apikan karo aku.+  7  Njenengan nggawé aku luwih bahagiaTimbang wong sing nduwé biji-bijian lan anggur sing akèh.  8  Aku bakal turonan lan turu angler,+Merga mung Njenengan, oh Yéhuwah, sing nggawé aku ngrasa aman.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”Yéhuwah mbédakké umaté sing setya; Yéhuwah misahké umaté sing setya”.