Mazmur 84:1-12

  • Kangen banget karo panggonané Gusti Allah

    • Wong Lèwi péngin kaya manuk (3)

    • ”Sedina ing halaman omah-Mu” (10)

    • ’Gusti Allah kuwi kaya matahari lan tamèng’ (11)

Kanggo pemimpin musik: Soal Gitit.* Lagu sing digawé keturunané Korah.+ 84  Oh Yéhuwah pemimpiné pasukan,Aku seneng banget karo panggonan-Mu.*+  2  Aku kangen banget karo halaman omahé Yéhuwah.+ Saking kangené, aku nganti lemes banget. Sak tulusé atiku lan nganggo kabèh kekuwatanku,Aku sorak-sorak lan muji Gusti Allah sing urip.  3  Manuk waé isa nduwé omah ing kono,Lan manuk walèt nduwé sarangSing dienggo ngopèni anak-anakéIng cedhaké mézbah-Mu sing luar biasa, oh Yéhuwah pemimpiné pasukan,Raja lan Gusti Allahku.  4  Wong sing manggon ing omah-Mu kuwi bahagia.+ Wong kuwi terus-terusan muji Njenengan.+ (Sela)  5  Wong sing éntuk kekuwatan saka Njenengan+Lan sing péngin banget mara ing omah-Mu kuwi bahagia.  6  Wektu liwat Lembah Baka,*Wong kuwi nganggep panggonan kuwi kaya sumber mata air. Udan sing pertama nggawa akèh berkah ing tanah kuwi.  7  Wong kuwi mlaku terus lan dadi saya kuwat.+ Wong kuwi ngadhep Gusti Allah ing Zion.  8  Oh Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan, rungokna dongaku. Oh Gusti Allahé Yakub, tulung rungokna. (Sela)  9  Gusti Allahku lan tamèngku,*+Duduhna nèk Njenengan seneng karo wong sing mbok lantik.+ 10  Sedina ing halaman omah-Mu kuwi luwih apik timbang sèwu dina ing panggonan liya.+ Aku luwih seneng ngadeg ing lawang omahé Gusti AllahTimbang manggon ing kémahé wong jahat. 11  Gusti Allah Yéhuwah kuwi kaya matahari+ lan tamèng.+ Dhèwèké apikan karo wong sing setya+Lan nggawé wong kuwi dimulyakké. Yéhuwah mesthi mènèhi apa sing apik marang wong kuwi. 12  Oh Yéhuwah pemimpiné pasukan,Wong sing percaya marang Njenengan kuwi bahagia.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”tabernakel-Mu”.
^ Utawa ”lembah sing akèh semak sing disebut baka”.
^ Utawa mungkin, ”Oh Gusti Allah, deloken tamèngku”.