Mazmur 91:1-16

  • Dilindhungi ing panggonan sing aman duwèké Gusti Allah

    • Dislametké saka jebakan tukang nangkep manuk (3)

    • Berlindung ing ngisor sayapé Gusti Allah (4)

    • Tetep aman senajan ana éwonan wong sing mati (7)

    • Malaékat dikongkon nglindhungi (11)

91  Wong sing manggon ing panggonan sing aman* duwèké Gusti Allah sing Mahaluhur+Bakal dilindhungi Gusti Allah sing Mahakuwasa.+  2  Aku bakal ngomong karo Yéhuwah, ”Gusti Allahku sing tak percaya,+Njenengan kuwi panggonanku berlindung lan bèntèngku.”+  3  Gusti Allah bakal nylametké kowé saka jebakan tukang nangkep manukLan saka wabah penyakit sing nyebabké mati.  4  Ujung sayapé bakal nglindhungi kowé,Lan kowé bakal berlindung ing ngisor sayapé.+ Kesetiaané+ kaya tamèng sing gedhé+ lan témbok sing kuwat.  5  Pas bengi,+ kowé ora bakal wedi wektu ana bahaya. Pas awan,+ kowé ora bakal wedi kena panah.  6  Pas bengi, kowé ora bakal wedi kena wabah penyakit. Pas awan, kowé ora bakal wedi mati merga ana wabah penyakit.  7  Senajan ana wong sèwu sing mati ing cedhakmuLan ana sepuluh èwu sing mati ing sebelah tengenmu,Kowé ora bakal ngalami kaya ngono.+  8  Kowé mung bakal ndelok thok,Kaya kowé ndelok wong jahat dihukum.  9  Merga kowé ngomong, ”Yéhuwah kuwi panggonanku berlindung,” Kowé nganggep Gusti Allah sing Mahaluhur kuwi kaya panggonan sing aman.+ 10  Kowé ora bakal kena bencana,+Lan wong-wong sing ana ing kémahmu ora bakal kena wabah penyakit. 11  Dhèwèké bakal ngongkon malaékat-malaékaté+Kanggo nglindhungi kowé ing endi waé kowé lunga.+ 12  Para malaékaté bakal nampani kowé nganggo tangané+Bèn sikilmu ora kena watu.+ 13  Kowé bakal ngidak singa enom lan ula kobra. Kowé bakal ngidak singa lan ula sing gedhé.+ 14  Gusti Allah ngomong, ”Aku bakal nylametké dhèwèké+ merga dhèwèké sayang karo Aku. Aku bakal nglindhungi dhèwèké merga dhèwèké kenal* jeneng-Ku.+ 15  Dhèwèké bakal njaluk tulung karo Aku, lan Aku bakal nulungi.+ Aku bakal mbantu dhèwèké wektu dhèwèké ngalami kesusahan.+ Aku bakal nylametké dhèwèké lan nggawé dhèwèké diajèni. 16  Aku bakal nggawé umuré dawa,+Lan Aku bakal nggawé dhèwèké ngerti nèk Aku sing nylametké dhèwèké.”+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”panggonan rahasia”.
^ Utawa ”ngakoni”.