Mazmur 142:1-7

  • Donga njaluk bèn dibébaské saka wong sing nganiaya

    • ”Ora ana panggonan sing aman kanggo ndhelik” (4)

    • ”Aku ora nduwé sapa-sapa sakliyané Njenengan” (5)

Maskil.* Dongané Daud ing njero guwa.+ 142  Aku njaluk tulung marang Yéhuwah.+ Aku njaluk bèn Yéhuwah mesakké aku.  2  Aku nyritakké kesusahankuLan rasa kuwatirku marang Dhèwèké+  3  Pas aku putus asa. Njenengan nggatèkké aku.+ Mungsuh-mungsuhku masang perangkapIng dalan sing tak liwati.  4  Deloken sekitarku,Ora ana sing perduli karo aku.+ Ora ana panggonan sing aman kanggo ndhelik.+ Ora ana sing nggatèkké aku.  5  Oh Yéhuwah, aku ndonga njaluk tulung marang Njenengan. Aku kandha, ”Njenengan sing nglindhungi aku.+ Aku ora nduwé sapa-sapa sakliyané Njenengan.”  6  Gatèkna pas aku njaluk tulungMerga aku putus asa banget. Slametna aku saka wong sing nganiaya aku,+Merga dhèwèké luwih kuwat timbang aku.  7  Bébasna aku saka panggonan sing kaya penjara iki,Bèn aku isa muji jeneng-Mu. Muga-muga wong bener ana ing sekitarkuMerga Njenengan apikan karo aku.

Cathetan Ngisor