Mazmur 17:1-15

  • Donga njaluk perlindungan

    • ”Njenengan nyelidiki atiku” (3)

    • ”Ing ngisor sayap-Mu” (8)

Dongané Daud. 17  Oh Yéhuwah, tulung rungokna, aku njaluk keadilan. Tulung rungokna aku wektu aku njaluk tulung. Tulung rungokna dongaku sing tulus iki.+  2  Muga-muga Njenengan nggawé keputusan sing adil kanggo aku.+ Muga-muga Njenengan ndelok nèk aku bener.  3  Njenengan nyelidiki atiku. Malah pas bengi, Njenengan nyelidiki aku.+ Njenengan nggawé aku murni.+ Njenengan bakal ndelok nèk aku ora nggawé rencana jahatLan ora nggawé kesalahan merga omonganku.  4  Merga aku ngrungokké omongan-Mu,Aku ora mèlu-mèlu tumindaké perampok,+ ora soal apa sing ditindakké wong liya.  5  Muga-muga aku isa terus mlaku ing dalan-MuBèn sikilku ora kesandhung.+  6  Oh Gusti Allah, aku bakal ngomong karo Njenengan, merga Njenengan mesthi bakal njawab aku.+ Gatèkna aku,* lan rungokna omonganku.+  7  Duduhna katresnan-Mu sing langgeng* nganggo tumindak-Mu sing luar biasa.+ Njenengan sing nylametké wong-wong sing berlindung ing sebelah-Mu,Saka wong-wong sing mbrontak marang Njenengan.  8  Jaganen aku kaya Njenengan njaga mripaté Njenengan dhéwé.+ Tulung dhelikna aku ing ngisor sayap-Mu.+  9  Tulung lindhungi aku saka wong jahat sing nyerang aku,Saka mungsuhku sing ngepung aku lan péngin matèni aku.+ 10  Wong-wong kuwi ora nduwé perasaan*Lan omongané sombong. 11  Saiki wong-wong kuwi ngepung aku.+ Wong-wong kuwi nggolèk kesempatan kanggo nyilakani aku.* 12  Wong jahat kuwi kaya singa sing nyabik-nyabik mangsané,Kaya singa enom sing ngincer ing panggonané ndhelik. 13  Oh Yéhuwah, tulung Njenengan tumindak. Lawanen+ lan kalahna wong jahat kuwi. Slametna aku saka wong jahat kuwi nganggo pedhangmu. 14  Oh Yéhuwah, tulung slametna aku nganggo kekuwatan-MuSaka wong-wong ing donya* iki, sing mung mikirké urip saiki,+Sing wis mbok wènèhi kabèh sing apik,+Lan sing ninggali warisan kanggo anak-anaké. 15  Tapi aku, aku nggawé Njenengan seneng* merga aku wis nindakké sing bener. Wektu aku tangi, aku ngrasa puas merga Njenengan ana ing cedhakku.*+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”Mbungkuk lan rungokna aku”.
^ Utawa ”Wong-wong kuwi ketutup gajihé dhéwé”.
^ Utawa ”mbanting aku ing lemah”.
^ Utawa ”jaman”.
^ Lit.: ”aku ndelok wajah-Mu”.
^ Utawa ”merga ndelok wujud-Mu”.