Mazmur 124:1-8

  • ”Nèk Yéhuwah ora ndhukung awaké dhéwé”

    • Lolos saka perangkap sing rusak (7)

    • Pertolongan saka jenengé Yéhuwah (8)

Laguné wong sing munggah menyang kutha. Lagu sing digawé Daud. 124  ”Nèk Yéhuwah ora ndhukung awaké dhéwé,”+Ayo wong Israèl ngomong ngéné,  2  ”Nèk Yéhuwah ora ndhukung awaké dhéwé+Wektu mungsuh nyerang awaké dhéwé,+  3  Mesthi awaké dhéwé bakal dipatèni+Wektu mungsuh nesu karo awaké dhéwé.+  4  Awaké dhéwé mesthi wis kesèrèt banyuLan kegawa arus.+  5  Awaké dhéwé mesthi wis kleleb ing banyu sing ombaké gedhé.  6  Muga-muga Yéhuwah dipujiMerga Dhèwèké wis nglindhungi awaké dhéwé saka mungsuh sing kaya kéwan buas.  7  Awaké dhéwé iki kaya manuk sing uculSaka perangkapé pemburu.+ Perangkap kuwi rusak,Terus awaké dhéwé ucul.+  8  Awaké dhéwé ditulungi karo sing jenengé Yéhuwah,+Sing nggawé langit lan bumi.”

Cathetan Ngisor