Mazmur 1:1-6

  • Bédané uripé wong jahat karo wong bener

    • Bahagia merga maca hukumé Gusti Allah (2)

    • Wong bener kaya wit sing buahé akèh (3)

    • Wong jahat kaya kulit biji-bijian sing kabur kena angin (4)

1  Wong sing bahagia kuwi wong sing ora manut karo naséhaté wong jahat. Dhèwèké ora ana ing antarané wong dosa+Lan ora kekancan* karo wong sing seneng ngécé.+  2  Dhèwèké seneng karo hukumé Yéhuwah.+ Dhèwèké maca lan mikirké tenanan* hukum kuwi awan lan bengi.+  3  Dhèwèké bakal kaya wit sing ditandur ing pinggir kali,Sing metu buahé pas musimé,Lan sing godhongé ora layu. Kabèh sing ditindakké mesthi bakal berhasil.+  4  Ning, wong jahat ora kaya ngono. Wong-wong kuwi kaya kulit biji-bijian sing kabur kena angin.  5  Wong jahat mesthi bakal dihukum.+ Wong dosa ora bakal ana ing antarané wong bener.+  6  Yéhuwah ngerti tumindaké wong sing bener,+Ning tumindaké wong sing jahat bakal ora ana manèh.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”lungguh bareng”.
^ Utawa ”maca nganggo swara alon”.