Mazmur 3:1-8

  • Ngendelké Gusti Allah wektu ana bahaya

    • ’Ngapa kok mungsuh dadi akèh banget?’ (1)

    • ”Oh Yéhuwah, mung Njenengan sing isa nylametké” (8)

Lagu sing digawé Daud wektu dhèwèké mlayu saka Absalom anaké.+ 3  Oh Yéhuwah, ngapa kok mungsuhku dadi akèh banget?+ Ngapa kok ana akèh banget sing nglawan aku?+  2  Akèh sing ngomong soal aku,”Gusti Allah ora bakal nylametké dhèwèké.”+ (Sela)*  3  Ning Yéhuwah, Njenengan kaya tamèng sing nglindhungi aku.+ Njenengan nggawé aku diajèni+ lan nggawé aku kendel.+  4  Aku bakal njaluk tulung karo Yéhuwah,Lan Dhèwèké bakal njawab aku saka gunungé sing suci.+ (Sela)  5  Aku bakal turonan lan turu. Pas tangi, aku bakal ngrasa tenang,Merga Yéhuwah terus mbantu aku.+  6  Aku ora wedi karo wong sing jumlahé puluhan èwu,Sing ngepung aku saka endi-endi.+  7  Oh Yéhuwah, tulung bantu aku. Oh Gusti Allahku, tulung slametna aku,+Merga Njenengan sing bakal ngantem* wajahé mungsuhkuLan Njenengan sing bakal ngremuk untuné wong jahat.+  8  Oh Yéhuwah, mung Njenengan sing isa nylametké.+ Njenengan mesthi bakal mberkahi umat-Mu. (Sela)

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”ngampleng”.