Mazmur 96:1-13

  • ”Ayo nyanyi lagu anyar kanggo Yéhuwah”

    • Yéhuwah sing pantes dipuji (4)

    • Kabèh allahé bangsa-bangsa ora ana gunané (5)

    • Ngibadah nganggo klambi sing suci (9)

96  Ayo nyanyi lagu anyar kanggo Yéhuwah.+ Hé kabèh wong ing bumi, ayo nyanyi kanggo Yéhuwah.+  2  Ayo nyanyi kanggo Yéhuwah. Ayo muji jenengé. Saben dina, umumna kabar apik soal tumindaké Dhèwèké wektu nylametké manungsa.+  3  Critakna soal kemuliaané ing antarané bangsa-bangsaLan soal tumindaké sing luar biasa ing antarané kabèh suku bangsa.+  4  Yéhuwah kuwi agung lan pantes dipuji. Dhèwèké luwih hébat timbang allah-allah liyané.  5  Kabèh allahé bangsa-bangsa ora ana gunané,+Ning Yéhuwah kuwi sing nggawé langit.+  6  Dhèwèké mulya lan hébat.+ Panggonané sing suci kuwi apik banget, lan kekuwatané Gusti Allah ana ing kono.+  7  Hé kowé suku-suku bangsa, luhurna Yéhuwah. Pujinen Yéhuwah merga kemuliaan lan kekuwatané.+  8  Luhurna Yéhuwah merga jenengé.+ Kowé kudu nggawa hadiah lan mlebu ing halamané.  9  Kowé kudu sujud marang* Yéhuwah nganggo klambi sing suci. Hé kabèh wong ing bumi, kowé kudu wedi marang* Dhèwèké. 10  Umumna ing antarané bangsa-bangsa, ”Yéhuwah wis dadi raja.+ Bumi tetep ana ing panggonané lan ora isa digoncangké. Dhèwèké bakal adil wektu ngadili* manungsa.”+ 11  Muga-muga langit lan bumi ngrasa seneng. Muga-muga laut sak isiné padha sorak-sorak merga seneng.+ 12  Muga-muga padhang rumput lan kabèh sing ana ing kono ngrasa seneng.+ Muga-muga wit sing ana ing hutan ya sorak-sorak merga seneng ing ngarepé Yéhuwah,+ 13  Merga Dhèwèké teka*Kanggo ngadili bumi. Dhèwèké bakal adil wektu ngadili wong-wong ing bumi.+ Dhèwèké setya wektu ngadili bangsa-bangsa.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”kudu nyembah”.
^ Utawa ”mbéla”.
^ Utawa ”wis teka”.