Mazmur 110:1-7

  • Raja lan imam kaya Mèlkhizèdèk

    • Mréntah lan ngalahké mungsuh-mungsuhmu (2)

    • Cah-cah enom sing réla kaya embun sing nètès pas ésuk (3)

Lagu sing digawé Daud. 110  Yéhuwah ngomong karo Gustiku,”Lungguha ing sebelah tengen-Ku+Nganti mungsuh-mungsuhmu Tak gawé ana ing ngisor sikilmu.”*+  2  Yéhuwah bakal nggawé kowé mréntah saka Zion nganti panggonan-panggonan liya. Dhèwèké bakal ngomong karo kowé,”Kowé kudu marani lan ngalahké mungsuh-mungsuhmu.”+  3  Wektu kowé mimpin pasukanmu kanggo perang, rakyatmu bakal réla dadi prajuritmu. Pasukanmu kuwi cah-cah enom sing kaya embun sing nètès pas ésuk. Cah-cah enom kuwi indah lan suci.  4  Yéhuwah wis nggawé sumpah, lan kuwi ora bakal diubah,*”Kowé kuwi imam kanggo saklawasé+Kaya Mèlkhizèdèk.”+  5  Yéhuwah bakal ana ing sebelah tengenmu.+ Pas Dhèwèké nesu, Dhèwèké bakal nyingkirké raja-raja.+  6  Dhèwèké bakal ngukum bangsa-bangsa+Nganti negarané bangsa-bangsa kuwi kebak mayat.+ Dhèwèké bakal nyingkirké pemimpiné negara sing akèh penduduké.*  7  Dhèwèké* bakal ngombé saka kali ing pinggir dalan. Mula, dhèwèké bakal menang.

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”Tak dadèkké alas kanggo sikilmu”.
^ Utawa ”lan Dhèwèké ora bakal gela”.
^ Utawa ”kabèh pemimpin ing bumi”.
^ Maksudé, ”Gustiku” ing ay. 1.