Mazmur 147:1-20

  • Muji katresnané Gusti Allah lan kehébatané

    • Dhèwèké nambani wong sing lara ati (3)

    • Dhèwèké ngundang bintang-bintang nganggo jenengé dhéwé-dhéwé (4)

    • Dhèwèké nutupi bumi nganggo salju kaya kemul putih (16)

147  Pujinen Yah.* Nyanyi lagu pujian* kanggo Gusti Allah kuwi apik. Wis sakmesthiné awaké dhéwé muji Dhèwèké, merga kuwi nyenengké.+  2  Yéhuwah lagi mbangun Yérusalèm.+ Dhèwèké ngumpulké manèh wong Israèl sing kesebar ing endi-endi.+  3  Dhèwèké nambani wong sing lara ati. Luka-lukané wong kuwi diperban.  4  Dhèwèké ngerti jumlahé bintang. Dhèwèké ngundang bintang-bintang kuwi nganggo jenengé dhéwé-dhéwé.+  5  Gustiné awaké dhéwé kuwi hébat lan kuwat banget.+ Pemahamané ora ana batasé.+  6  Yéhuwah mbantu lan ngunggulké wong sing rendah hati,+Ning ngrendhahké wong sing jahat.  7  Ayo nyanyi kanggo Yéhuwah lan ngucap syukur. Ayo nyanyi lagu pujian kanggo Gusti Allah nganggo iringan harpa.  8  Gusti Allah nutupi langit nganggo méga. Dhèwèké mènèhi udan kanggo bumi+Lan nggawé suket thukul+ ing gunung.  9  Dhèwèké mènèhi pangan kéwan-kéwan+Lan mènèhi pangan anaké manuk gagak sing padha njaluk mangan.+ 10  Kanggoné Dhèwèké, kekuwatané jaran ora ana apa-apané.+ Kanggoné Dhèwèké, kekuwatané* wong lanang ya ora ana apa-apané.+ 11  Yéhuwah seneng karo wong sing wedi marang* Dhèwèké,+Sing berharap marang katresnané.*+ 12  Oh Yérusalèm, mulyakna Yéhuwah. Oh Zion, pujinen Gusti Allah. 13  Dhèwèké nggawé palang-palang gerbangmu dadi kuwat. Dhèwèké mberkahi anak-anakmu lanang. 14  Dhèwèké nggawé wilayahmu tentrem.+ Dhèwèké mènèhi kowé gandum sing paling apik* nganti kowé puas.+ 15  Dhèwèké mènèhi préntah marang bumi. Omongané cepet banget tekan bumi. 16  Dhèwèké nutupi bumi nganggo salju kaya kemul putih.+ Dhèwèké nyebar salju kaya nyebar awu.+ 17  Dhèwèké nggawé udan ès mudhun kaya nyebar remukan roti,+Sapa sing isa tahan karo adhemé?+ 18  Wektu Dhèwèké mènèhi préntah, ès kuwi dadi cair. Dhèwèké nggawé banyu mili merga kena angin.+ 19  Dhèwèké nyampèkké omongané marang Yakub. Dhèwèké nyampèkké peraturan lan hukumé marang Israèl.+ 20  Dhèwèké ora nindakké kuwi marang bangsa-bangsa liya.+ Bangsa-bangsa kuwi ora ngerti apa-apa soal hukumé. Pujinen Yah.*+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.
^ Utawa ”Main musik”.
^ Lit.: ”sikilé”.
^ Utawa ”katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
^ Lit.: ”gajihé gandum”.
^ Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.