Mazmur 8:1-9

  • Kemuliaané Gusti Allah lan kehormatané manungsa

    • ”Jeneng-Mu kuwi sing paling luar biasa” (1, 9)

    • ’Manungsa kuwi apa penting?’ (4)

    • Manungsa diwènèhi kehormatan (5)

Kanggo pemimpin musik: Soal Gitit.* Lagu sing digawé Daud. 8  Oh Yéhuwah Gustiku, jeneng-Mu kuwi sing paling luar biasa ing bumi. Njenengan nggawé kemuliaan-Mu luwih dhuwur timbang langit.*+  2  Njenengan nduduhké kekuwatan-Mu liwat omongané bocah cilik lan bayi,+Bèn mungsuh-Mu sing kejem lan sing nglawan NjenenganDadi ora isa ngomong apa-apa manèh.  3  Wektu aku ndelok langit sing mbok gawé,*Bulan lan bintang sing mbok gawé,+  4  Aku mikir, ’Manungsa kuwi apa ta, kok nganti Njenengan gelem éling karo dhèwèké? Kok nganti Njenengan gelem nggatèkké manungsa?’+  5  Njenengan nggawé dhèwèké luwih rendhah sithik timbang malaékat,*Lan Njenengan nggawé dhèwèké diajèni lan dihormati.  6  Njenengan nggawé dhèwèké nguwasani sing wis mbok gawé.*+ Njenengan nggawé dhèwèké nguwasani kabèh iki:  7  Domba, kambing, sapi,Kabèh kéwan liar,*+  8  Manuk ing langit, iwak ing laut,Lan kabèh sing urip ing laut.  9  Oh Yéhuwah Gustiku, jeneng-Mu kuwi sing paling luar biasa ing bumi.

Cathetan Ngisor

^ Utawa mungkin ”kemuliaan-Mu dicritakké nganti tekan langit”.
^ Lit.: ”mbok gawé nganggo drijimu”.
^ Utawa ”makhluk sing kaya gusti allah”.
^ Lit.: ”nguwasani sing digawé tangan-Mu”.
^ Lit.: ”kéwan sing ana ing padhang”.