Mazmur 136:1-26

  • Katresnané Yéhuwah ana saklawasé

    • Langit lan bumi digawé nganggo cara sing pinter banget (5, 6)

    • Firaun mati ing Laut Merah (15)

    • Gusti Allah ora lali karo wong sing putus asa (23)

    • Pangan kanggo kabèh manungsa lan kéwan (25)

136  Ucapna syukur marang Yéhuwah merga Dhèwèké apikan.+ Katresnané* ana saklawasé.+  2  Ucapna syukur marang Gusti Allah sing luwih unggul timbang kabèh allah liyané,+Merga katresnané ana saklawasé.  3  Ucapna syukur marang Gusti sing luwih unggul timbang kabèh gusti liyané,Merga katresnané ana saklawasé.  4  Mung Dhèwèké sing nggawé mukjijat sing luar biasa,+Merga katresnané ana saklawasé.+  5  Dhèwèké pinter banget* nggawé langit,+Merga katresnané ana saklawasé.  6  Dhèwèké ndèlèhké bumi ing ndhuwuré banyu,+Merga katresnané ana saklawasé.  7  Dhèwèké nggawé cahaya ing langit,+Merga katresnané ana saklawasé.  8  Dhèwèké nggawé matahari kanggo madhangi pas awan,+Merga katresnané ana saklawasé.  9  Dhèwèké nggawé bulan lan bintang kanggo madhangi pas bengi,+Merga katresnané ana saklawasé. 10  Dhèwèké matèni kabèh anak pertama ing Mesir,+Merga katresnané ana saklawasé. 11  Dhèwèké nggawa wong Israèl metu saka Mesir,+Merga katresnané ana saklawasé, 12  Nganggo kuwasa+ lan kekuwatané sing gedhé,Merga katresnané ana saklawasé. 13  Dhèwèké mbelah Laut Merah dadi loro,+Merga katresnané ana saklawasé. 14  Dhèwèké nggawé wong Israèl nyabrang ing tengah-tengahé,+Merga katresnané ana saklawasé. 15  Dhèwèké nggawé Firaun lan pasukané kleleb ing Laut Merah,+Merga katresnané ana saklawasé. 16  Dhèwèké nuntun umaté ngliwati padhang belantara,+Merga katresnané ana saklawasé. 17  Dhèwèké ngalahké raja-raja sing hébat,+Merga katresnané ana saklawasé. 18  Dhèwèké matèni raja-raja sing kuwat,Merga katresnané ana saklawasé, 19  Sihon+ rajané wong Amori,Merga katresnané ana saklawasé, 20  Lan Og+ raja Basyan,Merga katresnané ana saklawasé. 21  Dhèwèké mènèhké tanahé raja-raja kuwi dadi warisan,+Merga katresnané ana saklawasé, 22  Warisan kanggo Israèl umaté,Merga katresnané ana saklawasé. 23  Dhèwèké ora lali wektu awaké dhéwé putus asa,*+Merga katresnané ana saklawasé.+ 24  Dhèwèké bola-bali mbébaské awaké dhéwé saka mungsuh,+Merga katresnané ana saklawasé. 25  Dhèwèké mènèhi pangan kanggo kabèh makhluk hidup,+Merga katresnané ana saklawasé. 26  Ucapna syukur marang Gusti Allah sing nguwasani swarga,Merga katresnané ana saklawasé.

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”Katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”Dhèwèké nggunakké pemahaman wektu”.
^ Utawa ”direndhahké”.