Mazmur 20:1-9

  • Gusti Allah nylametké raja sing dipilih

    • Ana sing ngendelké kréta perang lan jaran, ”tapi awaké dhéwé ngendelké jenengé Yéhuwah” (7)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud. 20  Muga-muga Yéhuwah njawab dongamu wektu kowé susah. Muga-muga Gusti Allahé Yakub nglindhungi kowé+ wektu kowé nyebut jenengé.  2  Muga-muga Dhèwèké mbantu kowé saka panggonané sing suci+Lan nguwatké kowé saka Zion.+  3  Muga-muga Dhèwèké éling karo kabèh persembahanmu. Muga-muga Dhèwèké seneng nampa persembahan bakaranmu.* (Sela)  4  Muga-muga Dhèwèké nggawé apa sing mbok péngini kelakon+Lan nggawé kabèh rencanamu* berhasil.  5  Aku bakal sorak-sorak merga Njenengan wis nylametké aku.+ Aku bakal ngluhurké jenengé Gusti Allahé awaké dhéwé.+ Muga-muga Yéhuwah nggawé kabèh sing mbok jaluk kelakon.  6  Saiki aku ngerti nèk Yéhuwah nylametké wong sing dilantik.+ Dhèwèké njawab dongané wong kuwi saka panggonané sing suci ing swarga. Dhèwèké nylametké wong kuwi nganggo kuwasané.*+  7  Ana sing ngendelké kréta perang lan ana sing ngendelké jarané.+ Tapi awaké dhéwé ngendelké jenengé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé.+  8  Wong-wong kuwi kalah lan tiba,Ning awaké dhéwé isa tangi lan ngadeg manèh.+  9  Oh Yéhuwah, tulung slametké raja.+ Gusti Allah* bakal njawab wektu awaké dhéwé njaluk tulung.+

Cathetan Ngisor

^ Lit.: ”nganggep persembahan bakaranmu kaya gajih”.
^ Utawa ”niatmu”.
^ Lit.: ”tangané tengen”.
^ Utawa mungkin ”Raja”.