Mazmur 14:1-7

  • Gambaran soal wong bodho

    • ”Yéhuwah kuwi ora ana” (1)

    • ”Ora ana sing tumindaké apik” (3)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud. 14  Wong bodho mbatin,”Yéhuwah kuwi ora ana.”+ Tumindaké wong kuwi jahat lan disengiti Gusti Allah. Ora ana sing tumindaké apik.+  2  Saka swarga, Yéhuwah ndelok manungsa ing bumiMerga péngin ngerti sapa sing nduwé pemahaman lan sing nggolèk tuntunané Yéhuwah.+  3  Kabèh manungsa ora nindakké sing bener manèh.+ Kabèh wong kuwi jahat. Ora ana sing tumindaké apik,Ora ana babar blas.  4  Apa wong jahat ora nduwé pengetahuanNganti gampang banget nindhes umaté Gusti Allah kaya nèk mangan rotiLan ora njaluk tuntunané Yéhuwah?  5  Ning, wong-wong kuwi bakal wedi banget,+Merga Yéhuwah mihak wong-wong* sing bener.  6  Wong jahat ngupaya ngrusak rencanané wong cilik,Ning Yéhuwah nglindhungi wong cilik kuwi.+  7  Muga-muga sing nylametké Israèl teka saka Zion.+ Muga-muga Yakub seneng, muga-muga Israèl senengWektu Yéhuwah ngumpulké manèh umaté sing ditawan.

Cathetan Ngisor

^ Lit.: ”generasi”.