Mazmur 150:1-6

  • Kabèh sing urip, pujinen Yah

    • Haléluyah! (1, 6)

150  Pujinen Yah.*+ Pujinen Gusti Allah ing baité sing suci.+ Pujinen Dhèwèké, hé kabèh sing ana ing ngisor langit, sing nyritakké kekuwatané Gusti Allah.+  2  Pujinen Dhèwèké merga tumindaké sing hébat.+ Pujinen Dhèwèké merga Dhèwèké agung banget.+  3  Pujinen Dhèwèké nganggo trompèt.+ Pujinen Dhèwèké nganggo harpa lan alat musik bersenar.+  4  Pujinen Dhèwèké nganggo rebana+ karo nari. Pujinen Dhèwèké nganggo harpa+ lan suling.+  5  Pujinen Dhèwèké nganggo simbal sing swarané merdu. Pujinen Dhèwèké nganggo simbal+ sing swarané banter.  6  Kabèh sing urip, pujinen Yah. Pujinen Yah.*+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.
^ Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.