Mazmur 11:1-7

  • Nggolèk perlindungan marang Yéhuwah

    • ”Yéhuwah ana ing baité sing suci” (4)

    • Gusti Allah sengit marang wong sing seneng karo tumindak kejem (5)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud. 11  Aku nggolèk perlindungan marang Yéhuwah.+ Kok isa-isané kowé ngomong karo aku,”Lungaa menyang gunung kaya manuk.  2  Deloken wong jahat sing nyiapké busur panahé. Wong-wong kuwi wis ndèlèhké panahé ing tali busuréLan siap manah wong sing bener saka petengan.  3  Nèk hukum dirèmèhké lan ora ana keadilan,Wong sing bener isa apa?  4  Yéhuwah ana ing baité sing suci.+ Takhtané Yéhuwah ana ing swarga.+ Mripaté ndelok lan ngamati manungsa.+  5  Yéhuwah ngamati wong sing bener lan sing jahat.+ Dhèwèké sengit marang wong sing seneng karo tumindak kejem.+  6  Dhèwèké bakal njebak* wong sing jahat. Wong jahat kuwi bakal dihukum nganggo geni, belérang,+ lan angin panas.  7  Yéhuwah kuwi bener.+ Dhèwèké seneng karo tumindak sing bener.+ Dhèwèké seneng karo wong sing bener.*+

Cathetan Ngisor

^ Utawa mungkin ”mènèhi udan bara marang”.
^ Lit.: ”Wong sing bener bakal ndelok wajahé”.