Mazmur 47:1-9

  • Gusti Allah kuwi Raja sing mréntah bumi

    • ’Yéhuwah kuwi luar biasa’ (2)

    • Ayo nyanyi lagu pujian kanggo Gusti Allah (6, 7)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé keturunané Korah.+ 47  Bangsa-bangsa, ayo padha keplok-keplok. Kowé kudu muji Gusti Allah lan sorak-sorak merga seneng,  2  Merga Yéhuwah sing Mahaluhur kuwi luar biasa.+ Dhèwèké Raja sing hébat sing mréntah bumi.+  3  Dhèwèké nggawé awaké dhéwé nguwasani bangsa-bangsa. Dhèwèké nggawé awaké dhéwé ngalahké bangsa-bangsa.+  4  Dhèwèké wis milih warisan kanggo awaké dhéwé.+ Kuwi sing dibanggakké Yakub, wong sing Dhèwèké sayangi.+ (Sela)  5  Wong-wong padha sorak-sorak pas Yéhuwah munggah ing takhtané. Ana swara trompèt* pas Dhèwèké munggah.  6  Ayo nyanyi lagu pujian* kanggo Gusti Allah. Ayo nyanyi lagu pujian kanggo Rajané awaké dhéwé.  7  Gusti Allah kuwi Raja sing mréntah bumi.+ Ayo nyanyi lagu pujian, lan tumindakmu kudu wicaksana.  8  Gusti Allah wis dadi Raja sing mréntah bangsa-bangsa.+ Gusti Allah lungguh ing takhtané sing suci.  9  Para pemimpiné bangsa-bangsa ngumpul barengKaro umaté Gusti Allahé Abraham. Para pemimpin* ing bumi kuwi duwèké Gusti Allah. Gusti Allah pancèn bener-bener diluhurké.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”sunguné domba lanang”.
^ Utawa ”main musik”.
^ Lit.: ”Tamèng-tamèng”.