Mazmur 29:1-11

  • Swarané Yéhuwah kuwi gedhé kuwasané

    • Ngibadah nganggo klambi sing suci (2)

    • ”Swarané Gusti Allah sing mulya kaya bledhèg” (3)

    • Yéhuwah nguwatké umaté (11)

Lagu sing digawé Daud. 29  Kowé kabèh sing kuwat banget, luhurna Yéhuwah,Pujinen Yéhuwah merga kemuliaan lan kekuwatané.+  2  Luhurna Yéhuwah merga jenengé. Kowé kudu sujud marang* Yéhuwah nganggo klambi sing suci.  3  Swarané Yéhuwah krungu ing ndhuwur banyu. Swarané Gusti Allah sing mulya kaya bledhèg.+ Yéhuwah ana ing ndhuwuré méga sing kandel.*+  4  Swarané Yéhuwah kuwi gedhé banget kuwasané.+ Swarané Yéhuwah kuwi luar biasa.  5  Swarané Yéhuwah nggawé wit aras tugel. Swarané Yéhuwah nggawé wit-wit aras saka Lébanon dadi hancur.+  6  Dhèwèké nggawé Lébanon* mlumpat kaya anak sapi,Lan Sirion*+ mlumpat kaya anaké lanang banthèng.  7  Yéhuwah ngomong, lan ana kilat sing nyamber.+  8  Swarané Yéhuwah nggawé padhang belantara goncang.+ Yéhuwah nggawé padhang belantara Kadès+ goncang.  9  Swarané Yéhuwah nggawé kidang gemeter lan manak,Lan nggawé wit-wit ing hutan dadi entèk.+ Kabèh sing ana ing baité kandha, ”Gusti Allah diluhurké.” 10  Takhtané Yéhuwah ana ing ndhuwuré banyu sing akèh.*+ Yéhuwah kuwi raja lan mréntah saklawasé.+ 11  Yéhuwah bakal nguwatké umaté.+ Yéhuwah bakal mberkahi umaté bèn uripé ayem.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”nyembah”.
^ Lit.: ”ndhuwuré banyu”.
^ Kétoké Pegunungan Lébanon.
^ Sebutané wong Sidon kanggo Gunung Hèrmon.
^ Utawa ”laut ing langit”.