Mazmur 88:1-18

  • Donga bèn dislametké saka kematian

    • ”Aku mèh mati” (3)

    • ”Saben ésuk aku ndonga marang Njenengan” (13)

Lagu sing digawé keturunané Korah.+ Kanggo pemimpin musik: Nurut Mahalat.* Nyanyiné gantian. Maskilé* Héman+ keturunané Ézrah. 88  Oh Yéhuwah, Gusti Allah sing nylametké aku,+Awan lan bengiAku njaluk tulung marang Njenengan.+  2  Aku ndonga marang Njenengan.+ Tulung rungokna* wektu aku njaluk tulung.+  3  Uripku kebak kesusahan,+Lan aku mèh mati.*+  4  Aku dianggep kaya wong sing wis mati.*+ Aku wis ora nduwé tenaga manèh.+  5  Aku kaya ana ing antarané wong mati,Kaya mayat sing ana ing njero kuburan,Sing ora mbok éling-éling manèhLan ora mbok lindhungi.  6  Aku mbok dèlèhké ing lubang sing paling jero,Ing panggonan sing peteng, ing lubang sing gedhé lan jero banget.  7  Aku tertekan merga Njenengan nesu banget karo aku.+ Tumindak-Mu kaya ombak gedhé sing nerjang aku. (Sela)  8  Njenengan nggawé kanca-kancaku ninggalké aku.+ Njenengan nggawé aku disengiti kanca-kancaku. Aku ngrasa kaya dikurung lan ora isa metu.  9  Mripatku nganti ora isa ndelok jelas manèh merga kesusahanku.+ Oh Yéhuwah, saben dina aku njaluk tulung marang Njenengan.+ Aku ndonga marang Njenengan. 10  Apa wong mati isa ndelok mukjijaté Njenengan? Apa wong mati isa tangi lan muji Njenengan?+ (Sela) 11  Apa katresnan-Mu* bakal dicritakké ing kuburanLan kesetiaan-Mu ing panggonan kuwi?* 12  Apa mukjijat-Mu isa didelok ing panggonan sing peteng? Apa keadilan-Mu isa didelok ing panggonané wong-wong sing wis dilalèkké?+ 13  Oh Yéhuwah, aku isih tetep njaluk tulung marang Njenengan.+ Saben ésuk, aku ndonga marang Njenengan.+ 14  Oh Yéhuwah, ngapa kok Njenengan nolak aku?+ Ngapa kok Njenengan ninggalké aku?*+ 15  Kèt aku isih enom,Aku wis susah lan arep mati.+ Njenengan meneng waé wektu aku ngalami kesusahan nganti aku ngrasa putus asa. 16  Aku susah merga Njenengan nesu banget karo aku.+ Serangan-Mu nggawé aku wedi banget nganti aku mèh mati. 17  Saben dina, rasa wedi kuwi kaya banyu sing ngubengi aku,Nerjang aku saka ngendi waé. 18  Njenengan nggawé wong-wong sing tak tresnani lan kanca-kancaku ninggalké aku.+ Mung petengan sing dadi kancaku.

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”mbungkuk lan rungokna”.
^ Lit.: ”ana ing pinggir Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”wong sing mudhun ing kuburan”.
^ Utawa ”katresnan-Mu sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”panggonan mayat-mayat dadi bosok”.
^ Lit.: ”ndhelikké wajah-Mu saka aku”.