Mazmur 40:1-17

  • Ngucap syukur marang Gusti Allah sing ora ana tandhingané

    • Kegiatané Gusti Allah kuwi terlalu akèh kanggo dicritakké (5)

    • Korban dudu sing paling penting kanggoné Gusti Allah (6)

    • ”Aku seneng nindakké kepénginan-Mu” (8)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud. 40  Aku berharap tenan marang* Yéhuwah. Dhèwèké nggatèkké lan ngrungokké wektu aku njaluk tulung.+  2  Dhèwèké ngetokké aku saka lubang banyu sing alirané deres,Saka rawa sing kebak lumpur. Dhèwèké nggawé aku ngadeg ing tebing. Dhèwèké nggawé aku mlaku ing lemah sing garing.  3  Terus Dhèwèké ngajari aku lagu anyar,+Lagu pujian kanggo Gusti Allahé awaké dhéwé. Akèh sing bakal ndelok apa sing ditindakké Gusti AllahLan dadi percaya marang Yéhuwah.  4  Wong sing bahagia kuwi wong sing percaya karo Yéhuwah,Ora mèlu-mèlu wong sing mbrontak, lan ora mèlu-mèlu wong sing seneng ngapusi.*  5  Oh Yéhuwah Gusti Allahku,Njenengan terus mikirké aku,Lan Njenengan wis nindakké akèh kegiatan sing luar biasa kanggo aku.+ Ora ana sing isa nandhingi Njenengan.+ Aku péngin nyritakké lan ngomongké kabèh sing mbok tindakké,Ning kabèh kuwi terlalu akèh kanggo dicritakké.+  6  Njenengan ora péngin*+ korban lan persembahan,Ning Njenengan mbantu aku bèn isa ngrungokké lan paham karo préntah-Mu.+ Njenengan ora njaluk persembahan bakaran lan persembahan dosa.+  7  Terus aku ngomong, ”Aku wis teka. Ing gulungan,* ana tulisan soal aku.+  8  Oh Gusti Allahku, aku seneng* nindakké kepénginan-Mu,+Lan hukum-Mu ana ing atiku.+  9  Aku nyritakké kabar apik soal keadilan-Mu ing jemaat sing akèh banget wongé.+ Oh Yéhuwah, Njenengan ngertiNèk aku ora meneng waé.+ 10  Keadilan-Mu ora mung tak simpen ing atiku. Aku nyritakké nèk Njenengan kuwi setya lan nylametké umat-Mu. Ing jemaat sing akèh banget wongé, aku terus nyritakké nèk Njenengan kuwi bener,+Lan nyritakké katresnané Njenengan.”* 11  Oh Yéhuwah, tulung Njenengan terus mesakké aku. Muga-muga Njenengan nglindhungi aku+ merga Njenengan kuwi setya lan nduwé katresnan.* 12  Kesusahan sing tak alami akèh banget.+ Kesalahanku akèh banget nganti ora isa tak étung.+ Jumlahé luwih akèh timbang rambut ing sirahku. Kuwi sebabé aku dadi putus asa. 13  Oh Yéhuwah, tulung slametna aku.+ Oh Yéhuwah, cepet tulungana aku.+ 14  Muga-muga kabèh wong sing péngin matèni akuDigawé isin lan dirèmèhké. Muga-muga wong sing seneng nèk aku susahPadha mlayu lan direndhahké. 15  Muga-muga wong sing ngécé akuPadha kagèt lan isin. 16  Ning, muga-muga wong sing nggolèk tuntunan-Mu+Padha seneng merga Njenengan.+ Muga-muga wong sing berharap mbok slametké terus-terusan kandha,”Muga-muga Yéhuwah diluhurké.”+ 17  Muga-muga Yéhuwah nggatèkké akuMerga aku mlarat lan susah. Njenengan kuwi sing nulungi lan sing nylametké aku.+ Oh Gusti Allahku, cepet tulungi aku.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”sabar ngentèni”.
^ Utawa ”sing percaya karo keterangan sing ora bener”.
^ Utawa ”ora seneng”.
^ Lit.: ”gulungan kitab”.
^ Utawa ”péngin banget”.
^ Utawa ”katresnané Njenengan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.