Mazmur 30:1-12

  • Rasa sedhih berubah dadi rasa seneng

    • Gusti Allah apikan nganti saklawasé (5)

Lagu wektu peresmian omah. Lagu sing digawé Daud. 30  Oh Yéhuwah, aku bakal ngluhurké Njenengan, merga Njenengan wis nylametké aku. Njenengan ora meneng waé wektu mungsuh-mungsuhku seneng pas aku susah.+  2  Oh Yéhuwah Gusti Allahku, Aku njaluk tulung marang Njenengan, lan Njenengan nggawé aku kuwat manèh.+  3  Oh Yéhuwah, Njenengan ngetokké aku saka Kuburan.*+ Njenengan nggawé aku tetep urip. Njenengan nylametké aku bèn ora sida mati.*+  4  Wong-wong sing setya, kowé kudu nyanyi lagu pujian* kanggo Yéhuwah,+Kowé kudu maturnuwun kanggo jenengé sing suci.+  5  Gusti Allah kuwi nesuné mung sedhéla,+Lan Dhèwèké apikan karo wong sing disenengi nganti saklawasé.+ Mungkin pas bengi ana tangisan, ning pas ésuk padha sorak-sorak merga seneng.+  6  Pas aku ngrasa ayem, aku kandha,”Ora bakal ana masalah.”  7  Oh Yéhuwah, nèk pas Njenengan seneng karo aku, Njenengan nggawé aku kuwat kaya gunung.+ Tapi nèk pas Njenengan ninggalké aku,* aku dadi wedi banget.+  8  Oh Yéhuwah, aku terus njaluk tulung marang Njenengan.+ Oh Yéhuwah, aku terus njaluk bèn Njenengan mesakké aku.  9  Apa gunané nèk aku mati? Apa gunané nèk aku mlebu ing kuburan?+ Apa debu isa muji Njenengan+ utawa nyritakké nèk Njenengan setya?+ 10  Oh Yéhuwah, rungokna aku lan tulung mesakké aku.+ Oh Yéhuwah, tulungana aku.+ 11  Njenengan nggawé aku ora sedhih manèh lan isa nari-nari merga seneng. Njenengan nyopot kain goni sing tak enggo, lan Njenengan nggawé aku seneng kaya nèk Njenengan nganggokké klambi pésta marang aku. 12  Bèn aku* ora meneng waé lan isa nyanyi lagu pujian kanggo Njenengan. Oh Yéhuwah Gusti Allahku, aku bakal muji Njenengan saklawasé.

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
^ Lit.: ”bèn ora mlebu ing lubang”.
^ Utawa ”main musik”.
^ Lit.: ”ndhelikké wajah-Mu saka aku”.
^ Utawa ”kemuliaanku”.