Mazmur 38:1-22
Lagu sing digawé Daud, kanggo ngélingké wong-wong.
38 Oh Yéhuwah, aja nesu wektu ngélikké aku.
Aja ngamuk wektu mènèhi aku naséhat.+
2 Panah-Mu wis nancep ing awakku.
Aku ngrasakké lara merga Njenengan ngukum aku.+
3 Awakku lara kabèh* merga Njenengan nesu.
Aku* ngrasa ora tenang merga dosaku.+
4 Kesalahanku akèh banget nganti aku kewalahan,+Kaya beban sing abot sing ora sanggup tak tanggung.
5 Luka-lukaku mambu lan metu nanahéMerga dosaku.
6 Aku sedhih lan susah banget.
Saka ésuk nganti bengi aku ngrasa sedhih.
7 Awakku rasané kaya diobong.*
Awakku lara kabèh.+
8 Aku sedhih banget nganti ora isa ngrasakké apa-apa.
Aku njerit merga atiku susah banget.
9 Oh Yéhuwah, Njenengan ngerti kabèh kepénginanku,Lan Njenengan terus ngrungokké aku wektu aku sambat.
10 Jantungku dheg-dhegan, kekuwatanku entèk,Lan aku ora isa ndelok jelas manèh.*+
11 Wong sing tak tresnani lan kancaku ora gelem kekancan manèh karo aku merga penyakitku.
Kanca akrabku ngedohi aku.
12 Wong-wong masang jebakan kanggo matèni aku.
Wong sing arep nyilakani aku ngomong nèk arep nyingkirké aku.+
Saka ésuk nganti bengi, wong-wong kuwi nggawé rencana kanggo ngapusi aku.
13 Ning, aku ora bakal ngrungokké, kaya wong budheg.+
Aku ora bakal ngomong apa-apa, kaya wong bisu.+
14 Aku kaya wong sing ora isa ngrungokkéLan ora isa ngomong apa-apa kanggo mbéla awakku dhéwé.
15 Oh Yéhuwah, aku ngentèni Njenengan nulungi aku,+Lan Njenengan nulungi aku, oh Yéhuwah Gusti Allahku.+
16 Aku ngomong, ”Muga-muga wong-wong kuwi ora ngrasa seneng nèk aku susahLan ora nyombongké dhiri nèk aku nindakké dosa.”*
17 Aku wis ora kuwat manèh,Lan aku ngrasakké lara terus.+
18 Aku ngakoni kesalahanku.+
Aku ora tenang merga dosaku.+
19 Ning, mungsuh-mungsuhku kuwat banget.*
Wong-wong sing sengit karo aku tanpa alesan dadi saya akèh.
20 Wong-wong kuwi mbales tumindakku sing apik nganggo kejahatan.
Wong-wong kuwi mungsuhi aku merga aku péngin nindakké sing apik.
21 Oh Yéhuwah, aja ninggalké aku.
Oh Gusti Allah, aja adoh-adoh saka aku.+
22 Oh Yéhuwah, Njenengan sing nylametké aku,+Cepet tulungi aku.

