Mazmur 67:1-7

  • Kabèh wong ing bumi bakal wedi marang Gusti Allah

    • Tumindaké Gusti Allah dikenal (2)

    • ’Muga-muga kabèh bangsa muji Gusti Allah’ (3, 5)

    • ’Gusti Allah bakal mberkahi awaké dhéwé’ (6, 7)

Kanggo pemimpin musik: Nganggo alat musik bersenar. Lagu. 67  Gusti Allah bakal seneng karo awaké dhéwé lan mberkahi awaké dhéwé. Dhèwèké bakal apikan karo awaké dhéwé,+ (Sela)  2  Bèn kabèh wong ing bumi ngerti tumindak-Mu+Lan bangsa-bangsa ngerti nèk Njenengan sing nylametké.+  3  Oh Gusti Allah, muga-muga bangsa-bangsa muji Njenengan. Muga-muga kabèh bangsa muji Njenengan.  4  Muga-muga bangsa-bangsa padha sorak-sorak,+Merga Njenengan bakal adil wektu ngadili wong-wong kuwi.+ Njenengan bakal nuntun bangsa-bangsa ing bumi. (Sela)  5  Oh Gusti Allah, muga-muga bangsa-bangsa muji Njenengan. Muga-muga kabèh bangsa muji Njenengan.  6  Bumi bakal ngetokké hasilé.+ Gusti Allahé awaké dhéwé bakal mberkahi awaké dhéwé.+  7  Gusti Allah bakal mberkahi awaké dhéwé,Lan kabèh wong ing bumi bakal wedi marang* Dhèwèké.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”ngajèni”. Deloken Daftar Istilah.