Mazmur 112:1-10

  • Wong sing bener wedi marang Yéhuwah

    • Wong sing seneng nyilihké duwèké marang wong liya kuwi bahagia (5)

    • ”Wong sing bener bakal diéling-éling nganti saklawasé” (6)

    • Wong sing seneng mènèhi lan seneng mbantu wong mlarat (9)

112  Pujinen Yah.*+ א [Alef] Wong sing wedi marang* Yéhuwah+ב [Bet] Lan seneng nindakké préntahé kuwi bahagia.+ ג [Gimel]  2  Keturunané bakal dadi kuwat ing bumi. ד [Dalet] Keturunané wong sing bener bakal diberkahi.+ ה [He]  3  Ing omahé ana harta lan kekayaan. ו [Waw] Tumindaké sing bener bakal diéling-éling nganti sakterusé. ז [Zayin]  4  Kanggo wong sing bener, dhèwèké kaya cahaya sing madhangi panggonan sing peteng.+ ח [Het] Dhèwèké bener, apikan,* lan gampang mesakké.+ ט [Tet]  5  Wong sing seneng nyilihké duwèké marang wong liya kuwi bahagia.+ י [Yod] Dhèwèké mesthi adil. כ [Kaf]  6  Dhèwèké ora bakal kewalahan wektu ana masalah.+ ל [Lamed] Wong sing bener bakal diéling-éling nganti saklawasé.+ מ [Mem]  7  Dhèwèké ora bakal wedi karo kabar èlèk.+ נ [Nun] Dhèwèké yakin lan percaya marang Yéhuwah.+ ס [Samekh]  8  Dhèwèké yakin lan ora wedi.+ ע [Ayin] Akhiré dhèwèké bakal ndelok mungsuh-mungsuhé kalah.+ פ [Pe]  9  Dhèwèké seneng mènèhi lan seneng mbantu wong mlarat.+ צ [Tsade] Tumindaké sing bener bakal diéling-éling nganti sakterusé.+ ק [Qof] Dhèwèké bakal dadi saya kuwat lan dimulyakké.* ר [Res] 10  Wong jahat bakal nesu wektu ndelok kuwi. ש [Syin] Wong jahat kuwi bakal putus asa, saya ora séhat, lan mati. ת [Taw] Kepénginané wong jahat ora bakal kelakon.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.
^ Utawa ”murah hati”.
^ Lit.: ”Sunguné bakal diangkat nganggo kemuliaan”.