Mazmur 111:1-10

  • Muji Yéhuwah merga tumindaké sing luar biasa

    • Jenengé Gusti Allah kuwi suci lan luar biasa (9)

    • Wedi marang Yéhuwah kuwi wicaksana (10)

111  Pujinen Yah.*+ א [Alef] Aku bakal muji Yéhuwah sak tulusé atiku+ב [Bet] Ing jemaat lan ing antarané wong bener sing padha ngumpul. ג [Gimel]  2  Ciptaané Yéhuwah kuwi luar biasa.+ ד [Dalet] Kuwi diselidiki karo wong-wong sing seneng karo ciptaané kuwi.+ ה [He]  3  Saka tumindaké, kétok nèk Dhèwèké mulya lan luar biasa. ו [Waw] Keadilané tetep ana nganti sakterusé.+ ז [Zayin]  4  Tumindaké luar biasa banget nganti wong-wong ora isa lali.+ ח [Het] Yéhuwah kuwi apikan lan gampang mesakké.+ ט [Tet]  5  Dhèwèké mènèhi pangan marang wong sing wedi marang* Dhèwèké.+ י [Yod] Dhèwèké éling karo perjanjiané nganti saklawasé.+ כ [Kaf]  6  Liwat tumindaké, Dhèwèké nduduhké kuwasané marang umaté,ל [Lamed] Yaiku mènèhi umaté tanahé* bangsa-bangsa.+ מ [Mem]  7  Kabèh tumindaké bener lan adil.+ נ [Nun] Kabèh préntahé isa dipercaya.+ ס [Samekh]  8  Préntahé isa diendelké* nganti saklawasé. ע [Ayin] Préntahé kuwi digawé merga Gusti Allah setya lan adil.+ פ [Pe]  9  Dhèwèké wis nebus umaté.+ צ [Tsade] Dhèwèké nggawé bèn perjanjiané terus ana nganti saklawasé. ק [Qof] Jenengé suci lan luar biasa.+ ר [Res] 10  Bèn dadi wicaksana,*+ pertama-tama kudu wedi marang* Yéhuwah. ש [Sin] Kabèh wong sing manut karo préntahé* nduwé pemahaman.+ ת [Taw] Dhèwèké bakal terus dipuji nganti saklawasé.

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.
^ Lit.: ”warisané”.
^ Utawa ”terus ana”.
^ Lit.: ”Awalé kawicaksanan”.
^ Lit.: ”kuwi”.