Mazmur 12:1-8

  • Yéhuwah tumindak

    • Omongané Yéhuwah kuwi murni (6)

Kanggo pemimpin musik: Nganggo nada Syèminit.* Lagu sing digawé Daud. 12  Oh Yéhuwah, slametna aku merga wis ora ana manèh wong sing setya. Ora ana manèh wong sing isa dipercaya ing antarané manungsa.  2  Wong-wong padha ngapusi liyané. Liwat omongané, wong-wong kuwi nyanjung-nyanjung lan ngapusi wong liya.+  3  Yéhuwah bakal mbungkem cangkemé wong sing seneng nyanjung-nyanjungLan ngethok ilaté wong sing seneng nyombongké awaké dhéwé,+  4  Sing ngomong ngéné, ”Merga omonganku, tujuanku mesthi bakal berhasil. Aku isa ngomong sak karepku dhéwé. Ora ana sing isa ngatur aku.”+  5  Yéhuwah kandha, ”Aku bakal tumindak. Aku bakal nylametké wong sing susah merga ditindhes+Lan wong mlarat sing padha sambatSaka wong sing ngrendhahké wong-wong kuwi.”  6  Omongané Yéhuwah kuwi murni.+ Kuwi kaya pérak sing diobong ping pitu ing tungku tanah liat* bèn dadi murni.  7  Oh Yéhuwah, Njenengan bakal njaga wong-wong kuwi.+ Nganti saklawasé, Njenengan bakal nglindhungi wong-wong kuwi saka wong jahat.*  8  Wong jahat bébas lunga ing endi waéMerga manungsa ngunggulké tumindak sing bejat.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa mungkin ”tungku sing dienggo nglebur sing didèlèhké ing ndhuwur lemah”.
^ Lit.: ”generasi iki”.