Mazmur 62:1-12

  • Mung Gusti Allah sing isa nylametké

    • ”Aku sabar ngentèni Gusti Allah” (1, 5)

    • ’Critakna kabèh perasaanmu marang Gusti Allah’ (8)

    • Manungsa kuwi mung kaya napas (9)

    • Aja ngendelké harta (10)

Kanggo pemimpin musik: Nurut Yédutun.* Lagu sing digawé Daud. 62  Aku sabar ngentèni Gusti Allah. Dhèwèké sing nylametké aku.+  2  Dhèwèké gunung watuku, sing nylametké aku, lan panggonan berlindung* sing aman.+ Aku bakal terus ngrasa aman.+  3  Nganti kapan kowé terus nyerang kanggo matèni wong?+ Kowé kabèh kuwi bahaya kaya témbok sing miring lan arep ambruk.*  4  Wong-wong kuwi nggawé rencana bèn wong mau kélangan kedudukané sing dhuwur. Wong-wong kuwi seneng ngapusi. Wong-wong kuwi ngucapké berkah, ning sakjané wong-wong kuwi nyumpahi ing njero atiné.+ (Sela)  5  Aku sabar ngentèni Gusti Allah+Merga Dhèwèké kuwi harapanku.+  6  Dhèwèké gunung watuku, sing nylametké aku, lan panggonan berlindung sing aman. Aku bakal terus ngrasa aman.+  7  Gusti Allah nylametké aku lan nggawé aku diajèni. Gusti Allah kuwi gunung watuku sing kuwat lan perlindunganku.+  8  Hé kowé kabèh, kowé kudu terus percaya marang Dhèwèké. Critakna kabèh perasaanmu marang Dhèwèké.+ Gusti Allah kuwi perlindungané awaké dhéwé.+ (Sela)  9  Manungsa kuwi mung kaya napas. Perlindungan saka manungsa kuwi ora isa diendelké.+ Wektu ditimbang, manungsa luwih ènthèng timbang napas.+ 10  Aja mikir kowé isa dadi sugih merga ngapusi wong liya,Lan aja mikir kowé isa éntuk untung merga ngrampok wong liya. Nèk hartamu saya akèh, aja ngendelké hartamu kuwi.+ 11  Aku krungu ping loro Gusti Allah ngomong nèkKekuwatan kuwi asalé saka Gusti Allah.+ 12  Oh Yéhuwah, katresnan* kuwi asalé saka Njenengan,+Lan Njenengan mbales saben wong sesuai karo tumindaké.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”panggonan dhuwur”.
^ Utawa mungkin ”Hé kowé kabèh, dhèwèké kaya témbok sing miring, kaya témbok watu sing arep ambruk”.
^ Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.